Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 11 >> 

1"Tresnaa marang Pangéran Allahmu, lan nglakonana dhawuhé.

2Apa sing wis kokdeleng saka pengalamanmu bab Panjenengané kuwi saiki éling-élingen. Anak-anakmu rak ora padha ngalami. Kowé kuwi sing wis ndeleng kamulyané Allah, kasektèné lan pangwasané.

3Kowé padha weruh dhéwé apa sing ditindakaké marang raja Mesir lan negarané.

4Kowé wis weruh dhéwé enggoné numpes tentara Mesir, bareng karo jaran lan krétané, padha diklelebaké ing Segara Teberau, nalika arep ngoyak kowé.

5Kowé uga padha weruh dhéwé apa sing ditindakaké déning Allah ing segara wedhi sadurungé kowé tekan kéné.

6Kowé uga isih kèlingan apa sing ditindakaké marang Datan lan Abiram, anak-anaké Éliab saka taler Rubèn. Bumi sing mangap ing ngarepmu nguntal wong-wong mau, bebarengan karo brayaté, kémah, para batur lan raja-kayané kabèh.

7Rak kowé kuwi sing tau padha ndeleng nganggo mripatmu dhéwé sakèhé kaélokan sing katindakaké déning Allah mau."

8"Padha netepana sakèhé pepakon sing wis dakandharaké marang kowé ing dina iki, supaya kowé padha dadi santosa, bisa nyabrang kali kuwi lan mlebu ing tanah sing ora suwé menèh bakal kokenggoni.

9Supaya tetep uripmu ing tanah sing lubèr susu lan madu, sing wis dijanjèkaké déning Pangéran marang para leluhurmu lan marang anak-turuné.

10Tanah sing kokenggoni kuwi ora kaya tanah Mesir, sing biyèn kokpondhoki. Ana ing tanah Mesir kowé kudu meres tenaga kanggo mbanyoni palemahanmu sing arep koksebari wiji.

11Nanging tanah sing arep kokenggoni iki rupa pegunungan lan lebak-lebak, sing olèhé banyu saka udan.

12Setaun muput tanah mau dirumat lan direksa déning Pangéran Allahmu.

13Mulané kowé padha nglakonana dhawuh-dhawuh sing dakandharaké ing dina iki; padha tresnaa marang Pangéran Allahmu lan ngabektia marang Panjenengané kanthi mantep.

14Mesthi Allah bakal maringi udan marang tanahmu miturut mangsané, yakuwi sawisé mangsa panèn lan ngarepaké kowé nyebar. Kowé bakal kecukupan gandum, anggur lan lenga zaitun,

15sarta suket kanggo raja-kayamu. Sakèhé pangan sing kokbutuhaké, bakal cemawis.

16Aja nganti atimu adoh saka Allah lan nyembah ngabekti marang brahala-brahala.

17Yèn kowé nerak larangan kuwi, Gusti Allah bakal duka marang kowé. Panjenengané bakal ora paring udan, temah tanahmu bakal dadi garing, lan ora metokaké asil. Ora suwé kowé bakal padha mati ana ing kana, senajan tanah sing diparingaké marang kowé kuwi sejatiné tanah sing subur.

18Padha nggatèkna dhawuh-dhawuh mau lan padha èstokna. Padha talènana ing lengenmu lan tèmplèkna ing bathukmu, supaya kowé tansah kèlingan.

19Wulangna marang anak-anakmu. Critakna yèn kowé lagi ana ing omah utawa lagi lelungan, yèn kowé lagi ngaso utawa lagi nyambut-gawé.

20Tulisen ana ing cagak-cagaké omahmu, lan ana ing lawang-lawangé gapuramu,

21supaya kowé lan anak-anakmu padha kaparingan umur dawa ing tanah sing wis dijanjèkaké déning Pangéran Allahmu marang para leluhurmu. Kowé bakal tetep manggon ana ing tanah kono selawasé bumi kaungkulan langit.

22Dhawuh-dhawuh sing dakandharaké marang kowé iki lakonana kanthi tlatèn: Tresnaa marang Pangéran Allahmu, èstokna dhawuh-dhawuhé, tetepa setya marang Panjenengané.

23Gusti Allah bakal nundhungi bangsa-bangsa kabèh saka ing ngarepmu, lan kowé bakal ngenggoni tanahé bangsa-bangsa sing gedhé lan kekuwatané ngungkuli kowé.

24Tanah sing kokenciki mau bakal dadi duwèkmu kabèh, wiwit saka segara wedhi ing sisih Kidul bablas tekan pegunungan Libanon ing sisih Lor, lan saka Bengawan Éfrat ing sisih Wétan tekan Segara Tengah ing sisih Kulon.

25Gusti Allah bakal gawé girisé bangsa-bangsa sing manggon ing tanah mau, kaya sing dingandikakaké, mula ora ana wong siji waé sing bisa ngalang-alangi kowé.

26Ing dina iki kowé padha miliha: berkah apa paukuman.

27Berkah, yèn kowé ngèstokaké pepakon-pepakoné Allah, sing dakandharaké ing dina iki.

28Paukuman, yèn kowé nyepèlèkaké pepakon-pepakoné Allah lan milih nyembah marang brahala-brahala sing durung tau koksembah.

29Yèn Gusti Allah wis ngirid kowé mlebu ing tanah sing kokenggoni mau kowé kudu ngucapaké berkahmu ana ing Gunung Gérizim lan paukuman ana ing Gunung Ébal.

30(Gunung loro mau dunungé ana ing sakuloné Kali Yardèn, daérahé wong Kenaan sing manggon ing Lebak Yardèn; madhep ngulon, ora adoh saka papan pangibadah Moré, cedhak kutha Gilgal.)

31Ora suwé menèh kowé bakal padha nyabrang ing Kali Yardèn lan ngenggoni tanah sing diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé. Sawisé kokrebut lan kokenggoni,

32kowé padha ngèstokna sakèhé dhawuh sing dakandharaké marang kowé ing dina iki."



 <<  Ulangan 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel