Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 60 >> 

1(60-1) Miktam kang isi piwulang, anggitané Dawud, sawisé perang karo bangsa Aram ing Aram-Naharayim lan ing Aram-Zobah. (60-2) Bali saka peprangan mau Yoab, sénapatiné Dawud, ngremuk bangsa Édom ana ing Lebak Asin lan matèni mungsuh rolas èwu. Kaya laguné kidung: Kembang Bakung minangka seksi. (60-3) Dhuh Allah, suwau kawula sampun Paduka tampik, sampun Paduka buyaraken pating slebar. Mergi saking bentèring duka Paduka, mugi kersa mulihaken kawula.

2(60-4) Paduka sampun ngoregaken bumi, mila sitinipun ngantos bengkah. Paduka mugi mulihaken bengkahipun sesampunipun kagonjingaken.

3(60-5) Paduka sampun damel umat Paduka ngalami kasangsaran ageng, kawula sami sempoyongan margi Paduka ombèni anggur ingkang ngendemi.

4(60-6) Tiyang ingkang ngabekti dhateng Paduka, Paduka émutaken, supados sami saged ngoncati panahing mengsah.

5(60-7) Supados para kekasih Paduka sami oncat, mugi Paduka pitulungi kalayan pangwasa. Panyuwun kawula mugi Paduka jurungi!

6(60-8) Allah wis ngandika ana ing Pedalemané, "Sawisé unggul Sikèm bakal Dakpecah-pecah, lan Lebak Sukot bakal Dakedum-edum marang umat-Ku.

7(60-9) Giléad kuwi kagungan-Ku, semono uga Manasyè. Éfraim dadi makutha-Ku lan Yéhuda jungkating keprabon-Ku.

8(60-10) Moab pawisuhan-Ku, marang Édom trumpahku dakuncalaké, minangka pratandha yèn Édom uga kagungan-Ku. Tanah Filistéa uga wis Daktelukaké."

9(60-11) Dhuh Allah, sinten ingkang badhé ngirid kawula mlebet kitha ingkang dipun bètèngi? Sinten ingkang badhé nuntun lampah kawula dhateng tanah Édom?

10(60-12) Menapa mboten Paduka piyambak ingkang sampun nampik kawula, sarta mboten majeng sesarengan kaliyan tentara kawula?

11(60-13) Dhuh Allah, mugi paring pitulungan nglawan dhateng mengsah kawula, awit pambiyantunipun manungsa menika tanpa gina.

12(60-14) Srana pitulungané Allah kita bakal menang, merga Panjenengané piyambak kang bakal nelukaké sakèhé mungsuh kita.



 <<  Mazmur 60 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel