Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 12 >> 

1Sajroné dadi wong nom élinga marang kang nitahaké kowé, sadurungé ketekan dina sial lan taun-taun sing njalari kowé muni, "Aku wegah urip."

2Yakuwi samasa padhangé srengéngé, rembulan lan lintang-lintang dadi remeng-remeng kanggoné kowé, lan udané ora terang-terang.

3Ing mangsa kuwi tangan sing kokenggo ngreksa awakmu bakal buyuten, lan sikilmu sing saiki rosa bakal dadi ringkih. Untumu bakal mung kari sawetara, mula ora bisa kanggo mamah panganmu, sarta mripatmu wis ora awas kanggo ndeleng.

4Kupingmu bakal dadi budheg, nganti ora krungu raméné swara sing ana ing dalan. Kowé bakal mèh ora krungu swarané wong nutu, utawa swarané tetabuhan, malah swarané manuk sing padha ngocèh ora bakal mbribèni enggonmu turu.

5Kowé bakal awang-awangen munggah ing panggonan sing dhuwur, lan lakumu bakal sempoyongan. Rambutmu bakal putih mabluk, lan lakumu bakal karo rambatan. Kowé bakal ora duwé pepénginan apa-apa menèh. Kowé bakal digawa menyang papan pengasoanmu sing pungkasan, lan sedalan-dalan ditangisi.

6Ranténé slaka bakal pedhot, lampuné kencana bakal tiba ambyar, lan kendhiné wadhah banyu bakal remuk.

7Awak kita bakal bali dadi lebuning bumi sarta roh kita bakal bali marang Allah kang maringaké marang kita.

8Tanpa guna, samubarang kabèh kuwi tanpa guna.

9Sarèhné Juru Khotbah kuwi wong wicaksana, mulané ora lèrèn-lèrèn mulangaké kawruhé marang bangsané. Panjenengané nyinau bebasan-bebasan pirang-pirang, ditliti kalawan jujur bener lan orané.

10Juru Khotbah ngudi nemokaké tembung-tembung sing kepénak dirungokaké, lan apa sing bener, banjur ditulis kanthi jujur.

11Bebasan anggitané wong wicaksana kuwi padhané teken lancip sing dienggo pangon ngengon wedhusé. Wulang Bebasan sing diklumpukaké kuwi awèt lan jero nancepé ing ati kaya pantèk sing kukuh enggoné dianjingaké. Bebasan sing mengkono mau peparingé Allah, kang jumeneng Pangoning manungsa kabèh.

12Kejaba kuwi hé anakku, sing waspada! Nganggit buku kuwi ora ana entèké, lan sinau akèh kuwi ngeselaké awak.

13Ringkesé apa sing kokrungu kabèh mau mung saprekara, yakuwi: Ngabektia marang Allah lan lakonana dhawuhé, sebab kuwi maksudé enggonmu dititahaké.

14Gusti Allah bakal ngadili sakèhé penggawé kita, iya sing becik utawa sing ala, malah sing samar pisan.



 <<  Pengkhotbah 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel