Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 4 >> 

1Aku banjur nitèni lelakon-lelakon sing ora adil ana ing donya. Wong sing katindhes padha nangis, nanging ora ana sing nulungi. Ora ana sing nulung, merga wong sing nindhes padha duwé pangwasa.

2Mulané aku ngarani wong sing wis mati suwé kuwi luwih begja tinimbang wong sing saiki isih urip,

3nanging luwih begja menèh tinimbang wong-wong mau kabèh, wong sing durung tau dilairaké, merga wong kuwi ora tau nyipati panyia-nyia sing kelakon ana ing donya iki.

4Aku iya nitèni wong padha nyambut-gawé abot, kepéngin olèh gawé, merga mèri karo kancané. Nanging kuwi iya tanpa guna lan padha karo mburu angin.

5Ana sing muni mengkéné, "Wong sing mung sedhakep waé kuwi bakal mati kaliren."

6Bisa uga mengkono. Nanging luwih becik duwé barang sethithik kalawan ati tentrem, ketimbang tangan loro kanggo mburu angin.

7Aku iya weruh prekara liyané menèh sing tanpa guna ing donya iki.

8Ana wong sing urip ijèn. Ora duwé anak lanang, lan ora duwé sedulur lanang. Éwasemono wong mau nyambut-gawé sakatogé, durung marem karo kasugihané. Wong kuwi nyambut-gawé kanggo sapa, lan apa paédahé gawé rekasa awaké, nyingkiri kepénaké awak? Apa kuwi ora tanpa guna lan nyiksa awak?

9Becik wong loro bebarengan ketimbang ijèn, sebab wong loro sing bebarengan asilé nyambut-gawé luwih akèh.

10Yèn salah siji tiba, sijiné bisa nangèkaké. Nanging wong sing ijèn, yèn tiba, ora ana sing nulungi.

11Mengkono uga wong loro menawa bebarengan turu, awaké padha dadi anget, nanging wong ijèn bisané anget kepriyé?

12Wong loro wani nglawan samasa dirodha-peksa, nanging wong ijèn ora wani. Tali sing tamparé telu ora gampang pedhot.

13Luwih becik nonoman miskin sing wicaksana, ketimbang karo raja tuwa sing gemblung, sing ora kena dikandhani.

14Sebab nonoman sing dikunjara déning raja mau sametuné saka kunjara banjur dadi raja.

15Aku mikir-mikir bab wong-wong sing padha urip ing donya iki. Manut panemuku wong akèh mau padha rujuk karo nonoman sing kepéngin nggentèni raja tuwa kuwi.

16Tanpa wilangan cacahé kawulané, nanging yèn raja sing kèri mau iya séda, ora ana wong sing ngaturaké panuwun marang lelabeté. Kuwi kabèh tanpa guna, lan padha waé karo mburu angin.



 <<  Pengkhotbah 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel