Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 10 >> 

1"Gusti Allah nuli ngandika marang aku, ‘Musa, kowé nataha blébékan watu loro, kaya sing ndhisik, lan gawéa pethi saka kayu, kanggo nyimpen, banjur mrénéa, mareka Aku ana ing pucuking gunung.

2Blébékan watu loro mau bakal Dakserati pangandika kaya sing Dakserat ana ing papan sing ndhisik, sing kokremuk. Sawisé mengkono lèmpèng watu loro mau kudu koksimpen ana ing njero pethi kayu mau.’

3Aku banjur gawé pethi saka kayu akasia, lan natah blébékan watu loro kaya sing ndhisik, banjur dakgawa munggah ing gunung.

4Allah nuli nyerat Angger-angger Sepuluh ana ing blébékan watu mau, yakuwi pangandika, padha karo sing kaserat dhèk biyèn. Yakuwi dhawuh-dhawuh sing dingandikakaké marang kowé saka ing tengahé geni, nalika kowé padha nglumpuk ana ing sikilé gunung mau. Sawisé Allah maringaké lèmpèng watu mau marang aku,

5aku banjur medhun saka ing gunung. Kaya sing dingandikakaké déning Allah, blébékan watu loro mau nuli daksèlèhaké ing pethi olèhku gawé mau. Tekan sepréné watu-watu kuwi isih ana ing kono."

6Wong Israèl banjur budhal saka ing panggonané sumur-sumuré wong Yaakan, lunga menyang Moséra. Ana ing kono Harun kapundhut, banjur dikubur. Èléazar, anaké, ngganti dadi imam.

7Saka kana padha lunga menyang Gudgod, terus menyang Yodbata, papan sing akèh banyuné.

8Ana ing gunung kono Gusti Allah milih taler Lèwi kanggo ngurus Pethi Prejanjian, lan dadi imam sing ngladosi Gusti Allah, sarta sing mberkahi umat atas Asmané Allah. Kuwi tugasé wong Lèwi tekan sepréné.

9(Sarèhné wong Lèwi ora nampa panduman lemah kaya taler-taler liyané, mulané tampa kaurmatan dadi imam-imamé Allah, kaya sing dijanjèkaké déning Allah.)

10"Aku ana ing gunung kono patang puluh dina patang puluh bengi lawasé, kaya sing dhisik. Gusti Allah njurungi panyuwunku menèh, yakuwi ora arep numpes bangsa Israèl.

11Aku banjur didhawuhi mangkat ngirid kowé kabèh ngenggoni tanah, sing wis dijanjèkaké déning Allah marang para leluhurmu."

12"Saiki, sedulur-sedulurku wong Israèl, padha setitèkna pemundhuté Allah marang kowé: Ngabektia marang Allah lan nglakonana dhawuhé. Tresnanana lan ladosana kanthi mantep,

13èstokna pepakoné sing dakkandhakaké marang kowé ing dina iki, supaya kowé padha slamet.

14Gusti Allah kuwi sing kagungan sakèhé langit sing ana ing ndhuwur, semono uga bumi lan saisiné, kabèh kuwi kagungané.

15Éwasemono merga saka gedhéning sihé marang para leluhurmu, Panjenengané wis milih kowé, lan dudu bangsa liya, lan tekan sepréné kowé dadi umat sing dipilih.

16Mulané wiwit saiki kowé padha ngèstokna dhawuhé Allah lan aja wangkal.

17Pangéran Allahmu kuwi ngungkuli sakèhé brahala lan kasektèné ngungkuli sakèhé pangwasa. Panjenengané kuwi Allah Kang Mahaluhur lan Mahakwasa, kang kudu dièstokaké. Panjenengané ora pilih kasih lan ora nampi besel.

18Panjenengané ngéman bocah lola lan mbélani wong randha supaya olèh adil. Panjenengané ngasihi marang wong manca sing neneka, sing manggon ing tengahmu, lan padha diparingi pangan lan sandhang.

19Mulané kowé iya padha tresnaa marang wong-wong manca sing padha manggon ana ing tengahmu, merga kowé dhéwé biyèn uga dadi wong manca sing neneka ing tanah Mesir.

20Wedi-asiha marang Pangéran, Allahmu lan ngabektia marang Panjenengané piyambak. Padha tetepa setya marang Panjenengané lan padha sumpaha atas Asmané.

21Pujinen Asmané, merga Panjenengané kuwi Allahmu. Kowé wis ndeleng nganggo mripatmu dhéwé kaélokan-kaélokan sing nggumunaké sing ditindakaké déning Allah ing tengahmu.

22Nalika para leluhurmu lunga menyang tanah Mesir, cacahé mung pitung puluh. Nanging Pangéran, Allahmu wis ndadèkaké cacahmu kaya lintang ing langit."



 <<  Ulangan 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel