Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Roma 9 >> 

1Apa sing dakkandhakaké iki nyata, yakuwi aku iki kagungané Sang Kristus. Swaraning batinku, sing dierèh déning Sang Roh Suci, uga mèlu neksèni, yèn aku ora goroh.

2Saiba sedhining atiku lan ora kinira gedhéning prihatinku ing ngatasé bangsaku, bangsaku sing tunggal daging lan getih!

3Merga bangsaku mau, aku rila upama awakku ditamani bebendu déning Gusti Allah lan dipisahaké saka sihé Sang Kristus.

4Wong-wong kuwi umat pilihané Gusti Allah. Wong-wong mau padha diangkat dadi para putrané Gusti Allah piyambak, lan padha diparangi kamulyan. Gusti Allah wis damel prejanjian karo wong-wong mau sarta padha diparingi Torèt. Wong-wong mau padha ngerti bab patrapé ngabekti marang Gusti Allah lan padha diparingi prasetyan-prasetyan déning Gusti Allah.

5Wong-wong mau padha dadi anak-turuné para leluhuré bangsa kita, lan Gusti Yésus Kristus manut tata kamanungsané klebu bangsané wong-wong mau. Pinujia Gusti Allah, sing ngerèh samubarang, pinujia ing salawas-lawasé! Amin.

6Aku ora kandha yèn prejanjiané Gusti Allah kuwi batal; merga ora saben umat Israèl kapilih déning Gusti Allah.

7Semono uga ora kabèh tedhak-turuné Rama Abraham kaangkat dadi para putrané Gusti Allah. Gusti Allah ngandika marang Abraham: "Sing bakal kasebut turunmu kuwi mung turuné Iskak."

8Kuwi ateges yèn sing kasebut putra-putrané Gusti Allah mau dudu anak-anak sing dilairaké miturut daging. Sing dianggep tedhak-turuné sing sah kuwi mung anak-anak sing dilairaké manut prejanjiané Gusti Allah.

9Sebab prejanjiané Gusti Allah mau mengkéné: "Aku bakal bali menèh ing wektu sing wis katemtokaké, lan Sarah bakal duwé anak lanang!"

10Malah ora mengkono waé: Bocah lanang loro-loroné sing dikandhut déning ibu Ribkah kuwi bapakné siji, yakuwi leluhur kita Iskak.

11(9:11-12) Supaya enggoné milih salah siji saka ing antarané bocah loro mau cetha kersané Gusti Allah piyambak, mula Gusti Allah ngandika marang Ribkah: "Sing tuwa bakal ngawula marang sing enom." Enggoné Gusti Allah ngandika mengkono mau, nalika bocah-bocah karoné durung padha lair, lan sadurungé padha ngerti nindakaké sing becik utawa sing ala. Mengkono dadi cetha yèn pamilihé Gusti Allah kuwi ora landhesan penggawéné bocah loro mau, nanging landhesan timbalané Gusti Allah piyambak.

12(9:11)

13Kaya sing katulis ing Kitab Suci: "Yakub kuwi Dakkasihi, nanging Ésau Daksengiti."

14Yèn mengkono, kita banjur arep muni kepriyé? Apa Gusti Allah kuwi ora adil? Ora! Gusti Allah adil!

15Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mengkéné: "Aku bakal melasi marang sapa waé sing Dakparingi piwelas, lan paring kamirahan marang sapa waé sing Dakkersakaké."

16Mulané putusan kuwi ora gumantung saka karep utawa labeté manungsa, nanging mung landhesan sih-rahmaté Gusti Allah piyambak.

17Sebab Kitab Suci wis nerangaké, yèn Gusti Allah wis ngandika marang ratu ing Mesir: "Yakuwi sebabé enggon-Ku ngangkat kowé dadi ratu, supaya kowé mratélakaké pangwasa-Ku lan ngluhuraké Asma-Ku ana ing salumahing bumi."

18Mengkono patrapé Gusti Allah enggoné ngesokaké sih-rahmaté marang sok wonga sing dikersakaké, lan uga mangkotaké atiné sapa waé, manut ing sa-kersané piyambak.

19Kowé bakal takon marang aku: "Yèn mengkono, kepriyé bisané Gusti Allah ngluputaké manungsa? Sapa sing bisa malangi kersané Gusti Allah?"

20Aku arep genti takon marang kowé: "Sedulurku, kowé kuwi sapa, kokwani-wani madoni marang Gusti Allah? Apa kelakon pengaron takon marang kundhi sing gawé pengaron mau: ‘Yagéné aku kokkokgawé mengkéné?’

21Apa kundhi mau ora wenang nggarap lempung mau ing sakarepé? Lemah lempung saprongkol bisa waé digawé pengaron sing larang regané, utawa pengaron sing murah."

22Mengkono uga pakaryané Gusti Allah, Panjenengané kagungan kersa ngetingalaké bebenduné lan medhar pangwasané. Éwadéné Gusti Allah kuwi sabar banget marang wong sing padha dibendoni, sarta wong-wong sing wis digadhang bakal disirnakaké.

23Gusti Allah uga kersa nedahaké kamulyané sing sampurna, kaparingaké marang kita, sing padha katimbalan nampani sih-rahmaté, yakuwi kita sing wis kacadhangaké déning Panjenengané, supaya nampani kamulyan mau.

24Ya kita iki, sing wis katimbalan déning Panjenengané, ora mung bangsa Yahudi waé, nanging uga sing saka antarané bangsa-bangsa liyané.

25Ing Kitabé Nabi Hoséa ana tulisan mengkéné: "Sing dudu umat-Ku bakal Daksebut ‘Umat-Ku’, lan sing ora Dakkasihi, kuwi Daksebut ‘Kesakih-Ku’.

26Lan ing panggonané wong-wong sing didhawuhi: ‘Kowé kuwi dudu umat-Ku,’ ing panggonan kono uga wong-wong mau bakal padha disebut: ‘Para putrané Gusti Allah kang asipat gesang.’"

27Tumrapé bangsa Israèl Nabi Yésaya ngandika: "Senajan cacahé bangsa Israèl kuwi akèhé kaya wedhining segara, éwasemono sing bakal kaslametaké mung sethithik.

28Sebab Gusti Allah bakal énggal nganakaké pétungan karo isining jagad."

29Kaya sing dipangandikakaké déning Nabi Yésaya dhèk biyèn mengkéné: "Saupama Gusti Allah Kang Mahakwasa, ora maringi turun marang kita, mesthi kita wis dadi kaya kutha-kutha Sodom lan Gomora."

30Kita arep muni apa saiki? Mengkéné: Bangsa-bangsa liya sing padha ora ngudi supaya katunggilaké karo Gusti Allah, saiki wis padha katunggilaké, merga padha precaya.

31Nanging bangsa sing kapilih (bangsa Israèl), sing lantaran Torèt padha ngudi supaya katunggilaké karo Gusti Allah, malah gagal.

32Yagéné? Sebab pangudiné mau ora landhesan precaya, nanging landhesan pangabekti manut carané dhéwé. Wong-wong mau padha kesandhung ing watu,

33sing kasebut ing Kitab Suci mengkéné: "Delengen, Aku wis ndokokaké watu ing Sion, sing marakaké wong padha kesandhung, watu sing marakaké wong padha tiba. Nanging sapa sing precaya marang Panjenengané ora bakal kecuwan."



 <<  Roma 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel