Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 6 >> 

1Yèn mengkono, kita arep muni apa menèh? Apa kita kudu mbacutaké gawé dosa, supaya kanugrahané Gusti Allah saya wuwuh akèh?

2Mesthi ora! Kita rak wis padha diuwalaké saka dosa; mulané kepriyé déné kita padha urip ana ing sajroning dosa mau!

3Apa kowé ora ngerti, yèn enggon kita dibaptis kuwi, kita ditunggilaké karo Sang Kristus Yésus? Kuwi ateges kita ditunggilaké karo sédané.

4Srana baptisan mau kita dikubur bebarengan karo Sang Kristus ana ing sédané, supaya kaya déné Sang Kristus diwungokaké saka ing séda déning kamulyaning pangwasané Sang Rama, kaya mengkono uga kita padha kaparingan urip sing anyar.

5Sebab menawa kita wis ditunggilaké karo Sang Kristus ana ing sédané, mengkono uga kita padha ditunggilaké karo Panjenengané ana ing wunguné.

6Kita padha ngerti, yèn kaanan kita sing lawas wis mati bebarengan karo Sang Kristus ana ing kayu salib, supaya pangwasané dosa sing ana ing kita kasirnakaké, satemah kita ora dadi budhaké si dosa menèh.

7Sebab wong sing wis mati, kuwi wis luwar saka pangwasané si dosa.

8Yèn kita wis mati bebarengan karo Sang Kristus, kita precaya, yèn kita uga bakal urip karo Panjenengané.

9Kita ngerti, yèn Sang Kristus wis kawungokaké saka ing séda. Panjenengané ora bakal séda menèh, sebab pati wis ora ngwasani Panjenengané.

10Séda sing dialami déning Sang Kristus kuwi séda tumrap ing dosa, mung sepisan waé. Nanging gesangé Sang Kristus saiki, kuwi gesang sing lumadi marang Gusti Allah.

11Mulané kowé uga kudu padha nganggep awakmu kuwi wis mati tumraping dosa, lan kudu padha urip kagem Gusti Allah lantaran Sang Kristus Yésus.

12Si dosa ora kena ngerèh awakmu menèh, temah kowé nguja hawa-nepsu lan nindakaké piala.

13Aja padha masrahaké péranganing awakmu siji waé marang pangwasané dosa, kanggo nindakaké piala. Nanging badanmu pasrahna marang Gusti Allah, kaya déné wong-wong sing wis dientas saka ing pati marang urip. Badanmu sakojur padha pasrahna marang Gusti Allah, supaya diagem srana nindakaké prekara-prekara sing becik.

14Aja nganti si dosa ngwasani kowé, sebab uripmu wis ora kawengku déning Torèt menèh, nanging kawengku ing sih-rahmaté Gusti Allah.

15Saiki kepriyé? Apa kita kena nglakoni dosa, merga saiki urip kawengku déning sih-rahmaté Gusti Allah, lan ora kawengku ing Torèt? Ora babar-pisan!

16Mesthiné kowé wis padha ngerti, yèn samangsa kowé pasrah badanmu marang wong, dadi abdiné wong mau, nglakoni apa sapréntahé, kowé dadi abdiné bendara sing préntahé koklakoni mau, ora preduli apa bendaramu kuwi si dosa, sing njalari patimu, apa Sang Kristus, sing njalari kowé ditunggilaké karo Gusti Allah.

17Nanging puji sokur marang Gusti Allah, déné senajan kowé biyèn tau dadi budhaké si dosa, saiki kowé klawan éklasing ati wis padha mbangun-turut marang bebeneran, sing kawulangaké marang kowé.

18Kowé wis padha kaluwaran saka ing dosa, supaya padha dadia abdiné bebeneran.

19Enggonku nganggo tuladha "budhak" kuwi supaya gampang koktampa. Biyèn kowé padha masrahaké badanmu sakojur dadi budhaké penggawé sing kotor lan duraka, kanggo nindakaké piala. Semono uga saiki, bareng wis dadi abdiné bebeneran, badanmu sakojur padha pasrahna kanggo lantaraning tumindak sing dadi keparengé Gusti Allah.

20Menawa kowé dadi budhaké si dosa, kowé ora kawengku déning bebeneran.

21Nanging apa paédahé tumrap kowé, nglakoni prekara-prekara sing saiki kowé dhéwé isin? Penggawé-penggawé mau nekakaké pati!

22Saiki kowé wis diluwari saka ing pangwasané dosa, lan dadi abdiné Gusti Allah. Tujuné saiki uripmu kokpasrahaké marang Gusti Allah, lan ngolèhaké urip langgeng.

23Sebab opahé dosa kuwi pati, nanging sih-kanugrahané Gusti Allah ngolèhaké urip langgeng, lantaran Kristus Yésus, Gusti kita.



 <<  Roma 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel