Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 64 >> 

1(64-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. (64-2) Dhuh Allah, mugi kersa miyarsakaken pesambat kawula, kawula kaluwarana saking satru ingkang ambek siya.

2(64-3) Kawula mugi Paduka aling-alingi lan kauwalna saking golonganipun tiyang awon, sarta pangamukipun tiyang duraka.

3(64-4) Ilatipun dipun asah kados pedhang ingkang landhep, lan ngucapaken tembung ingkang nyakitaken manah kados landheping panah,

4(64-5) katujokaken dhateng tiyang mursid saking pandhelikanipun, tanpa welas.

5(64-6) Sami nékad badhé nindakaken piawon, sarta masang kala-jiret ing pandhelikan; pangucapipun, "Sapa sing bakal weruh?"

6(64-7) Sami ngrancang damel piawon, kalayan mungel, "Aku wis padha siap, rancangané wis rampung." Iba lebetipun batos lan pikiranipun manungsa.

7(64-8) Nanging nuli padha dipanah déning Allah, sanalika padha ketaton.

8(64-9) Lan ditumpes déning Allah merga tembungé wong mau dhéwé; saben wong sing weruh padha gèdhèg-gèdhèg.

9(64-10) Mulané wong kabèh padha wedi, sarta nyritakaké pakaryané Allah karo dirasak-rasakaké.

10(64-11) Wong mursid padha seneng karo pangrèhé Allah, lan padha ngungsi marang Panjenengané; wong sing temen atiné bakal padha ngluhuraké.



 <<  Mazmur 64 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel