Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 14 >> 

1Sedulurmu sing ringkih precayané kuwi tampanana, lan aja kokajak dhébatan bab panemuné dhéwé.

2Ana wong precaya sing duwé penemu, yèn dhèwèké mono bébas, kena mangan apa waé. Nanging ana wong sing imané ringkih, sing mung mangan sayuran thok.

3Wong sing rumangsa bébas olèh mangan apa waé, kuwi aja ngina marang wong sing ora mangan kaya mengkono, lan wong sing mung mangan sayuran, aja nyalahaké marang wong sing mangan panganan apa waé, sebab Gusti Allah wis marengaké wong mau mangan mengkono.

4Kowé kuwi sapa ta, déné arep nyalahaké abdiné wong liya? Mung bendarané wong kuwi dhéwé sing wenang netepaké, apa wong mau tangi apa tiba, bener apa luput. Yèn wong mau tangi utawa bener, kuwi merga Gusti Yésus sing maringi kabisan marang wong mau.

5Ana wong sing nganggep dina sing siji luwih becik ketimbang karo dina liyané, nanging uga ana wong sing duwé penganggep, yèn dina kuwi padha waé. Kabèh padha manut pangrasané dhéwé-dhéwé.

6Wong sing nganggep dina sing siji luwih aji ketimbang karo dina liyané, kuwi enggoné duwé panemu mengkono merga ngurmati marang Gusti Yésus. Lan wong sing mangan sabarang panganan, kuwi iya merga ngurmati marang Gusti Yésus, sebab wong mau saos panuwun marang Gusti Allah. Semono uga wong sing ora mangan sabarang panganan, iya kanggo atur panuwun marang Gusti Allah.

7Ora ana panunggalan kita sing urip utawa mati mung mligi kanggo awaké dhéwé.

8Yèn kita urip, urip kita kuwi kagem Gusti, lan yèn kita mati, pati kita uga kagem Gusti. Apa kita urip, apa mati, kita tetep dadi kagungané Gusti.

9Sebab Sang Kristus séda lan wungu supaya dadi Gustiné wong urip lan wong mati.

10Yèn mengkono, apa sebabé kowé nyalahaké sedulurmu? Apa sebabé kowé ngina marang sedulurmu? Kita kabèh rak bakal padha ngadhep ing ngarsané Gusti Allah, lan bakal diadili déning Panjenengané?

11Sebab ing Kitab Suci katulis: "Satemené," mengkono pangandikané Gusti Allah, "saben wong bakal sujud ing ngarsa-Ku; lan saben wong bakal ngakoni yèn Aku iki Allah."

12Yèn mengkono, kita bakal ngaturaké penjawab ijèn-ijèn ana ing ngarsané Gusti Allah.

13Yèn mengkono beciké kita aja padha nyalahaké siji lan sijiné. Aluwung kita aja padha nindakaké apa-apa, sing sekira bisa marakaké sedulur kita kesasar utawa tumiba ing dosa.

14Merga saka enggonku tetunggilan karo Gusti Yésus, aku bisa nemtokaké yèn ora ana barang apa waé sing najis saka karepé dhéwé, nanging yèn ana wong sing nganggep sawenèhing barang kuwi najis, barang kuwi tumrap wong mau nuli najis.

15Yèn srana enggonmu mangan panganan gawé laraning atiné sedulurmu, tumindakmu kuwi wis ora adhedhasar katresnan. Enggonmu mangan kuwi aja nganti njalari wong liya kesasar, sebab Sang Kristus wis nglampahi séda kanggo wong mau.

16Aja nganti prekara sing kokanggep becik, kuwi dadi dianggep ala déning wong liya.

17Sebab Kratoné Gusti Allah kuwi dudu prekara mangan lan ngombé, nanging prekara bebeneran, katentreman lan kabungahan peparingé Sang Roh Suci.

18Sing sapa ngladèni Sang Kristus nganggo patrap mengkono, kuwi gawé renaning penggalihé Gusti Allah, lan diajèni déning pepadhané.

19Mulané selawasé kita ngaraha nindakaké prekara-prekara sing gawé pirukun, sarta sing saya nyantosakaké precayané siji lan sijiné.

20Kowé aja padha mbubrah pakaryané Gusti Allah mung merga prekara pangan. Kabèh pangan kuwi kalal, nanging saupama mangan barang sing marakaké wong liya tumiba ing dosa, kita dadi salah.

21Luwih becik aja mangan daging, utawa aja ngombé anggur, utawa aja nindakaké apa waé sing marakaké sedulurmu tumiba ing dosa.

22Luwih becik keyakinanmu kuwi koksimpen ing atimu dhéwé lan mung disumurupi déning kowé dhéwé lan Gusti Allah. Begja wong sing ora digugat déning atiné dhéwé, samangsa wong mau nindakaké sawijining prekara sing diwawas becik.

23Nanging wong sing sadurungé mangan atiné wis mangu-mangu dhisik, yèn sida mangan wong kuwi bakal kaukum déning Gusti Allah, sebab pamangané mau ora metu saka ing precaya. Lan samubarang sing ora adhedhasar precaya kuwi dosa.



 <<  Roma 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel