Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 13 >> 

1(12-18) Si naga banjur mapan ana ing pinggir segara. (13-1) Nuli aku weruh ana kéwan njedhul saka segara, sunguné sepuluh, endhasé pitu. Ing sunguné ana makuthané lan ing saben endhasé ana tulisan panyenyamah marang Gusti Allah.

2Kéwan sing dakdeleng mau rupané kaya macan tutul, sikilé kaya sikil bruwang, lan cangkemé kaya cangkem singa. Kéwan mau diwènèhi kasektèn déning si naga; malah iya diwènèhi dhampar lan pangwasané sing gedhé.

3Katoné endhasé kéwan mau ana siji sing tatu mbebayani, nanging tatu mau wis pulih. Wong sajagad banjur padha ngetutburi kéwan mau karo gumun.

4Si naga padha dipepuja, awit wis mènèhaké pangwasané marang kéwan kuwi. Wong-wong mau iya padha memuja marang si kéwan, pangucapé: "Sapa sing madhani kéwan iki? Lan sapa sing bisa nandhingi kasektèné?"

5Si kéwan mau diparengaké déning Gusti Allah ngucapaké tembung-tembung kumlungkung sing nyewiyah marang Allah, sarta kaparingan pangwasa lawasé patang puluh loro sasi.

6Si kéwan banjur nyenyamah Gusti Allah, lan iya nyewiyah marang Asma lan Pedalemané Allah, sarta kabèh sing padha manggon ana ing swarga.

7Si kéwan uga diparengaké nempuh lan ngalahaké kagungané Allah. Iya kaparingan pangwasa ngerèh marang saben taler lan negara, basa lan bangsa.

8Si kéwan bakal dipepuja déning wong ing bumi kabèh, yakuwi saben wong sing jenengé wiwit nalika jagad katitahaké ora katulis ing buku kauripan kagungané Sang Cempé sing wis kasembelèh.

9Sapa sing duwé kuping ngrungokna!

10Sapa sing pinesthi ditawan, bakal ditawan. Lan sing sapa pinesthi dipatèni srana pedhang bakal dipatèni srana pedhang. Iya merga sing mengkono mau umaté Allah kudu sabar mantep lan precaya.

11Aku nuli weruh kéwan liyané njedhul saka ing dharatan. Kéwan mau sunguné loro, kaya sunguné Sang Cempé, lan swarané kaya swarané naga.

12Kéwan kuwi nindakaké sakèhing pangwasané kéwan kang kapisan, ana ing ngarepé. Jagad lan wong kabèh sing padha manggon ing kono padha dipeksa nyembah marang kéwan kang kapisan sing wis waras tatuné sing mbebayani mau.

13Kéwan sing kapindho nganakaké mujijat-mujijat sing nggumunaké. Ana ing ngarepé wong kabèh kéwan mau ngedhunaké geni saka langit menyang bumi.

14Kéwan kuwi pancèn diparengaké nindakaké mujijat-mujijat sing katindakaké ana ing ngarepé kéwan kang kapisan mau. Lan wong kabèh dikon déning kéwan kang kapindho ngedegaké reca kanggo ngurmati kéwan kang kapisan, sing wis ketaton déning pedhang, nanging tetep isih urip.

15Kéwan kang kapindho kuwi diwenangaké mènèhi nyawa marang reca mau, mula reca mau bisa caturan lan matèni sakèhing wong sing ora gelem nyembah marang dhèwèké.

16Wong kabèh, gedhé cilik, sugih miskin, batur-tukon lan wong merdika, dipeksa déning kéwan kang kapindho mau, nganggo ciri ana ing tangané tengen lan ana ing bathuké.

17Ora ana wong siji waé sing bisa tetuku lan dodolan kejaba mung sing nganggo ciri jenengé si kéwan mau utawa angka sing nélakaké jenengé si kéwan mau.

18Ing kéné prelu ana kawicaksanan. Wong sing wicaksana bisa ngerti tegesé angkané si kéwan kuwi, sebab angka mau nyebutaké jenengé sawijining manungsa. Angkané, yakuwi nem atus sewidak nem.



 <<  Wahyu 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel