Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 16 >> 

1Aku kepéngin nepungaké kowé karo Fébé, sedulur wanita sing leladi ana ing pasamuwan Kèngkréa.

2Demi patunggilan kita karo Gusti Yésus, sedulur kuwi tampanana ing samesthiné kaya sing padha katindakaké déning umaté Gusti Allah. Fébé mau wènèhana pitulungan apa waé sing dibutuhaké, sebab Fébé dhéwé wis mitulungi wong akèh, klebu aku dhéwé.

3Aku kirim salam kanggo Priskila lan Akwila, kancaku tunggal gawé ana ing ayahané Gusti Yésus Kristus,

4kang wis ngetohaké nyawané kanggo mitulungi aku. Ora mung aku dhéwé waé, malah uga sakèhing pasamuwan dudu Yahudi padha kepotangan kabecikan karo wong loro kuwi.

5Uga salamku marang pasamuwan-pasamuwan sing padha kumpulan ana ing omahé. Salam marang sedulurku Épénétus, sing daktresnani, wong kawitan sing dadi Kristen ing tanah Asia.

6Salamku marang Maria, sing wis nyambut-gawé akèh kanggo kowé.

7Salam marang Andronikus lan Yunias, kancaku tunggal bangsa sing mèlu dikunjara bebarengan karo aku; wong loro kuwi padha kajèn ing antarané para rasul, lan enggoné dadi Kristen malah luwih dhisik ketimbang aku.

8Salamku marang Ampliatus, sing daktresnani ana ing patunggilané Gusti.

9Uga marang Urbanus, kancaku tunggal ayahan ana ing Sang Kristus. Sarta marang Stakhis, mitraku sing daktresnani.

10Salam marang Apèlès, sing setya banget marang Gusti Kristus. Uga salam kanggo brayaté Aristobulus,

11lan marang Hérodian, sedulurku tunggal bangsa. Salam marang sedulur-sedulur Kristen sing ana ing brayaté Narkisus.

12Salamku uga marang Triféna lan Trifosa, sing padha nyambut-gawé akèh kanggo ngladosi Gusti, lan salam marang Pèrsis, sing daktresnani, sing wis akèh banget labeté ana ing pakaryané Gusti.

13Aku kirim salam marang Rufus, abdi sing utama dhéwé ing ayahané Gusti, lan salam marang ibuné, sing salawasé ngrengkuh aku kaya anaké dhéwé.

14Salamku marang Asinkritus, Flégon, Hèrmes, Patrobas, Hèrmas, sarta para sedulur Kristen liyané sing ana ing pepanthan kono.

15Salam marang Filologus lan Yulia, marang Nérus lan mbakyuné, marang Olimpas lan marang umaté Gusti Allah sing ana ing pepanthan kono.

16Padha anduma salam paseduluran, pasamuwan-pasamuwané Sang Kristus padha kirim salam marang kowé.

17Para sedulurku, aku weling supaya kowé padha waspada ing ngatasé wong sing padha nekakaké crah lan mbuyaraké kaprecayan lan sing padha memulang cengkah karo piwulang sing wis padha koktampa. Wong-wong sing kaya mengkono kuwi singkirana.

18Sebab wong-wong sing kaya mengkono mau ora ngladosi Gusti Yésus Kristus, nanging nggugu karepé dhéwé. Wong-wong mau padha ngapusi wong sing kaprecayané lugu, srana tembung, pengalem lan pangrimuk.

19Saben wong wis padha ngerti bab kasetyanmu marang Injil, lan ing bab prekara kuwi aku rumangsa begja. Pengarep-arepku kowé padha tumindaka klawan kawicaksanan ing bab prekara-prekara sing becik, lan dadia wong sing bodho tumrap prekara-prekara sing ala.

20Lan Gusti Allah etuking katentreman kita, bakal ngremuk Iblis ana ing sangisoring tlapakané sikilmu. Sih-rahmaté Gusti Yésus anaa ing kowé kabèh.

21Timotius kancaku tunggal gawé, kirim salam; mengkono uga Lukius, Yason, lan Sosipater, kanca-kancaku tunggal bangsa Yahudi.

22(Kula piyambak, Tèrtius, ingkang nyerat serat menika, ugikintun salam dhateng panjenengan sedaya wonten ing patunggilanipun Gusti Yésus.)

23Gayus, sing awèh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan, kirim salam marang kowé kabèh. Uga Érastus, bendhaharaning kutha kéné, lan Kwartus, padha kirim salam uga.

24[Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus anaa ing kowé kabèh. Amin.]

25Kita padha ngluhurna asmané Gusti Allah! Panjenengané kuwi kwasa nyantosakaké precayamu manut Injil sing dakwartakaké, yakuwi pawarta bab Gusti Yésus Kristus, condhong karo kamirahané sing kalairaké, sing kasidhem nganti pirang-pirang abad lawasé.

26Nanging kamirahan mau saiki wis diwedharaké ana ing Kitabé para nabi. Atas dhawuhé Gusti Allah sing langgeng, kamirahan kuwi wis diwartakaké marang para bangsa kabèh, supaya wong kabèh padha precaya lan mbangun-turuta marang Gusti Allah.

27Ya Gusti Allah, sing Mahawicaksana. Kasaosana sakèhing puji lan pakurmatan, lantaran Gusti Yésus Kristus ing selawas-lawasé. Amin. Saka aku, Paulus, abdiné Sang Kristus Yésus



 <<  Roma 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel