Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 11 >> 

1Dhuwitmu tanjakna kanggo dedagangan ing manca negara, supaya ing tembé olèh bathi akèh.

2Dhuwitmu tanjakna kanggo miwiti nindakaké pangudi werna-werna, sebab kowé ora ngerti apa sing bakal kelakon ana ing donya kéné.

3Wit bisa rubuh mrana utawa mréné, nanging sing mesthi nggluntung ana ing panggonan rubuhé. Yèn mendhung ngemu banyu, mesthi ing bumi bakal udan deres.

4Sing sapa ngentèni angin utawa mangsa sing cocog, mesthi ora bakal sida nyebar, mula ora bakal ngundhuh apa-apa.

5Kaya upamané kowé ora ngerti lakuné angin, utawa ora ngerti dadiné urip anyar ana ing wetengan, mengkono uga kowé ora ngerti pakaryané Allah kang nitahaké samubarang.

6Wijimu sebaren ing wayah ésuk lan ing wayah soré, merga kowé ora ngerti apa wiji mau bakal thukul kabèh utawa sebaran sing siji luwih becik ketimbang karo sebaran sing sijiné.

7Becik yèn bisa nikmati padhanging raina sing mbungahaké.

8Saosa panuwun ing ngatasé saben taun sing ditambahaké ing umurmu. Pira dawané umurmu kowé ora ngerti, nanging sing mesthi pati sing bakal kita alami kuwi luwih suwé, mangka ana ing kana ora ana sing kita arep-arep.

9Hé wong nom, nikmatana enggonmu dadi wong nom. Bungaha sajroné kowé isih nom. Turutana kekarepanmu, lan apa pepénginané atimu lakonana. Anggeré kowé tansah éling yèn Allah bakal ngadili kowé ing bab sedhéngah prekara sing koktindakaké.

10Buwangen samubarang sing gawé sedhihing atimu lan singkirna apa sing bisa njalari kowé nandhang lara. Sebab enggonmu dadi wong nom kuwi ora suwé.



 <<  Pengkhotbah 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel