Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 13 >> 

1"Yèn ing tengahmu ana nabi utawa dhukun sing kandha arep gawé mujijat utawa kaélokan

2sing maksudé supaya kowé padha nyembah lan ngabekti marang brahala sing durung tau koksembah, senajan sing dikandhakaké mau kelakon temenan,

3aja kokgatèkaké. Wong kuwi diagem déning Allah kanggo nyoba marang kowé, apa kowé tresna temenan marang Allah kanthi mantep apa ora.

4(13:4-5) Wong kaya mengkono kuwi kudu kokpatrapi paukuman pati, merga arep nasaraké kowé saka dhawuhé Allah sing diparingaké marang kowé. Kuwi wong duraka, sing ngajak kowé mbaléla marang Allah, sing wis ngluwari kowé saka ing tanah Mesir, panggonanmu padha dadi batur-tukon. Dadiné wong mau kudu dipatèni, supaya piala mau aja mrèmèn-mrèmèn. Tetepa enggonmu padha ngabdi marang Pangéran lan ngurmati marang Asmané, èstokna lan lakonana dhawuh-dhawuhé. Padha tetepa ngabdi klawan setya marang Panjenengané.

5(13:4)

6(13:6-7) Yèn ing antarané sedulur-sedulurmu utawa anak-anakmu lanang lan wadon utawa bojomu utawa mitra-mitramu ana sing mbujuk kowé, diajak nyembah marang brahala-brahala sing durung tau koksembah utawa disembah déning leluhurmu, yakuwi brahala-brahala sing disembah déning bangsa-bangsa sing padha manggon cedhak utawa adoh saka panggonan kono,

7(13:6)

8aja kokgugu lan kowé aja gelem dibujuk. Wong mengkono kuwi aja kokwelasi utawa kokéman,

9nanging kudu kokpatèni. Kowé dhisik sing kudu mbenturi wong mau nganggo watu, lan wong liya-liyané kudu kokajak mèlu mbenturi.

10Wong sing salah kuwi kudu dibenturi watu nganti mati! Sebab wong mau arep ngedohaké kowé saka Pangéran Allahmu, sing wis ngluwari kowé saka ing tanah Mesir, panggonanmu biyèn dadi batur-tukon.

11Bangsa Israèl kabèh bakal krungu bab lelakon kuwi, mula bakal padha wedi, lan ora ana sing bakal wani nindakaké piala mau menèh.

12Yèn kowé mbésuk padha manggon ing kutha-kutha sing diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé, bisa uga kowé krungu kabar

13yèn ana wong ala sawetara ing tengahmu sing nasaraké wong-wong ing kuthané, diajak nyembah brahala sing durung tau koksembah sadurungé.

14Yèn kowé krungu crita sing mengkono kuwi, gatèkna lan titinen sing temenan. Yèn wong-wong ing kutha mau pancèn padha nyembah brahala,

15kudu kokpatèni, tekan raja-kayané pisan. Kutha mau kudu digempur nganti ludhes.

16Barang-darbèké kudu diklumpukaké lan ditumpuk ing alun-alun, banjur kutha lan samubarang sing ana ing njeroné kudu diobong dadi kurban sumaos marang Pangéran Allahmu. Kabèh mau banjur kudu dienengaké waé supaya selawasé dadi gempuran. Kutha mau ora kena dibangun menèh.

17Barang sing kena ing paukuman aja pisan-pisan koksimpen, nanging kudu koksirnakaké, supaya Gusti Allah ora duka menèh, lan malah melasi marang kowé. Panjenengané bakal mberkahi kowé klawan loma, lan ndadèkaké kowé bangsa gedhé, kaya sing dijanjèkaké marang para leluhurmu,

18angger kowé padha ngèstokaké marang dhawuh-dhawuh sing dakandharaké ing dina iki, lan nglakoni apa sing dikersakaké."



 <<  Ulangan 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel