Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nahum 2 >> 

1Ninewé, kowé saiki lagi diserang! Kekuwatan sing arep ngrusak kowé wis teka! Bètèng-bètèngmu sèlèhana wong jaga! Jaganen dalan-dalanmu! Tata-tataa ngadhepi peprangan!

2(Pangéran wis cepak-cepak arep mbangun kaluhurané Israèlmenèh, kadadèkaké kaya biyèn sadurungé dirampog déning mungsuh.)

3Tentarané mungsuh padha nggawa tamèng abang, lan nganggo pakéan seragam abang. Wis padha samekta arep nyerang! Kréta-krétané perang mengkilat kaya geni! Jaran-jarané padha selak ora sabar!

4Krétané perang padha mbalap bolak-balik ing dalan-dalan menyang alun-alun, abyor kaya obor lan gesit kaya thathit.

5Para perwira wis padha diabani; nanging bareng maju padha kesandhung. Énggal-énggal padha nyerbu bètèng, banjur masang piranti sing kanggo njebol gapura.

6Lawanging gapura sing cedhak kali wis jebol; wong-wong ing kedhaton padha giris.

7Sang pramèswari dicekel kadadèkaké tawanan; para abdiné wadon padha sesambat kaya manuk dara, karo tebah-tebah dhadha merga saka susahé.

8Kaya carané banyu saka bendungan sing jebol wong padha gemrudug metu saka Ninewé! Ana swara sing bengok-bengok, "Mandhega! Mandhega!" Nanging ora ana sing mandheg lan bali.

9Padha ngrayaha slaka! Padha ngrayaha emas! Kutha iki kebak raja-brana!

10Ninewé wis dadi gempuran, suwung lan sepi mamring! Atiné wong saka wediné presasat lèlèh; dhengkul-dhengkul padha gemeter. Kekuwatan wis ilang babar-pisan, wong kabèh padha pucet tanpa cahya.

11Ninewé wis ora katon kutha, malah wis kaya guwa panggonané singa! Panggonané singa enom padha disusoni; senajan singa lanang lan singa wadon padha lunga, anak-anaké ditinggal, éwasemono aman.

12Singané olèh mangsan, banjur disempal-sempal, diwènèhaké marang sing wadon lan anak-anaké. Guwané dikebaki mangsan.

13Pangéran Kang Mahakwasa ngandika, "Aku iki mungsuhmu. Kréta-krétamu bakal Dakobong, tentaramu bakal mati ing peprangan, lan barang-barang olèh-olèhané enggonmu nyolong saka wong liya, bakal Dakpundhut kabèh. Pangwasamu ing jagad bakal ora kocap menèh."



 <<  Nahum 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel