Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 20 >> 

1"Yèn kowé nglurug perang nyerang mungsuhmu, kowé aja wedi ndeleng cacahé kréta lan jarané, lan akèhé balané sing ngungkuli cacahé balamu. Pangéran Allahmu, sing ngluwari kowé saka ing tanah Mesir bakal ngréwangi enggonmu perang.

2Sadurungé maju ing perang kudu ana imam sing ndhawuhaké sabdané Allah mengkéné,

3‘Para sedulur, wong Israèl, padha rungokna! Ing dina iki kowé arep maju perang. Aja wedi karo mungsuh-mungsuhmu, aja cilik atimu lan aja gugup.

4Pangéran Allahmu bakal perang, bareng karo kowé, lan Panjenengané bakal maringi kemenangan karo kowé!’

5Para perwira kudu kandha karo para prejurit mengkéné, ‘Apa ana ing tengahmu sing lagi ngedegaké omah, nanging durung ngeslupi omah mau? Yèn ana, wong kuwi kudu bali, supaya dhèwèké aja mati ing perang, lan wong liya ngenggoni omahé.

6Apa ana ing antaramu sing lagi yasa pakebonan anggur lan durung kober methik wohé? Yèn ana, wong mau kudu mulih, supaya wong kuwi aja mati ing peprangan, lan wong liya sing ngrasakaké kanikmatané angguré.

7Apa ana ing antaramu sing lagi pacangan lan arep kawin? Yèn ana, wong kuwi kudu mulih, supaya aja mati ing peprangan, wong liya ngepèk pacangané.’

8Para perwira uga kudu kandha karo para prejurité mengkéné, ‘Apa ing tengahmu ana sing jirih lan miris ing ati? Yèn ana wong kuwi kudu mulih. Sebab yèn ora, wong mau bakal ngrusak semangaté kancané prejurit.’

9Sawisé para perwira kandha mengkono marang para prejurit, banjur dianakaké pilihan, milih komandhan kanggo saben klompok.

10Yèn kowé perang arep ngrebut sawijining kutha, rakyaté ajaken bedhami dhisik.

11Yèn gelem teluk lan mbukak gapurané, rakyat ing kutha mau kudu kokdadèkaké batur-tukonmu lan kudu nyambut-gawé kanggo kowé.

12Nanging yèn rakyaté kutha mau ora gelem teluk malah milih perang, kutha kuwi banjur kepungen.

13Yèn Pangéran Allahmu ngulungaké kutha mau marang kowé, wongé lanang kudu kokpatèni kabèh.

14Nanging wongé wadon, bocah-bocah, raja-kaya lan apa waé sing ana ing kutha kono kena kokjupuk, lan kokpèk dhéwé. Apa waé sing dadi duwèké mungsuhmu kena kokpèk, merga Pangéran Allahmu wis ngulungaké kuwi mau kabèh marang kowé.

15Kaya mengkono enggonmu kudu matrapi kutha-kutha, sing adoh papané saka ing tanah sing bakal diparingaké marang kowé.

16Nanging yèn kowé nelukaké kutha-kutha ing tanah sing diparingaké Allahmu marang kowé, rakyaté kudu kokpatèni kabèh.

17Bangsa mau kudu koktumpes kabèh. Yakuwi: bangsa Hèt, Amori, Kenaan, Fèris, Hèwi lan Yébus, kaya sing didhawuhaké déning Allah marang kowé.

18Kudu koktumpes kabèh, supaya kowé ora keluputan marang Allah, merga enggonmu kèlu marang piwulangé lan nglakoni prekara-prekara sing nistha, sajroné manembah marang brahala-brahalané.

19Yèn kowé arep nelukaké sawijining kutha, aja negori wit-witané sing metokaké woh sing maédahi, senajan pangepungmu mau banjur dadi suwé. Wohé panganen, nanging wit-witané aja kokrusak, merga wit-witan kuwi dudu mungsuhmu.

20Wit-witan liyané sing ora metokaké woh sing maédahi kena koktegor lan kayuné kokenggo pager mubeng, nganti kuthané kena kokrebut."



 <<  Ulangan 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel