Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 12 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, kowé manggon ing tanahé wong mbangkang. Padha duwé mripat, nanging ora ndeleng. Padha duwé kuping, nanging ora krungu, merga saka enggoné ndableg.

3Wong apes, saiki kowé mbuntelana barang-barangmu kaya sing lumrahé digawa déning wong buwangan, banjur metua lan mlakua ing wayah surup, nganti saben wong weruh enggonmu mlaku saka panggonan siji menyang panggonan liyané, mula wong-wong sing mbangkang mau iya padha weruh.

4Mumpung isih padhang, barang-barangmu buntelen kaya wong sing arep boyongan, supaya padha weruh kowé lan weruh enggonmu lunga ing wayah soré, kaya wong sing arep digawa menyang pembuwangan.

5Yèn wong-wong mau padha ngawasaké kowé, témboké omahmu bobolen lan buntelanmu brobosna metu bolongan mau.

6Wong-wong mau karebèn padha weruh enggonmu manggul buntelanmu, lan metu ing petengan karo mripat tutupan, mula kowé ora ngerti menyang endi paranmu. Apa sing koktindakaké mau kabèh, kanggo pepéling tumrapé umat Israèl."

7Apa sing kadhawuhaké déning Pangéran mau banjur daklakoni. Ing dina kuwi aku mbunteli barang-barang sing arep dakgawa, kaya carané wong sing arep lunga ing pemboyongan. Bareng wis soré lan ngarepaké peteng, aku banjur mbobok témboké omahku nganggo tangan, nuli mbrobos metu ing bolongan mau. Wong akèh padha ndeleng enggonku manggul buntelanku lan lunga saka kono.

8Ésuké Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

9"Hé wong apes, wong Israèl sing nglawan kuwi bakal takon kowé bab penggawému sing mengkono mau.

10Wangsulana, yèn Aku Pangéran bakal ngandika marang wong-wong mau. Pangandika iki katujokaké marang para penggedhé sing ngerèh kutha Yérusalèm, lan kanggo wong kabèh sing padha manggon ana ing kono.

11Kandhanana yèn apa sing koktindakaké kuwi dadi pretandha kanggo dhèwèké. Wong-wong mau bakal ditawan lan dibuwang.

12Para penggedhé sing ngerèh kutha kono bakal manggul buntelané ing wayah bengi, lan nrobos metu bolongan témbok, sing dibobol. Wong-wong kuwi bakal nutupi mripaté nganti ora ngerti menyang endi parané.

13Nanging Aku bakal masang jaring-Ku kanggo nyegat. Sawisé mengkono wong-wong mau bakal Dakboyong menyang Babil, lan ing kono bakal padha mati tanpa meruhi tanah endi sing ditekani mau.

14Kabèh sing ana ing kedhaton kono, sarta para penaséhat lan para pengawal bakal padha Dakbuyaraké menyang kéblat papat. Wong-wong sing arep matèni bakal padha nggolèki.

15Yèn wis Dakbuyaraké ing antarané bangsa-bangsa manca, wong-wong mau bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

16Aku bakal ngarèkaké sethithik sing oncat saka peprangan, paceklik lan pageblug, mula ing tanah manca, ing satengahé bangsa-bangsa mau bakal padha ngerti sepira gedhéné kanisthan sing wis ditindakaké, sarta bakal padha ngakoni yèn Aku iki Pangéran."

17Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

18"Hé wong apes, yèn kowé mangan gemetera, lan ngombéa karo wèl-wèlan, merga saka giris.

19Kandhakna karo umat Israèl kabèh, yèn Aku Pangéran, ngandika mengkéné marang wong sing isih padha manggon ing Yérusalèm, ‘Kowé bakal padha mangan karo gemeter, lan enggonmu ngombé bakal karo wèl-wèlan saka wedimu. Tanahé bakal digundhuli, merga saben wong sing manggon ing kono padha tumindak sekarepé dhéwé, ora manut prenatan.

20Kutha-kutha sing kebak wong mau bakal katumpes, lan tanahé kadadèkaké ara-ara samun. Nganti wong-wong mau bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"

21Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

22"Hé wong apes, yagéné wong Israèl bola-bali padha kandha mengkéné, ‘Wis tekan wektuné, nanging prekara-prekara sing diramalaké durung kelakon.’

23Saiki kandhakna pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, bab unèn-unèn mau: ‘Bakal Dakilangi, mula ing tanah Israèl kéné bakal ora ana wong sing ngucapaké prekara kuwi mau menèh.’ Malah kandhanana, ‘Wis tekan wektuné lan ramalan-ramalan bakal kelakon!’

24Ing satengahé bangsa Israèl bakal ora ana wahyu apus-apusan utawa ramalan sing nasaraké.

25Aku, Pangéran Kang Mahakwasa, bakal ngandika karo bangsa iki. Ora bakal Daksesuwé menèh. Sajroné kowé isih padha urip, hé sakèhé wong sing nglawan, Aku bakal nekakaké paukuman kaya sing biyèn wis Dakngandikakaké. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."

26(12:26-27) Dhawuhé Pangéran marang aku, "Hé manungsa sing apes, Israèl kandha yèn wahyu lan ramalan kelakoné isih suwé.

27(12:26)

28Mulané kandhakna marang wong-wong mau, yèn Gusti Allah ngandika: Apa sing Dakdhawuhaké mesthi kelakon ora bakal diendhé-endhé."



 <<  Yehezkiel 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel