Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 14 >> 

1Aku nuli weruh Sang Cempé jumeneng ana ing Gunung Sion. Panjenengané kadhèrèkaké déning wong satus patang puluh papat èwu. Ing bathuké wong-wong mau katulis asmané Sang Cempé lan asmané Ramané.

2Aku banjur krungu swara saka langit kaya gumrojoging banyu akèh lan kaya gumlegeré gludhug sing nggegirisi. Swarané kaya clempung sing diunèkaké déning para penabuhé.

3Ana ing ngarepé dhampar lan ing ngarepé makluk papat sarta para pinituwa sing ana ing sakubengé dhampar mau wong satus patang puluh papat èwu padha ngidungaké kidung anyar. Ora ana wong sing bisa nyinau kidung mau kejaba mung wong satus patang puluh papat èwu sing wis padha katebus saka ing bumi.

4Yakuwi wong sing ora padha njemberi awaké srana srawung karo wong wadon, temah mulus kaya prawan. Wong-wong mau padha ndhèrèkaké Sang Cempé ing satindaké. Yakuwi sing padha katebus saka panunggalané manungsa kabèh minangka kurban wiwitan kacaosaké marang Gusti Allah lan marang Sang Cempé.

5Wong-wong kuwi padha ora tau goroh lan padha tanpa cacad.

6Aku banjur weruh ana malaékat liyané mabur ing awang-awang, ngasta Kabar Kabungahan (yakuwi Injil) kang langgeng, kawartakaké marang wong-wong sing padha manggon ana ing bumi, yakuwi marang saben bangsa, taler, basa lan negara.

7Malaékat mau ngandika kanthi swara seru: "Padha wedia marang Allah lan padha pujinen Asmané, awit wis tekan mangsané Gusti Allah nindakaké pengadilan tumraping manungsa. Padha sujuda marang Panjenengané sing wis nitahaké langit lan bumi, segara sarta sakèhing etuké banyu."

8Malaékat kang kapisan kasusul déning malaékat kang kapindho, nguwuh: "Wis rubuh! Kutha Babil sing gedhé kuwi wis rubuh! Kutha sing wis njalari para bangsa padha mendem angguring hawa-nepsu, laku jina."

9Nuli ana malaékat katelu nusul, pangandikané sora: "Wong sing memuja marang si kéwan lan recané, sarta nampani ciri ana ing bathuké utawa ing tangané,

10bakal ngombé anggur bebenduné Gusti Allah, sing wis kacawisaké ana ing wadhahé, tanpa dikurangi sethithik-thithika! Wong kabèh bakal kasiksa nganggo geni lan lirang ana ing ngarepé para malaékaté Allah lan ing ngarsané Sang Cempé.

11Kukusing geni sing kanggo nyiksa wong-wong mau bakal kumelun ing selawas-lawasé. Panyiksané bakal ora lèrèn-lèrèn rina lan wengi. Yakuwi wong-wong sing padha nyembah marang si kéwan lan recané, sarta sakèhing wong sing nganggo ciri jenengé si kéwan mau."

12Ing kéné iki umaté Allah, sing padha netepi dhawuhé lan setya marang Gusti Allah, padha prelu sabar mantep.

13Aku nuli krungu swara saka swarga: "Tulisen! Rahayu para wong sing padha mati ana ing patunggilané Gusti." "Pancèn mengkono," pangandikané Rohé Allah. "Supaya padha aso saka ing rekasané, sarta bakal ngrasakaké wohing penggawéné."

14Aku banjur weruh ana méga putih. Ing méga kono ana kang lenggah, katoné kaya Gusti Yésus. Mestakané ngagem makutha emas lan astané ngasta arit kang landhep.

15Banjur ana malaékat liyané metu saka Pedalemané Allah. Malaékat mau munjuk kanthi seru marang Panjenengané kang lenggah ing méga mau: "Gusti, mugi kersa ngginakaken arit menika kanggé ngenèni, margi sampun dumugi mangsanipun ngenèni, awit panènanipun sampun sepuh!"

16Panjenengané kang lenggah ing méga mau nuli ngempakaké arité ana ing bumi, sarta bumi nuli kaenénan.

17Nuli aku weruh malaékat liyané metu saka Pedalemané Allah ing swarga, nyekel arit sing landhep.

18Sawisé kuwi nuli ana malaékat liyané menèh metu saka mesbèh. Malaékat kuwi ngwasani geni. Banjur nguwuh kanthi swara seru marang malaékat sing nyekel arit landhep mau: "Aritmu sing landhep kuwi enggonen mbabad, lan dhompolan woh anggur sing ana ing kebon anggur ing bumi padha undhuhana, awit woh-woh wis padha mateng!"

19Malaékat mau banjur nyabetaké arité lan ngundhuhi woh anggur, diuncalaké ing jedhing pamipitan gedhé, yakuwi papan tumindaké bebenduné Allah.

20Woh anggur mau nuli dipipit ana ing sanjabané kutha, lan saka ing pamipitan mau metu getihé, mili terus, jeroné nganti wetara rong mèter lan dohé telung atus kilomèteran.



 <<  Wahyu 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel