Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 76 >> 

1(76-1) Kidung masmur anggitané Asaf kanggo pemimpin penyanyi, dibarengi uniné clempung. (76-2) Saben wong ing Yéhuda ngerti Allah iku sapa, asmané diurmati ing Israèl.

2(76-3) Kémahé didegaké ing Salèm, pedalemané ana ing Gunung Sion.

3(76-4) Ana ing kana Panjenengané wis mutungi, panah sing mengkilat, tamèng sarta pedhang, apa déné sarupané gegamaning perang.

4(76-5) Dhuh Allah, agunging kamulyan Paduka ngungkuli paredèn ingkang sampun wonten wiwit jaman kina mila.

5(76-6) Prejurit kendel-kendel sami kablèjédan, lan nemahi tiwas, karosan lan ketrampilanipun mboten kanggé.

6(76-7) Dhuh Allahipun Yakub, margi saking paukuman Paduka, kapal lan ingkang numpaki sami pejah.

7(76-8) Paduka menika nggegirisi! Sinten ingkang betah ngadhepi Paduka menawi Paduka ngleresi duka?

8(76-9) Paduka ndhawahaken kerampunganing pengadilan saking swarga, salumahing bumi sami ajrih blangkemen.

9(76-10) Allah jumeneng ndhawahaken paukuman, kersa mitulungi sakathahing tiyang kesrakat wonten ing bumi.

10(76-11) Brangasanipun manungsa wekasanipun namung badhé damel tambahing pamuji kagem asma Paduka; kekantunaning tiyang ingkang medal saking peprangan menika badhé memuji asma Paduka.

11(76-12) Punagimu marang Pangéran padha luwarana; padha nyaosna pisungsungmu marang Panjenengané. Hé sakèhé bangsa kang ana ing sakiwa-tengené. Panjenengané pantes disaosi pakurmatan.

12(76-13) Kang ngasoraké para penggedhé; lan ndadèkaké para raja ing bumi gemeter.



 <<  Mazmur 76 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel