Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 3 >> 

1"Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Sardis, mengkéné: Iki dhawuhé Panjenengané kang kagungan Rohé Allah pitu lan lintang pitu. Aku ngerti sakèhing penggawému. Kowé padha diarani urip, mangka satemené mati!

2Mulané tangia, lan tutugna apa sing koklakoni sadurungé mati babar-pisan, awit penggawému mau ora ana siji waé sing sampurna ana ing ngarsané Allahmu.

3Coba éling-élingen menèh, apa sing biyèn wis diwulangaké marang kowé lan apa sing wis koksaguhi, kuwi tetepana lan kowé padha mratobata. Yèn kowé ora tangi, Aku bakal nekani kowé kaya patrapé maling, sarta kowé ora bakal ngerti wayah apa enggon-Ku teka mau.

4Nanging panunggalanmu ing kutha Sardis ana wong sawetara sing sandhangané tetep resik. Wong-wong mau bakal mlaku bebarengan karo Aku nganggo sandhangan putih, merga padha sembada.

5Sing sapa tetep mengkono mau, bakal dienggoni sandhangan putih, lan jenengé ora bakal Dakbusek saka ing buku sing isi daftaré wong sing padha urip. Malah ana ing ngarsané Rama-Ku lan ing ngarepé malaékaté, wong-wong mau bakal Dakaku dadi kagungan-Ku.

6Sing sapa krungu, padha ngrungokna apa sing dadi pangandikaning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan."

7"Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Filadèlfia mengkéné: Iki pangandikané Panjenengané Kang Suci, lan Kang Sejati, sing ngasta kunciné Dawud. Samangsa Panjenengané ngengakaké, ora ana sing bisa nutup; samangsa Panjenengané nutup, ora ana sing bisa ngengakaké.

8Aku ngerti sakèhing penggawému. Aku ngerti yèn kekuwatanmu ora sepiraa, nanging kowé wis padha netepi piwulang-Ku lan setya marang Aku. Kowé wis Dakwengani lawang sing ora kena diinebaké déning wong.

9Ngertia: Wong-wong umaté Iblis, sing padha goroh lan ngaku-aku wong Yahudi, mangka satemené dudu, wong-wong mau Dakdadèkaké padha sujud jèngkèng ana ing ngarepmu, sarta padha ngakoni yèn Aku tresna marang kowé kabèh.

10Sarèhné kowé wis padha netepi dhawuh-Ku supaya sabar, Aku bakal ngreksa kowé ana ing dina kasangsaran sing bakal kelakon ing donya iki, kanggo ndadar wong sing padha manggon ing bumi.

11Aku bakal énggal rawuh. Apa sing wis kokduwèni kuwi ugemana temenan, supaya aja ana wong sing ngrebut ganjaraning kemenanganmu.

12Sing sapa netepi piwulang-Ku bakal Dakdadèkaké saka-guruning Pedaleman Suciné Rama-Ku, lan ora bakal metu menèh saka ing kono. Karo déné wong mau bakal Daktulisi Asmané Allah-Ku lan jenengé kuthané Allah-Ku, yakuwi kutha Yérusalèm Anyar, sing tumurun saka ing swarga, saka Allah-Ku. Semono uga bakal Daktulisi Asma-Ku kang anyar.

13Sapa sing ngrungu, ngrungokna apa sing dadi pangandikaning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan."

14"Nulisa marang malaékaté pasamuwan ing kutha Laodikia mengkéné: Iki pangandikané Panjenengané, Sang Amin. Seksi sing setya lan sejati, sumbering sakèhing titahé Allah.

15Aku ngerti sakèhing penggawému. Aku ngerti yèn kowé ora adhem lan ora panas. Saiba beciké saupama kowé adhem utawa panas!

16Sarèhné kowé manget-manget, ora adhem ora panas, mulané kowé bakal Daklepèh saka tutuk-Ku.

17Kowé muni: ‘Aku iki sugih lan kecukupan samubarang sarta ora kekurangan apa-apa.’ Nanging kowé ora ngerti yèn kowé kuwi sejatiné mlarat lan memelas. Kowé kuwi mlarat, kewudan lan wuta.

18Mulané kowé Dakpituturi: ‘Kowé tukua emas murni saka Aku, supaya kowé dadi sugih. Iya tukua saka Aku sandhangan putih lan enggonen, supaya wong ora padha weruh enggonmu kewudan, lan ngisin-isini. Semono uga tukua tamba kanggo nambani mripatmu, supaya bisa ndeleng.’

19Wong-wong sing Daktresnani kuwi sing Dakwelèhaké lan Dakajar. Mulané padha ditemen pangabektimu lan padha mratobata, ninggala dosa-dosamu.

20Ngertia! Aku ana ing ngarep lawang sarta thothok-thothok. Yèn ana wong sing krungu swara-Ku lan mbukakaké lawang, Aku bakal mlebu ing omahé lan mangan bebarengan karo wong mau.

21Sing sapa ngèstokaké dhawuh-Ku, bakal Dakparingi wewenang nindakaké pepréntahan bebarengan karo Aku, padha kaya Aku iya wis unggul lan saiki nindakaké pepréntahan bebarengan karo Rama-Ku.

22Sing sapa krungu, ngrungokna apa sing dadi pangandikaning Rohé Allah marang pasamuwan-pasamuwan."



 <<  Wahyu 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel