Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 21 >> 

1Aku nuli weruh langit anyar lan bumi anyar. Langit kang kapisan lan bumi kang kapisan wis ora ana, segara iya wis ora ana.

2Aku uga weruh kutha suci. Yérusalèm kang anyar, tumurun saka swarga, saka Allah. Kutha mau dipaèsi kaya pengantèn wadon sing didandani arep ditemokaké karo pengantèn lanang.

3Aku banjur krungu swara seru saka dhampar mau, ngandika: "Saiki dalemé Gusti Allah ana ing satengahé manungsa! Panjenengané bakal gesang sesarengan karo manungsa. Wong-wong bakal padha dadi umaté lan Panjenengané jumeneng dadi Allahé.

4Gusti Allah bakal ngusapi sakèhing luh saka ing mripating umaté. Pati wis bakal ora ana menèh. Kasusahan, tangis lan lelara uga bakal ora ana. Samubarang kang lawas wis ilang."

5Panjenengané kang lenggah ing dhampar banjur ngandika: "Samubarang kabèh Dakdadèkaké anyar!" Banjur ngandika marang aku: "Nulisa, awit pangandika iki nyata lan kena diprecaya."

6Sarta pangandikané menèh: "Samubarang kabèh wis kelakon. Aku iki Sang Alfa lan Sang Oméga, Kang Miwiti lan Kang Mungkasi. Wong sing ngelak bakal Dakparingi ngombé saka etuking banyu kauripan tanpa mbayar.

7Sing sapa mantep precayané bakal tampa kuwi kabèh saka Aku, sarta Aku bakal jumeneng dadi Allahé, lan dhèwèké bakal dadi putra-Ku.

8Nanging para wong sing jirih, lan wong-wong sing ora setya, wong-wong ala kelakuané, tukang matèni wong, wong sing laku jina lan wong sing dadi tukang tenung, wong sing padha nyembah brahala lan sakèhé tukang ngapusi, bakal padha kacemplungaké ing segara geni lan lirang murub, yakuwi pati kang kapindho."

9Panunggalané malaékat pitu sing nggawa bokor kebak wewelak pitu sing wekasan teka lan kandha marang aku: "Mrénéa, daktuduhi Pengantèn Putri, garwané Sang Cempé."

10Aku banjur dikwasani déning Roh lan digawa déning malaékat mau menyang gunung gedhé lan dhuwur banget. Aku dituduhi kutha Yérusalèm kang suci tumurun saka swarga, saka Gusti Allah,

11kebak kaluhuran lan cahya kamulyané Allah. Kutha mau mengkilap kaya sesotya yaspis, lan bening kaya kristal.

12Témboké mubeng gedhé lan dhuwur, gapurané rolas, lan dijaga déning malaékat rolas. Ing lawang-lawanging gapura mau katulis jenengé taleré bangsa Israèl rolas.

13Ing sisih Wétan ana gapurané telu, ing sisih Lor telu, ing sisih Kidul telu lan ing sisih Kulon telu.

14Témboké mubeng kutha kuwi nganggo pondhasi watu rolas. Ing watu-watu mau katulis jenengé rasul-rasulé Sang Cempé, cacahé rolas.

15Malaékat sing kandha karo aku mau nggawa wilah ukuran emas, kanggo ngukur kutha, gapura lan témboké mubeng.

16Kutha mau pesagi, dawané padha karo ambané. Malaékat kuwi enggoné ngukur nganggo wilah emas mau. Dawané 2.400 kilomèter; déné amba lan dhuwuré padha karo dawané.

17Bareng ngukur témboké mubeng ketemu dhuwuré témbok mau sewidak mèter. Ukuran kuwi manut ukurané manungsa, kang iya dadi ukurané malaékat.

18Témbok mubeng mau saka sotya yaspis; kuthané saka emas tulèn, beningé kaya kaca.

19Pondhasiné témbok mubeng direngga-rengga nganggo watu adi manca-warna. Pondhasi kang kapisan kuwi yaspis, kang kapindho nilam, kang katelu mirah, kang kapat zamrud,

20kang kalima sardonik, kang kanem sardis, kang kapitu retna cempaka, kang kawolu béril, kang kasanga krisolèt, kang kasepuluh krisopas, kang kasewelas lazuardi, kang karolas kecubung.

21Gapurané rolas mau saka mutiara rolas; siji-sijiné gapura wujud mutiara siji. Déné dalan-dalané kutha mau kagawé saka emas murni, beningé kaya kaca.

22Ing kutha kono aku ora weruh Pedalemané Allah, awit Pedalemané Allahé kuwi ya Pangéran piyambak, Allah Kang Mahakwaos sarta Sang Cempé.

23Kutha kuwi ora mbutuhaké padhanging srengéngé utawa rembulan, merga sing madhangi cahyaning Allah piyambak, sarta Sang Cempé sing dadi oboré.

24Para bangsa ing bumi bakal padha mlaku ana ing pepadhangé, lan para ratu uga bakal padha ngasta kasugihané menyang ing kutha kono.

25Gapurané kutha kuwi bakal ora kainebaké ing wayah awan, awit ing kono bakal ora ana bengi menèh.

26Kamulyan lan kasugihané bangsa-bangsa bakal kagawa mlebu ing kutha kono.

27Nanging wong-wong sing padha nglakoni penggawé nistha, lan wong-wong sing seneng ngapusi ora diparengaké mlebu mrono, ringkesé sabarang kang najis babar-pisan ora kena digawa mlebu mrono. Mung wong-wong sing jenengé padha katulis ing Kitab Kauripan kagungané Sang Cempé waé sing kena mlebu.



 <<  Wahyu 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel