Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 11 >> 

1Aku banjur diangkat déning Rohing Pangéran, kabekta menyang gapuraning Pedalemané Allah sing ana ing sisih Wétan. Ing sacedhaké gapura mau aku weruh ana wong lanang selawé, lan ing satengahé wong-wong mau aku weruh Yaazanya bin Azur lan Pélaca bin Benayah; wong-wong kuwi klebu penggedhéné bangsa Israèl.

2Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Hé wong apes, wong-wong kuwi padha ngrancang arep gawé piala lan nyebar piwulang goroh ana ing kutha.

3Pangucapé, ‘Sedhéla engkas kita bakal mbangun omah. Kutha iki presasat kuwali isi banyu umob, lan kita iki kaya daging sing lagi digodhog ana ing kuwali mau, nanging saora-orané kita ora kebrongot geniné.’

4Mulané medhara wangsit, wong-wong kuwi padha welèhna blak-blakan."

5Aku banjur dikwaosi déning Rohing Pangéran, lan Pangéran paring dhawuh mengkéné, "Hé umat Israèl, Aku ngerti sing kokucapaké lan apa sing kokrancang.

6Kowé wis matèni wong pirang-pirang ing kutha kéné, nganti dalan-dalané kebak mayit.

7Mulané Aku, Pangéran Allah Kang Mahakwasa ngandika marang kowé mengkéné: Kutha iki pancèn kuwali sing banyuné umob, nanging daging sing digodhog kuwi apa? Ora liya mayit-mayité wong sing kokpatèni! Dadi, iki dudu panggonanmu. Kowé bakal Dakbuwang saka kutha iki!

8Kowé rak wedi karo pedhang. Aku bakal nekakaké wong sing padha nggawa pedhang nyerang kowé.

9Kowé bakal padha Dakulungaké ing tangané para wong manca. Kowé wis padha Dakukum pati,

10lan kowé bakal padha dipatèni ing sajroning peprangan ing tanahmu dhéwé. Nanging saben wong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

11Kowé bakal ora olèh pengayoman ing kutha kéné, kaya kuwali sing ngayomi daging sing ana ing njeroné. Kowé bakal Dakukum ana ing ngendi waé ing tanah Israèl kéné.

12Kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran, lan senajan kowé netepi prenatan-prenatané bangsa-bangsa sakiwa-tengenmu, nanging kowé padha nglanggar préntah-Ku lan ora mbangun-turut karo dhawuh-dhawuh-Ku."

13Sajroné aku isih medhar wangsit, Pélaca ambruk mati. Aku banjur sujud sumungkem ing bumi sarta njerit, "Dhuh Pangéran Ingkang Mahakwasa, menapa Paduka badhé mejahi sedaya tiyang Israèl ingkang taksih kantun?"

14Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

15"Hé wong apes, wong-wong ing Yérusalèm lan wong-wong Israèl sing padha ora ana ing pembuwangan ngrasani kowé, kandhané, ‘Wong sing padha ana ing pembuwangan kuwi wis adoh saka Pangéran. Dadiné tanah iki saiki kaparingaké marang kita.’

16Kanca-kancamu wong buwangan padha kandhanana mengkéné, ‘Aku, Pangéran sing mbucal wong-wong kuwi Dakpapanaké ana ing antarané bangsa-bangsa sing adoh, mbuyaraké wong-wong mau ing negara-negara liya. Éwasemono Aku bakal ana ing tengahé.’

17Banjur kandhanana yèn Aku Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné: Wong buwangan kuwi bakal Dakklumpukaké saka tanah-tanah panggonané para bangsa, papan panggonané Daksebar, nuli bakal padha Dakparingi tanahé dhéwé menèh.

18Sawisé padha ana ing tanahé dhéwé wong-wong mau kudu padha nyingkiraké sakèhing déwané sing nistha sing ana ing kana.

19Wong-wong mau bakal Dakparingi ati anyar lan bebudèn anyar. Atiné sing wangkot lan atos kaya watu bakal Dakpundhut, Dakparingi ati sing mbangun-turut.

20Mula wong-wong mau bakal netepi dhawuh-Ku lan ngèstokaké sakèhé prenatan-Ku kanthi setya. Wong-wong kuwi bakal padha dadi umat-Ku lan Aku bakal dadi Allahé.

21Nanging sing padha seneng nyembah déwa-déwa sing najis lan njijiki bakal Dakukum timbang karo dosané." Mengkono pangandikané Pangéran.

22Para makluk nuli padha mabur, rodha-rodhané padha katut cahya kamulyaning Pangéran ana kono.

23Cahya mau sing ngetingalaké kamulyané Pangéran banjur mumbul saka satengahé kutha pindhah menyang gunung sing ana ing sawétané kutha mau.

24Ana ing wahyu mau aku diangkat déning Rohé Pangéran, kabekta menyang panggonané wong buwangan ing Babil menèh. Wahyu mau banjur ilang,

25lan aku banjur martakaké marang wong buwangan, sakèhé prekara sing diketingalaké déning Pangéran marang aku.



 <<  Yehezkiel 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel