Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yakobus 1 >> 

1Salam saka aku, Yakobus, abdiné Allah lan abdiné Gusti Yésus Kristus, tumekaa marang sakèhé umaté Allah kang sumebar ing salumahing bumi.

2Hé, para sedulurku! Menawa kowé padha nampa pacoban werna-werna, kuwi anggepen kabegjan.

3Jalaran yèn sajroné dicoba mau precayamu marang Gusti Allah tetep, kowé dadi saya mantep.

4Udinen bisané kowé tetep enggonmu ngandhemi precayamu, nganti dadia sampurna lan rumangsa ora kekurangan apa-apa.

5Yèn panunggalanmu ana sing kurang wicaksana, nyuwuna karo Gusti Allah, mesthi bakal diparingi, awit Gusti Allah yèn maringi marang sapa waé kanthi loma lan éklas.

6Nanging yèn nyenyuwun, kudu sing temenan! Aja mangu-mangu. Awit wong mangu-mangu kuwi ora béda karo ombak ing segara, sing mung mlayu mrana mlayu mréné manut lakuning angin.

7Wong sing mengkono kuwi aja ngira yèn bakal nampa apa-apa saka Gusti,

8awit wong sing atiné mangro, nindakaké pegawéan apa waé ora tau bisa rampung kanthi becik.

9Wong-wong sing miskin padha bungaha samangsa diluhuraké déning Gusti Allah.

10Lan wong-wong sing sugih iya bungaha, samangsa diasoraké déning Gusti Allah, awit wong sugih kuwi bakal sirna, kaya kembang suket.

11Nalika srengéngé mlethèk, panasé saya sumelèt, njalari suket mau dadi alum, kembangé gogrog, éndahé ilang. Mengkono uga wong sugih iya bakal sirna nalika lagi padha nglakoni pegawéan ngundhakaké kasugihané mau.

12Begja wong sing sajroné nampa panggodha, tetep precayané, awit samangsa wis bisa ngalahaké panggodha mau bakal tampa ganjaran, yakuwi urip sing dijanjèkaké déning Gusti Allah marang wong sing padha tresna marang Panjenengané.

13Yèn ana wong sing lagi kena ing panggodha aja muni: "Aku digodha déning Gusti Allah," jalaran Gusti Allah ora kena digodha déning piala, sarta Gusti Allah piyambak ora nggodha sapa-sapa.

14Nanging saben wong digodha déning hawa-nepsuné dhéwé, sing nyèrèd lan mbujuk marang wong mau.

15Lan yèn hawa-nepsu kuwi dituruti, banjur njalari dosa. Déné yèn dosa wis dilakoni, olèh-olèhané pati.

16Sedulur-sedulur sing daktresnani! Aja padha kesasar.

17Sakèhing peparing sing becik sarta saben ganjaran sing sampurna kuwi asalé saka ing swarga, saka Gusti Allah sing nitahaké sakèhing pepadhang ing langit. Panjenengané ora molah-malih, ora bakal mengker nilar kita ing petengan.

18Panjenengané nitahaké kita saka kersané piyambak, srana sabdané kang suci. Mulané kita padha dadi pinunjul ing antarané para titahé kabèh.

19Para sedulurku sing daktresnani! Padha diéling! Saben wong sing padha cepet yèn ngrungokaké, nanging sing alon-alon yèn caturan utawa yèn nepsu;

20awit srana nepsu manungsa ora bisa nglakoni kersané Gusti Allah.

21Mulané sarupaning pakulinan sing ora prayoga lan kelakuan sing ala padha singkirana. Mbangun-turuta marang Gusti Allah; lan pangandika sing didhedher ana ing atimu kuwi tampanana kanthi andhap-asor, awit iya pangandika kuwi sing nylametaké kowé.

22Dhawuhé Allah lakonana, aja mung dirungokaké waé, sebab yèn mung kokrungokaké, kuwi padha karo ngapusi awakmu dhéwé.

23Awit wong sing mung ngrungokaké waé tanpa nglakoni, kuwi kaya wong sing ngilo ana ing pengilon lan mung weruh rupané.

24Sawisé namataké rainé dhéwé, mangka banjur lunga, sanalika wis lali kepriyé rupané mau.

25Nanging sing sapa nggatèkaké dhawuhé Gusti Allah sarta nglakoni kanthi tumemen, dadi ora mung ngrungokaké waé, ing sabarang-gawéné mesthi diberkahi déning Gusti Allah, sebab dhawuhé Gusti Allah kuwi sampurna lan ngluwari manungsa.

26Yèn ana wong sing rumangsa ngabekti marang Gusti Allah, mangka ora mekak ilaté, kuwi ngapusi awaké dhéwé, pangibadahé tanpa guna.

27Pangabekti sing bener lan tanpa cacad ana ing ngarsané Gusti Allah, Rama kita, yakuwi ngrumati para bocah lola lan para randha ing sajroning kasangsarané lan njaga supaya awaké dhéwé aja nganti kena ing jejembering donya.



 <<  Yakobus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel