Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 84 >> 

1(84-1) Masmur anggitané bani Korakh, kanggo pemimpin penyanyi. Kaya laguné kidung: Gitit, dibarengi nganggo uniné clempung. (84-2) Dhuh Allah Ratuning jagad, saiba kesengseming manah kawula dhateng Pedaleman Paduka.

2(84-3) Nyawa kawula ngengleng margi saking kangen dhateng Plataranipun Allah. Raga lan sukma kawula kalayan bingah sami ngajeng-ajeng dhateng Allah ingkang gesang.

3(84-4) Peksi gréja kémawon sami damel susuh ing Pedaleman Paduka, peksi kedhali sami gadhah panggènan kanggé nyèlèhaken anakipun, celak kaliyan mesbèh Paduka, dhuh Allah, Ratuning jagad, inggih Ratu kawula lan Allah kawula.

4(84-5) Rahayu tiyang ingkang manggèn wonten ing Pedaleman Paduka, lan tansah ngluhuraken Paduka.

5(84-6) Rahayu tiyang ingkang nampi kekiyatan saking Paduka, ingkang sami kepéngin jiarah dhateng Gunung Sion.

6(84-7) Samasa lampahipun dumugi Lembah Baka, lembah wau dados kados siti ingkang kebak tuk, inggih kados jawah kawitan ing mangsa rendheng, ingkang mbekta berkah.

7(84-8) Lampahipun saya dangu saya rosa, ngantos dumugi ing Sion; sedaya lajeng sami sowan ing ngarsanipun Allah.

8(84-9) Dhuh Allah, Allahé langit lan bumi, mugi miyarsakaken pandonga kawula; mugi nilingaken, dhuh Allahipun Yakub!

9(84-10) Dhuh Allah, tetamèng kawula, Paduka mugi kersa mirsani pasemonipun raja ingkang Paduka jebadi!

10(84-11) Saèstunipun manungsa sedinten kémawon wonten ing Plataran Paduka, menika langkung sekéca ketimbang kaliyan sèwu dinten wonten ing panggènan sanès. Langkung sekéca tengga kori ing Pedalemanipun Allah kawula, ketimbang kaliyan manggèn wonten griyanipun tiyang duraka.

11(84-12) Gusti Allah iku tetamèng lan kaluhuranku, Panjenengané kang paring sih-rahmat lan kamulyan. Wong kang lakuné kalawan temen mesthi kaparingan samubarang kang becik.

12(84-13) Dhuh Allah, Ratuning jagad, rahayu tiyang ingkang pitados dhumateng Paduka.



 <<  Mazmur 84 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel