Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Pengkhotbah 8 >> 

1Mung wong wicaksana ngerti maknaning prekara sing satemené. Kawicaksanan njalari ulaté sing peteng dadi sumèh.

2Ngèstokna dhawuhé Sang Prabu, merga kowé wis sumpah ing ngarsané Allah. Aja kesusu nglairaké punagi ana ing ngarsané Allah.

3Sang Prabu bisa nindakaké apa waé sakersané, mulané aja cedhak-cedhak karo panjenengané. Ngedoha saka panggonan sing mbebayani mau.

4Sang Prabu tumindak nganggo pangwasa; lan ora ana wong sing wenang mbantah!

5Yèn kowé ngèstokaké dhawuhé, kowé bakal slamet; lan wong wicaksana ngerti wektuné lan carané tumindak mengkono.

6Samubarang kabèh kuwi ana mangsané lan ana carané sing cocog, nanging kita kerep ora ngerti!

7Kita ora ngerti apa sing bakal kelakon, lan ora ana wong siji-sijia sing bisa awèh weruh marang kita.

8Ora ana wong sing bisa nyegah tekané pati utawa nganyang dina ajalé. Kita ora bisa lolos saka prekara mau senajan srana patrap julig.

9Bareng aku ngrasak-ngrasakaké sakèhé lelakon ing donya iki, aku banjur nitèni yèn ing donya kéné ana wong sawetara sing duwé pangwasa lan sawetara wong menèh sing nandhang sengsara, merga panindhesé wong sing duwé pangwasa mau.

10Aku weruh ana wong ala sing dipendhem lan ngaso ana ing kuburé, nanging wong mursid padha ditundhung saka panggonan suci lan dilalèkaké déning wong-wong ing kuthané. Apa sing mengkono kuwi ora tanpa guna?

11Sarèhné piala ora énggal diukum, akèh wong sing banjur kepéngin nindakaké piala.

12Senajan gawé piala kaping satus, wong ala mau isih lestari urip. Éwasemono aku duwé keyakinan mengkéné: Sapa wong sing ngabekti marang Allah kalawan wedi asih mesthi padha nemu slamet.

13Nanging wong duraka bakal ora nemu keslametan. Uripé ora dawa, mung kaya ayang-ayangan liwat, merga ora ngèstokaké dhawuhing Allah. Jebul keyakinanku mau ora cocog.

14Delengen apa sing kelakon ana ing donya. Kerep waé wong mursid ngalami ngrekasa, lan wong duraka malah tampa ganjaran sing mesthiné kanggo wong mursid. Apa kuwi ora tanpa guna?

15Mulané aku saiki yakin yèn manungsa kudu ngepénakaké uripé srana mangan lan ngombé, sebab mung kuwi sing kena dirasakaké minangka pikolèhé panyambut-gawéné sajroning urip sing dadi peparingé Allah marang wong mau ana ing donya.

16Nalika aku kepéngin ngerti kawicaksanan lan nyawang lelakon sing ana ing donya kéné, aku ngrumangsani, senajan daklakoni melèk rina lan wengi,

17aku ora bakal ngerti pakaryané Gusti Allah ana ing donya kéné. Kaya apa waé olèhmu mersudi, kowé ora bakal mudheng. Wong wicaksana bisa uga muni bisa, nanging nyatané ora.



 <<  Pengkhotbah 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel