Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 3 >> 

1Samubarang kabèh sing kelakon ing donya iki kelakoné ing wektu sing katetepaké déning Allah.

2Panjenengané sing netepaké wektuné wong nandur lan wektuné wong mbedhol tanduran mau.

3Wektuné wong matèni lan wektuné wong marasaké; wektuné wong ngrubuhaké lan wektuné wong mbangun.

4Panjenengané sing netepaké mangsané nandhang susah lan mangsané bungah-bungah; mangsané sesambat lan mangsané jejogèdan.

5Mangsané mbangun tresna, lan mangsané pepisahan; mangsané rerangkulan lan mangsané ngeculaké rangkulan.

6Panjenengané netepaké mangsané golèk lan mangsané kélangan; mangsané nyèlèngi lan mangsané mbuwang.

7Ana mangsané nyuwèk lan ana mangsané ndondomi; ana mangsané meneng lan ana mangsané guneman.

8Panjenengané netepaké mangsané nresnani lan mangsané nyengiti; mangsané perang lan mangsané rukun.

9Wong sing nyambut-gawé olèh hasil apa saka kangèlané?

10Aku wis nitèni momotan abot sing diparingaké Allah marang kita.

11Panjenengané nitahaké samubarang kang becik ing wektu sing ditetepaké, malah ndunungaké urip langgeng ing atiné manungsa, nanging wong ora diparingi kawruh kanggo njajagi pakaryané Allah sasampurnané.

12Dadi sing apik dhéwé kanggoné manungsa kuwi yèn bisa urip kanthi seneng lan gawé becik selawasé isih urip.

13Kita kabèh kudu padha mangan lan ngombé sarta ngrasakaké kanikmataning pametuné olèhé nyambut-gawé. Kuwi kabèh ganjaran peparingé Allah.

14Aku ngerti yèn apa sing ditindakaké Allah kuwi langgeng selawasé, ora kena ditambahi lan ora kena dielongi, mangka enggoné mengkono mau supaya wong padha wedia marang Panjenengané.

15Apa sing saiki ana kuwi biyèn wis ana, lan apa sing mbésuk bakal ana, ing mauné iya wis ana. Apa sing biyèn ana dianakaké menèh déning Allah, mengkono saterusé.

16Kejaba kuwi aku wis nitèni, yèn ing donya kéné panggonan sing mesthiné dadi papané keadilan, malah ora ana keadilan.

17Osiké atiku mengkéné, "Gusti Allah bakal ngadili wong mursid lan wong ala tanpa mbédak-mbédakaké, merga saben prekara lan saben penggawé padha katemtokaké mangsané."

18Manut panemuku, kita kabèh padha didadar déning Allah, kanggo nélakaké yèn satemené kita iki ora luwih becik tinimbang kéwan.

19Dikapak-kapakna nasibé manungsa ora béda karo nasibé kéwan. Loro-loroné padha ngalami mati. Sakaro-karoné padha kaparingan urip. Manungsa ora luwih unggul tinimbang kéwan, sebab samubarang kabèh kuwi tanpa guna.

20Sakaroné bali dadi lebu.

21Sapa ta sing weruh yèn nyawané manungsa munggah menyang swarga lan nyawané kéwan medhun menyang sangisoré bumi?

22Miturut panemuku sing apik dhéwé kanggoné manungsa yakuwi menawa wong mau kalawan bungah ngrasakaké kanikmatan saka hasiling pegawéané. Liyané kuwi kita ora bisa apa-apa. Sebab sapa sing bisa awèh weruh apa sing bakal kelakon sawisé kita mati?



 <<  Pengkhotbah 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel