Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 20 >> 

1Aku nuli weruh ana malaékat tumurun saka swarga. Tangané nyekel kunci telenging pati lan ranté gedhé.

2Malaékat mau nuli nyekel si naga, yakuwi si Iblis utawa Sétan. Naga nuli diranté sèwu taun lawasé.

3Banjur diuncalaké ana ing telenging pati, nuli ditutup lan disègel, supaya aja nasaraké para bangsa menèh sadurungé sèwu taun mau entèk. Sawisé mengkono si naga bakal dieculaké menèh sawetara mangsa.

4Aku banjur weruh ana dhampar-dhampar. Déné sing nglenggahi dhampar-dhampar mau kaparingan pangwasa nindakaké pengadilan. Aku uga weruh nyawané wong-wong sing padha katigas guluné merga saka enggoné neksèni marang Gusti Yésus lan martakaké pangandikané Gusti Allah. Wong-wong kuwi durung tau nyembah sujud marang si kéwan utawa marang recané, sarta ora nampani ciriné si kéwan ana ing bathuké lan ing tangané. Wong-wong mau kabèh padha urip menèh lan padha ndhèrèk dadi ratu karo Sang Kristus lawasé sèwu taun.

5Iki petangèn kang kapisan. (Nanging wong-wong mati liyané padha ora urip menèh sadurungé sèwu taun mau entèk.)

6Wong-wong sing padha katangèkaké ing petangèn kapisan, kuwi begja lan binerkahan. Sebab wong-wong mau ora bakal dikwasani déning pati kang kapindho, nanging bakal padha dadi imam-imamé Gusti Allah lan imam-imamé Sang Kristus, sarta bakal ndhèrèk jumeneng ratu karo Panjenengané nganti sèwu taun lawasé.

7Sawisé genep sèwu taun mau, Iblis bakal dieculaké menèh saka pakunjarané,

8sarta bakal metu nasaraké para bangsa ing salumahing bumi, yakuwi si Gog lan Magog. Bangsa-bangsa mau kabèh ora kena diétung cacahé, bakal diklumpukaké déning Iblis kaajak perang.

9Nuli padha mencar nglurug perang ing sajagad kabèh, sarta ngepung panggonané para umaté Allah, sarta kutha sing dikasihi déning Allah. Nanging banjur ana geni tumurun saka langit, nyirnakaké wong-wong mau.

10Déné Iblis sing nasaraké wong-wong kuwi nuli kacemplungaké ana ing segara geni lan lirang, yakuwi panggonané si kéwan lan nabi palsu bakal padha kasiksa rina wengi langgeng ing selawas-lawasé.

11Aku nuli weruh dhampar gedhé putih lan Panjenengané kang nglenggahi dhampar mau. Bumi lan langit padha ilang saka ngarsané lan wis ora katon menèh.

12Aku nuli weruh wong-wong sing wis padha mati, gedhé cilik, padha ngadeg ing ngarepé dhampar mau. Banjur ana kitab-kitab kang kabukak, yakuwi Kitab Kauripan. Wong-wong mau nuli padha diadili miturut penggawéné adhedhasar apa kang katulis ing kitab-kitab mau.

13Segara masrahaké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Penggedhéné Pati sarta Kratoning Pati iya padha masrahaké wong-wong mati sing ana ing wewengkoné. Wong-wong mau kabèh padha diadili miturut penggawéné dhéwé-dhéwé.

14Sawisé kuwi si Pati lan Kratoning Pati nuli kacemplungaké ing segara geni. (Segara geni kuwi disebut pati kang kapindho.)

15Déné saben wong sing jenengé ora katulis ana ing Kitab Kauripan, padha kacemplungaké ing segara geni mau.



 <<  Wahyu 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel