Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 14 >> 

1Ana pemimpiné Israèl marani aku takon bab kersané Pangéran.

2Pangéran banjur ngandika marang aku mengkéné,

3"Hé wong apes, wong-wong kuwi ing batiné padha nyembah brahala, mula padha nglakoni dosa. Wong sing kaya mengkono apa pantes padha nyuwun tulung karo Aku?

4Wangsulana lan kandhakna apa sing Dakngandikakaké marang wong-wong mau, ‘Saben wong Israèl sing ing batiné nyembah brahala, padha gawé dosa, banjur takon marang nabi, bakal Dakparingi wangsulan sing pantes kanggoné wong sing akèh brahalané.

5Brahala-brahala mau sing njalari wong Israèl nyingkur Aku; muga-muga srana wangsulan-Ku wong Israèl dadi ngetutburi Aku menèh.’

6Saiki wong Israèl kandhanana yèn Aku dhawuh mengkéné, ‘Padha mratobata lan tinggalen brahala-brahalamu sarta penggawému sing nistha.’

7Samasa ana wong Israèl utawa wong manca sing manggon ana ing satengahé bangsa Israèl nyingkur Aku lan nyembah brahala-brahala, mangka banjur takon marang nabi, Aku Pangéran Kang Mahakwasa bakal paring wangsulan!

8Wong kuwi bakal Daklawan, wong mau bakal Dakgawé tandha kanggo wong kabèh, bakal Daksirnakaké saka antarané umat-Ku, supaya kowé ngerti yèn Aku iki Pangéran.

9Yèn nabi mau nganti kena dibujuk lan awèh wangsulan manut karepé dhéwé, Aku bakal nasaraké wong mau. Nabi mau bakal Daksirnakaké saka satengahé umat-Ku.

10Karo-karoné, nabi lan wong sing takon ukumané padha aboté.

11Kuwi kabèh supaya umat Israèl aja padha nyingkur Aku menèh, sarta nglakoni dosa lan najisaké awaké, supaya bakal dadi umat-Ku lan Aku dadi Allahé." Mengkono pangandikané Pangéran.

12Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Hé wong apes,

13yèn ana bangsa sing nglakoni dosa lan nyingkur marang Aku, Aku bakal ngacungaké asta-Ku lan ngrusak sedhiyané pangané. Aku bakal nekakaké paceklik lan pepati kanggo manungsa lan kéwan.

14Senajana Nuh, Dhanièl lan Ayub padha manggon ana ing kéné, kamursidané wong-wong mau bakal mung bisa nylametaké awaké dhéwé. Mengkono pangandikané Pangéran.

15Utawa Aku bakal nekakaké kéwan galak supaya mangsa wong sing padha manggon ing kéné, nganti tanah kéné dadi sepi mamring, nganti ora ana wong sing wani liwat.

16Senajana wong telu mau padha manggon ing tanah kono, demi asma-Ku, wong-wong mau ora bakal bisa nylametaké, senajan anaké dhéwé pisan. Bakal mung bisa nylametaké awaké dhéwé, lan tanah iki bakal dadi ara-ara samun.

17Utawa Aku bakal nekakaké perang ana ing tanah kéné lan kirim gegaman ampuh kanggo nyirnakaké manungsa lan kéwan.

18Senajan wong telu mau padha manggon ing tanah kéné, demi Aku Pangéran Kang Mahakwasa, wong-wong mau ora bakal padha bisa nylametaké, senajan anaké dhéwé pisan; bisané mung nylametaké awaké dhéwé.

19Utawa Aku bakal nekakaké pageblug ana ing tanah kono, nganti matèni wong akèh, manungsa lan kéwan pisan,

20mangka Nuh, Dhanièl lan Ayub padha manggon ana ing kono, demi asma-Ku kang gesang, wong-wong kuwi ora bakal bisa nylametaké, senajan anaké dhéwé pisan. Kamursidané bakal mung bisa nylametaké uripé dhéwé."

21Mengkéné dhawuhé Pangéran Kang Mahakwasa, "Aku bakal nekakaké paukuman-Ku patang rupa sing abot dhéwé marang Yérusalèm, yakuwi perang, paceklik, kéwan galak lan pageblug kanggo matèni manungsa lan kéwan pisan.

22Yèn ana sing oncat lan bisa nylametaké anak-anaké, bakal padha nemoni kowé. Delengen sepira gedhéné pialané, nganti kowé yakin, yèn paukuman sing Daktekakaké mau wis samesthiné.

23Kowé bakal ngerti yèn apa sing Daktindakaké kuwi adil. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."



 <<  Yehezkiel 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel