Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 15 >> 

1Aku nuli weruh rerupan élok lan nggumunaké. Ana malaékat pitu padha nggawa wewelak pitu kang wekasan. Iki paukumané Allah sing kèri dhéwé.

2Aku banjur weruh rerupan katoné kaya segara kaca campur geni. Aku uga weruh wong-wong sing wis padha unggul enggoné perang karo si kéwan lan recané, sarta unggul ing ngatasé wong sing jenengé disebut nganggo angka. Wong-wong sing wis padha unggul kuwi padha ngadeg ana ing pinggiring segara kaca mau, karo padha nyekel clempung sing diparingaké déning Gusti Allah.

3Wong-wong mau padha ngidungaké kidungé Nabi Musa, abdiné Allah lan kidungé Sang Cempé, uniné: "Dhuh Allah, Paduka ingkang Mahakwaos, saèstu agung saha élok pakaryan Paduka! Dhuh Ratuning sedaya bangsa, pakaryan Paduka saèstu adil saha leres.

4Dhuh Pangéran, sinten ingkang mboten ajrih saha mboten ngluhuraken Asma Paduka? Inggih namung Paduka piyambak ingkang suci. Pramila sekathahipun bangsa sami badhé sowan sarta nyembah sujud dhateng Paduka: Awit sedaya tiyang sampun sami sumerep pangrèh Paduka ingkang adil."

5Sawisé mengkono aku nuli weruh Pedalemané Allah ing swarga kabukak lan ing njeroné ana tarub paleremané Allah.

6Malaékat pitu sing nggawa wewelak pitu mau padha metu saka Pedalemané Allah, nganggo klambi putih memplak gumilap lan ing dhadhané nganggo sabuk emas.

7Salah sawijining makluk papat mau banjur ngulungaké bokor emas marang malaékat pitu mau, kabèh kebak isi bebenduning Allah, yakuwi Allah kang gesang langgeng ing selawas-lawasé.

8Pedalemané Allah mau nuli kebak keluking kaluhuran lan pangwaosing Allah. Sadurungé wewelak pitu sing katindakaké déning malaékat pitu rampung, ora ana wong siji waé sing olèh mlebu ing Pedalemané Allah mau.



 <<  Wahyu 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel