Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 80 >> 

1(80-1) Masmur anggitané Asaf kanggo pemimpin penyanyi. Laguné kaya kidung: Kembang Bakung. (80-2) Dhuh Pangéran, Pangènipun bangsa Israèl, mugi miyarsakaken, Paduka ingkang nggiring turunipun Yusuf kados ménda! Paduka ingkang nitih kerub, mugi kersa ngetingalaken cahya Paduka

2(80-3) wonten ing ngajengipun Éfraim lan Bènyamin saha Manasyè! Mugi kersa ngetingalaken pangwasa Paduka, saha mitulungi kawula.

3(80-4) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka pulihaken. Mugi Paduka ngetingalaken sih-kadarman Paduka, temah kawula badhé sami wilujeng.

4(80-5) Dhuh Allah, Ratuning jagad, ngantos pinten laminipun pandonganipun umat Paduka anggènipun kacegah déning paukuman Paduka?

5(80-6) Para umat sami Paduka paringi nedha roti kaworan luh, sarta Paduka ombèni luh ngantos lubèr-lubèr.

6(80-7) Bangsa-bangsa sakubeng kawula sami perang rebatan ndarbèki negari kawula. Bangsa-bangsa menika sami moyoki kawula.

7(80-8) Dhuh Allah, Ratunipun jagad, kawula mugi Paduka pulihaken; mugi ngetingalaken sih-kadarman Paduka, murih kawula sami wilujeng.

8(80-9) Kala rumiyin Paduka ngasta wit anggur saking tanah Mesir, bangsa-bangsa ing ngriki Paduka tundhung, tanahipun lajeng Paduka tanemi wit anggur wau.

9(80-10) Sitinipun Paduka cawisaken, oyodipun nancep lebet ing siti, mila enggènipun ngrembaka ngebaki negari.

10(80-11) Ronipun ngantos ngéyubi redi-redi, carang-carangipun ngantos sami mrambat dhateng wit arès kagunganipun Allah.

11(80-12) Oyoding pangipun ngantos dumugi ing Seganten Tengah, sarta lungipun ngantos dumugi Bengawan Éfrat.

12(80-13) Kénging menapa pageripun Paduka jugrugaken, ngantos saben tiyang ingkang langkung ngrampasi?

13(80-14) Andhapan sami nggangsiri, lan kéwan ing ara-ara sami nyengguti.

14(80-15) Dhuh Allah, Ratuning jagad, Paduka mugi kersa wangsul, kersa mirsani saking swarga, saha nggalih dhateng wit anggur menika!

15(80-16) Mugi Paduka tuwèni, wit tanemané asta Paduka ingkang sampun dados ageng menika.

16(80-17) Wit menika dipun besmi lan dipun babad déning mengsah; mugi mengsah menika Paduka dhawahi paukuman sarta Paduka tumpes!

17(80-18) Umat ingkang sampun Paduka pilih menika mugi Paduka reksa; bangsa menika sampun Paduka rimati ngantos kiyat.

18(80-19) Mila kawula badhé mboten sami murtad dhateng Paduka malih. Kawula sami kalestantunaken gesang supados kawula sami ngluhuraken asma Paduka.

19(80-20) Dhuh Allah, Ingkang Mahakwasa, mugi ngetingalaken sih-kawelasan Paduka, murih kawula sami manggih wilujeng.



 <<  Mazmur 80 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel