Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 8 >> 

1(8-1) Masmur anggitané Dawud, kanggo pemimpin penyanyi, kaya laguné Gitit. (8-2) Dhuh Allah, Gusti kawula, iba mulyaning asma Paduka ing salumahing bumi! Kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langit sami dipun luhuraken srana kekidungan.

2(8-3) Dalah bayi ingkang taksih nesep sami tumut memuji. Paduka kagungan pangwasa kanggé mbungkem para satru Paduka, sarta nyegah tiyang ingkang badhé males awon.

3(8-4) Menawi kawula tumenga ing langit, ningali pakaryaning asta Paduka, nyawang dhateng rembulan lan lintang-lintang ingkang Paduka tata.

4(8-5) Menapa ta ajinipun manungsa, déné Paduka èngeti? Manungsa kanggé menapa, déné Paduka opèni?

5(8-6) Piyambakipun Paduka dadosaken kaot sekedhik ajinipun kaliyan Paduka, sarta Paduka ganjar kadrajatan lan kamulyan?

6(8-7) Piyambakipun Paduka paringi pangwasa mengku para titah Paduka; sarta samukawis Paduka telukaken ing sangandhaping tlapakanipun;

7(8-8) inggih sakathahing ménda, lembu dalah sato kéwan ing ara-ara,

8(8-9) peksi ing awang-awang lan ulam ing seganten, lan sedaya tumitah ingkang wonten ing telenging samodra.

9(8-10) Dhuh Allah, Gusti kawula, iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi!



 <<  Mazmur 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel