Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 15 >> 

1"Ing pungkasané saben taun kapitu, kowé kudu nglilakaké apa sing kokutangaké marang sedulurmu wong Israèl.

2Carané mengkéné: Saben wong Israèl sing motangaké dhuwit marang pepadhané wong Israèl, kudu nglilakaké utang mau. Gusti Allah piyambak sing nglilakaké utang mau, dadi kowé wis ora kena nagih menèh.

3Mung dhuwit sing koksilihaké marang wong manca kuwi kena koktagih.

4Pangéran Allahmu bakal mberkahi kowé ana ing tanah sing diparingaké marang kowé. Ing tengahmu bakal ora ana wong miskin,

5angger kowé padha ngèstokaké dhawuhé Allah, lan nglakoni klawan temenan prenatan-prenatan sing dakandharaké marang kowé ing dina iki.

6Kowé bakal padha diberkahi déning Allah, kaya sing wis dijanjèkaké. Kowé bakal motangaké dhuwit marang bangsa pirang-pirang, nanging kowé dhéwé ora prelu utang marang wong liya endi waé. Kowé bakal ngwasani bangsa pirang-pirang, nanging ora ana bangsa siji waé sing ngwasani kowé.

7Yèn kowé mbésuk wis manggon ing tanah sing diparingaké déning Pangéran Allahmu marang kowé, mangka ana ing salah sijiné kuthamu ana sing nandhang kekurangan, kowé aja mikir marang awakmu dhéwé lan ora gelem awèh pambiyantu marang wong mau.

8Nanging padha wéwéha sing loma lan sedulurmu mau utangana manut ing kabutuhané.

9Yèn sedulurmu nembung utang, aja koktampik, kanthi alesan merga taun nglilakaké piutang wis cedhak. Pikiran ala sing mengkono mau aja nganti tuwuh ing atimu. Yèn kowé ora gelem ngutangi marang sedulurmu mau, wong mau bakal ngaturaké tumindakmu mau marang Allah, mula kowé dianggep luput ana ing ngarsané Allah.

10Wéwéha klawan loma lan sukalila, temah Allah bakal mberkahi sakèhé pegawéanmu.

11Ing satengahé Israèl selawasé bakal ana wong miskin lan wong sing ngrekasa uripé. Mulané kowé dakpituturi supaya padha sing loma pawèwèhmu marang sedulurmu."

12"Yèn ana wong Israèl, lanang utawa wadon diedol utawa ngedol awaké dhéwé, dadi batur-tukonmu, wong mau kena ngladèni kowé nem taun; sawisé kuwi ing taun kapituné, wong mau kudu kokbébasaké.

13Wong sing kokbébasaké mau aja nganti kokkon lunga tanpa koksangoni.

14Nanging kudu koksangoni saka peparingé Allah marang kowé, kayata: wedhus gèmbèl, gandum lan anggur.

15Élinga yèn kowé dhéwé biyèn uga dadi batur-tukon ana ing tanah Mesir lan diluwari déning Pangéran Allahmu, mulané prekara iki dakdhawuhaké marang kowé.

16Nanging yèn batur-tukonmu mau ora gelem lunga, merga wis kebacut tresna karo brayatmu lan krasan manggon ing omahmu,

17wong kuwi banjur gawanen menyang lawanging omahmu. Ana ing kono wong mau tindhiken kupingé, supaya dhèwèkné selawasé urip dadi batur-tukonmu. Semono uga batur-tukonmu wadon digawéa kaya mengkono.

18Yèn ngluwari batur-tukon aja karo nggrundel, merga wis nem taun suwéné wong mau ngladèni kowé, ajiné tikel loroné karo batur lumrah. Prenatan iki lakonana, supaya Gusti Allah mberkahi sarupané pegawéanmu."

19"Sapi lanang lan wedhus lanang pembarep kuwi kudu kasaosaké marang Allah. Sapi mau ora kena dienggo mluku, lan wedhusé gèmbèl ora kena kokcukur wuluné.

20Saben taun kowé lan brayatmu kudu mangan dagingé ana ing ngarsané Allah, ing papan pangibadah, sing wis ditemtokaké déning Allah.

21Yèn kéwan mau cacad, kayata: pincang utawa picak, utawa ana cacad liyané, kéwan mau ora kena disaosaké kanggo kurban marang Pangéran Allahmu.

22Mung kena kokpangan karo brayatmu kabèh, iya sing resik miturut prenataning agama, utawa sing ora, kabèh kena mangan, kaya yèn kowé mangan menjangan utawa kidang.

23Nanging getihé ora kena kokpangan. Kudu koksiramaké kaya banyu ing lemah."



 <<  Ulangan 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel