Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 87 >> 

1Masmur anggitané bani Korakh. Allah mbangun kuthané ana ing gunung suci;

2Allah ngasihi kutha Yérusalèm, ngungkuli kutha-kutha Israèl liyané.

3Hé kuthané Allah, akèh prekara-prekara becik sing misuwur ana ing tengahmu.

4Aku nyebut Mesir lan Babil ing antarané wong-wong kang padha nganggep marang Aku. Semono uga Filistéa, Tirus lan Étiopia iku lairé padha ana ing Sion.

5Mungguh Sion, bakal kawartakaké; sakèhé bangsa iku asalé saka Sion, lan Panjenengané, Kang Mahaluhur, iku kang gawé sentosané bangsa-bangsa mau.

6Gusti Allah nyathet sakèhé bangsa-bangsa lan kabèh kepétung dadi wargané Yérusalèm.

7Kabèh bakal padha memuji lan jejogèdan karo muni mengkéné, "Sion kuwi etuking sakèhing berkah kita."



 <<  Mazmur 87 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel