Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 33 >> 

1Sadurungé tilar-donya, Musa, utusané Allah, mberkahi bangsa Israèl, mengkéné,

2"Pangéran rawuh saka ing Gunung Sinai; kaya surya muncul ing sandhuwuré Édom. Saka Gunung Paran Panjenengané miyos, nyunari umat kagungané, kadadèkaké malaékat saleksa, astané tengen ngasta geni murub.

3Pangéran ngasihi umaté, ngreksa para kagungané. Padha sujuda ing sampéyané, èstokna sakèhé dhawuhé.

4Dhawuhé lantaran Musa tetepana, kita iki bangsa kang gedhé ajiné.

5Nalika Israèl nglumpuk karo para penggedhéné, Allah dadi Rajaning umaté."

6Bab taleré Rubèn, Musa ngucap mengkéné, "Senajan sethithik cacahé, Rubèn bakal madeg ing selawasé."

7Bab taler Yéhuda, Musa ngucap mengkéné, "Gusti, keparenga ngabulaken panyuwunipun. Katunggilna kaliyan taler sanès-sanèsipun. Karéncangana menawi majeng perang, kaliyan mengsahipun Israèl."

8Bab taler Lèwi, Musa ngucap mengkéné, "Srana Urim lan Tumim kersa Paduka dadosa cetha, lantaran tiyang Lèwi, abdi Paduka ingkang setya. Tiyang-tiyang menika sampun Paduka uji wonten ing Masa, lan sampun ketitik katemenanipun wonten ing tuk Mériba.

9Kasetyanipun dhateng Paduka ngungkuli samukawis, inggih ngungkuli dhateng tiyang sepuh lan sanak sedhèrèkipun. Dhawuh-dhawuh Paduka dipun èstokaken. Prejanjian Paduka dipun tetepi.

10Umat Paduka dipun wulang nglampahi dhawuh Paduka, kurbanipun umat wau dipun ladosaken ing mesbèh Paduka.

11Dipun remuka sakathahing mengsahipun, kasirnakna ing selami-laminipun."

12Bab taleré Bènyamin, Musa ngucap mengkéné, "Iki taler kang dikasihi déning Allah, direksa, diayomi rina lan wengi. Allah manggèn ing tengahé."

13Bab taleré Yusuf, Musa ngucap mengkéné, "Muga palemahané diberkahi Allah, srana sumber lan udan.

14Saben mangsa metokna woh-wohan sing becik, kang padha mateng ing wit.

15Punthuk-punthuké wiwit jaman kuna mula kebak woh-wohan pilihan.

16Lubèra berkahé Allah marang palemahané. Sih-kadarmané Allah, kang ngandika saka ing grumbul eri murub, nglubèrana Yusuf saanak-turuné, kang dadi panuntuné sedulur-seduluré.

17Yusuf iku karosané kaya banthèng alasan. Wong Manasyè maèwu-èwu lan wong Éfraim iku sunguné. Bangsa-bangsa disrudug, lan diesuk tekan ing pojoké bumi."

18Bab taler Zébulon lan Isakar, Musa ngucap mengkéné, "Muga-muga Zébulon kaparingan kalubèran merga saka enggoné laku dagang ing segara. Lan Isakar saya mundhaka sugih ing papan sing dienggoni.

19Wong manca diajak munggah ing gunung-gunungé, ing kana nyaosaké kurban keslametan. Kemakmurané pinangkané saka ing segara, lan raja-branané saka wedhiné pesisir."

20Bab taler Gad, Musa ngucap mengkéné, "Kaluhurna Allah, kang wis maringi marang Gad panggonan ombèr. Gad kuwi kaya singa ngentèni mangsané, arep nyempal bahuné lan nglocop sirahé.

21Lemah sing becik dhéwé direbut, nuli dienggoni. Dipasrahi nuntun para kadangé. Dhawuh-dhawuhé Allah dilakoni, semono uga sakèhé angger-anggeré."

22Bab taler Dhan, Musa ngucap mengkéné, "Dhan iku kaya singa nom, sing metu mlumpat saka ing Basan."

23Bab taler Naftali, Musa ngucap mengkéné, "Naftali kalubèran déning berkah saka sihé Pangéran; tanahé saka Tlaga Galiléa sapengidul."

24Bab taler Asyèr, Musa ngucap mengkéné, "Taler Asyèr iku berkahé gedhé dhéwé ing antarané bangsa Israèl. Asyèr kinasihan déning kadang-kadangé, wit zaitun tuwuh subur ing tanahé.

25Kutha-kuthané disantosani gapura wesi, supaya uripé tentrem lan mukti."

26"Hé wong Israèl, padha ngertia, yèn ora ana sing madhani Allahé Israèl. Kang ngagem kamulyané nembus ing langit nembus méga, prelu mitulungi kowé.

27Allah tetep dadi pangungsèn, astané sing langgeng nyanggi uripmu. Mungsuhmu dibuyaraké saka ing ngarepmu. Kowé kadhawuhan ngremuk sakèhé mungsuhmu.

28Anak-turuné Yakub bakal padha rukun, lan tentrem uripé manggon ing tanah sing becik, murah gandum lan lubèr angguré, ebuning langit nelesi lemahé.

29Israèl, gedhé temen kabegjanmu, ora ana bangsa sing dislametaké kaya kowé. Pangéran piyambak jumeneng dadi tamèng lan pedhangmu, kang ngayomi kowé lan maringi kaunggulan. Para mungsuhmu bakal padha teka njaluk diwelasi, bakal kokidak-idak ing sangisoring tlapakmu."



 <<  Ulangan 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel