Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 9 >> 

1(9-1) Masmur anggitané Dawud kanggo pemimpin penyanyi. Kaya laguné kidung: Patiné anak lanang. (9-2) Kawula badhé saos sokur dhateng Allah kalayan gumolonging manah; kawula badhé nyariyosaken sawernining kaélokan Paduka.

2(9-3) Kawula badhé bingah-bingah margi saking Paduka, tuwin ngidungaken masmur kanggé ngluhuraken asma Paduka, dhuh Allah Ingkang Mahaluhur.

3(9-4) Sebab satru kawula sami mundur, sami rebah lan sirna ing ngarsa Paduka.

4(9-5) Awit Paduka mbélani prekawis kawula sarta paring kemenangan, kados hakim ingkang adil, Paduka lenggah ing dhampar.

5(9-6) Bangsa-bangsa sampun Paduka dhawahi paukuman lan tiyang awon sampun Paduka tumpes, namanipun mboten badhé kocap malih, ing selajengipun lan ing selami-laminipun.

6(9-7) Satru kawula sampun telas sirna, kithanipun sampun Paduka gempur, ngantos sirna lan mboten dipun èngeti malih.

7(9-8) Nanging Allah ngedhaton ing selami-laminipun. Dhamparé didegaké kanggo nindakaké pangrèhé.

8(9-9) Panjenengané ngadili jagad kalayan adil, lan ngadili bangsa-bangsa kalayan kabeneran.

9(9-10) Dadiné Allah jumeneng pangungsèné wong sing kesrakat. Pangungsèn samasa ati krasa rupek.

10(9-11) Tiyang ingkang wanuh dhateng Paduka menika sami kumandel dhateng Paduka. Tiyang ingkang madosi Paduka mboten naté Paduka tégakaken, dhuh Allah.

11(9-12) Memujia kalawan masmur konjuk marang Allah, kang ngedhaton ana ing Sion! Pakaryané wartakna marang para bangsa!

12(9-13) Merga Panjenengané kang malesaké getih kang kawutahaké, iya ngèngeti wong sing disiya-siya; ora supé marang pesambaté.

13(9-14) Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, mugi mirsani dhateng kasangsaran kawula, margi saking pendamelipun satru kawula; mugi Paduka ngluwari kawula saking pejah, dhuh Allah.

14(9-15) Supados kawula sami nyariyosaken sedaya pakaryan Paduka ingkang élok, lan sami surak-surak wonten ing ngajengipun tiyang-tiyang ing Yérusalèm awit saking pitulungan Paduka.

15(9-16) Bangsa-bangsa sami kecemplung ing luwangan ingkang dipun damel piyambak, sukunipun sami kesrimpung ing jiret ingkang dipun pasang piyambak.

16(9-17) Gusti Allah wis nglairaké sarirané lan wis ndhawahaké paukumané; wong ala kejiret déning penggawéné dhéwé.

17(9-18) Wong lamis iku marani pati, yakuwi sakèhé bangsa kang sungkan ngabekti marang Allah.

18(9-19) Awit ora ing selawasé wong mlarat ditégakaké, pengarep-arepé wong sangsara ora ilang ing selawasé.

19(9-20) Dhuh Allah, mugi kersa jumeneng, manungsa sampun ngantos ngendelaken badanipun piyambak; bangsa-bangsa mugi Paduka adili ing ngarsa Paduka!

20(9-21) Supados sami ajrih, dhuh Allah, mila badhé sami ngakeni, bilih piyambakipun menika namung manungsa kémawon.



 <<  Mazmur 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel