Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 16 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, tuduhna marang Yérusalèm penggawé-penggawéné sing nistha."

3Kandhakna apa sing dingandikakaké déning Pangéran marang wong-wong kuwi, "Kowé padha kalairaké ana ing tanah Kenaan. Bapakmu wong Amori lan biyungmu wong Hèti.

4Nalika kowé lair ora ana sing ngethok tali pusermu utawa ngedusi kowé utawa nggosok kowé nganggo uyah utawa nggedhong kowé nganggo popok.

5Ora ana wong sing mesakaké karo kowé lan gelem ngupakara kowé kaya mengkono. Nalika kowé lair ora ana wong sing nresnani kowé. Kowé dibuwang ana ing ara-ara.

6Nalika Aku tindak langkung ing kono Aku pirsa enggonmu kroncalan karo kebak getih. Senajan kowé gubras getih Aku ora négakaké kowé mati.

7Kowé Dakgawé urip kaya tanduran sing seger. Kowé dadi gedhé lan rosa, dadi prawan. Payudaramu nengsemaké, rambutmu dadi dawa, nanging kowé wuda blejed.

8Bareng Aku liwat ing kono menèh, Daksawang-sawang wis tekan wektuné kowé birai. Awakmu banjur Dakkemuli nganggo ageman-Ku lan Aku janji yèn kowé bakal Dakpundhut garwa. Aku gawé prejanjian nikah karo kowé, lan kowé nuli dadi garwa-Ku. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa.

9Kowé banjur Dakedusi nganggo banyu, getihmu Dakresiki lan kulitmu Dakborèhi nganggo lenga zaitun.

10Kowé banjur Dakenggoni sandhangan bordiran lan sandhal kulit sing becik dhéwé, kudhung sirah saka léna alus, lan sléndhang sutra.

11Kowé uga Dakenggoni hiasan permata, gelang lan kalung,

12ali-ali irung, anting-anting lan cundhuk mentul.

13Kowé nganggo hiasan emas lan slaka lan selawasé nganggo léna alus réndan lan sutra. Panganmu roti kagawé saka glepung gandum sing becik dhéwé, kokpangan karo madu lan lenga zaitun. Rupamu ayu banget, kowé presasat ratu.

14Kowé kondhang ing antarané para bangsa, merga saka ayumu, sebab Aku piyambak sing ndadèkaké kowé ayu banget. Mengkono pangandikané Pangéran."

15"Nanging kowé ngendelaké kaéndahaning rupamu, banjur dadi sundel, awor turu karo angger wong sing liwat.

16Sandhanganmu ana sing kokjupuk kokpasang ing panggonanmu nyembah brahala. Lan presis kaya carané sundel, kowé ngedol awakmu marang angger wong.

17Hiasan slaka lan emas paringan-Ku kokenggo gawé reca lanang, sing banjur kokajak nyundel.

18Sandhanganmu mori alus réndan saka Aku, kokenggokaké reca mau. Kowé banjur ngobong dupa karo gawé kurban lenga zaitun paringan-Ku.

19Kowé Dakparingi pangan gandum, lenga zaitun lan madu, nanging peparing-Ku mau kokenggo gawé kurban supaya kowé olèh sihé brahala-brahala." Mengkono pangandikané Pangéran.

20"Sawisé mengkono kowé banjur njupuk anakmu lanang lan wadon peparing-Ku, kokgawé kurban marang brahala-brahala. Apa tindakmu sing nistha mau durung cukup,

21déné kowé iya banjur nyembelèh para putra-Ku, kokgawé kurban obongan kanggo brahala-brahala mau?

22Sajroné nindakaké penggawému sing nistha dadi sundel kowé ora tau ngélingi nalika enommu, yakuwi nalika kowé isih wuda blejed lan kroncalan gubras getih."

23Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné marang aku kanggo Yérusalèm, "Cilaka kowé, cilaka! Kowé wis nglakoni sakèhé kanisthan mau, banjur

24gawé panggonan panyembahing brahala lan nyundel ana ing pinggir-pinggir dalan.

25Nganggo cara mengkono kowé nyèrèd éndahing rupamu ana ing lendhut. Kowé nawakaké awakmu marang angger wong sing liwat, lan saben dina saya banget enggonmu nyundel.

26Tangga-tanggamu wong Mesir sing gedhé nepsuné kokajak turu bareng, lan srana tumindakmu mau gawé gerahing penggalih-Ku.

27Saiki asta-Ku Dakacungaké merga kowé bakal Dakukum. Sakèhé peparing-Ku bakal Dakpundhut bali saka kowé. Kowé wis Dakulungaké ing tangané wong Filistin sing sengit karo kowé, sing rumangsa jijik ndeleng pratingkahmu sing nistha mau.

28Sarèhné ora marem karo brahala siji, kowé banjur mlayoni wong Asyur. Kowé banjur nyundel karo déwané wong Asyur mau. Nanging kowé iya ora marem menèh.

29Mulané kowé banjur nyundel karo para déwané wong Babil, bangsa sing laku dagang, nanging karo kuwi kowé iya ora marem."

30Mengkéné pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, "Penggawému kuwi kabèh kaya carané sundel sing ora idhep isin.

31Ana ing saben dalan kowé ngedegaké panggonan kanggo nyembah brahala, lan kowé banjur nyundel ana ing kono. Kowé ora mburu dhuwit kaya lumrahé sundel.

32Kowé kaya wong wadon sing senengé nyundel karo wong liya, ketimbang karo nresnani bojoné dhéwé.

33Sundel mono niyat golèk opah, nanging kowé nyundel ora njaluk bayaran, malah ngulemi angger wong saka ngendi waé kokajak turu karo kowé.

34Kowé pancèn sundel istiméwa. Ora ana sing meksa kowé dadi sundel. Kowé ora nampa opah, malah kowé sing ngopahi wong sing nyundel karo kowé. Kowé pancèn ora padha karo sundel-sundel liyané!"

35Mulané, Yérusalèm, hé sundel, rungokna pangandikané Pangéran marang kowé,

36"Ing sarèhné kowé wis nyopoti sandhanganmu lan kaya sundel sing ngedol awakmu dhéwé marang angger wong lan marang brahala-brahala sing njijiki, sarta wis matèni anak-anakmu kokenggo kurban marang déwa-déwamu,

37mulané Aku bakal nglumpukaké tilas dhemenanmu, ya sing kokdhemeni lan sing koksengiti. Kuwi kabèh bakal Daktekakaké ngepung kowé. Sawisé mengkono kowé bakal Dakwudani, supaya wong mau kabèh weruh kowé wuda blejed.

38Kowé bakal Dakukum merga enggonmu nyembah brahala lan merga enggonmu matèni anak-anakmu. Kowé bakal Dakukum pati sajroning duka-Ku.

39Kowé bakal Dakulungaké ing pangwasané wong-wong mau, lan wong-wong mau bakal nggempur panggonan-panggonan sing kokenggo nyundel lan nyembah marang brahala-brahala. Sandhanganmu bakal dijupuki, semono uga hiasanmu, lan sawisé diblèjèdi kowé bakal ditinggal lunga.

40Sawisé mengkono banjur bakal padha ngojok-ojoki wong supaya mbenturi kowé nganggo watu. Awakmu bakal diiris-iris nganggo pedhang.

41Omah-omahmu bakal diobong tapis, sarta para wong wadon bakal diklumpukaké ndeleng enggonmu diukum. Nganggo cara mengkono enggon-Ku bakal nglèrèni penggawému sing nistha lan opahé kanisthanmu bakal ora kokwènèhaké menèh.

42Mula duka-Ku bakal lilih lan penggalih-Ku lerem menèh. Aku bakal ora duka lan ora cemburu menèh.

43Kowé wis lali enggon-Ku ngrumati kowé dhèk isih cilik, lan ndadèkaké duka-Ku srana penggawé-penggawému sing nistha. Kuwi sing marakaké kowé Dakwales. Yagéné kowé ora mung nindakaké prekara sing nistha, nanging uga nyundel? Mengkono pangandikané Pangéran."

44Pangandikané Pangéran mengkéné, "Wong bakal ngunèni kowé, Yérusalèm: ‘Biyungé mengkono, anaké wadon ya mengkono.’

45Kowé pancèn plek kaya biyungmu. Biyungmu ninggal bojo lan anak-anaké. Kowé kaya mbakyu-mbakyumu, sing sengit marang bojoné lan anak-anaké. Kowé lan mbakyu-mbakyumu sakutha kuwi biyungé wong Hèti lan bapakné wong Amori.

46Mbakyumu mbarep Samaria, ing sisih Lor, sing padha manggon ing désa-désa. Adhimu ragil sing padha manggon ing désa-désa kuwi Sodom, ing sisih Kidul.

47Apa maksudmu arep niru kelakuané sedulur-sedulurmu lan niru penggawéné sing njijiki? Ora, senajan enggonmu nglakoni kanisthan lagi sedhéla, éwasemono pialamu ing sedhéngah prekara wis ngungkuli kanisthané sedulur-sedulurmu kabèh.

48Demi Aku kang gesang, mengkono pangandikané Allah, sedulur Sodom lan désa-désa ing sakubengé durung tau nglakoni piala kaya sing koklakoni, semono uga désa-désa ing sakubengé kéné.

49Wong-wong mau lan anak-anaké wadon padha marem merga padha mubra-mubru lan uripé ayem-tentrem. Mung padha ora maèlu karo wong miskin lan sing padha kecingkrangan.

50Padha angkuh lan wangkot atiné sarta nglakoni prekara-prekara sing Daksengiti. Mulané kaya sing koksumurupi, padha Daktumpes.

51Dosané Samaria kuwi ora ana separoné dosamu. Penggawému sing njijiki ngungkuli Samaria. Yèn katandhing karo kebobrokanmu, sedulur-sedulurmu wadon mau katon kaya wong sing ora kaluputan.

52Nanging saiki kowé kudu mikul kanisthanmu. Dosa-dosamu semono gedhéné, mula yèn katandhing karo sedulur-sedulurmu, dosané sedulur-sedulurmu kuwi presasat dudu apa-apa. Mulané isina lan rasakna wirangmu, merga yèn jèjèr karo kowé sedulur-sedulurmu mau katon ora duwé kaluputan."

53Pangandikané Pangéran kanggo Yérusalèm mengkéné, "Sodom lan désa-désané, semono uga Samaria lan désa-désané bakal Dakgawé makmur menèh. Kowé uga bakal kerta-raharja.

54Kowé bakal isin karo awakmu dhéwé, lan wirangmu bakal ngungkuli para sedulurmu wadon.

55Sedulurmu bakal makmur menèh, semono uga kowé lan désa-désamu.

56Nalika kowé rumangsa begja, Sodom kokpoyoki,

57yakuwi sadurungé pialamu konangan. Nanging saiki kaananmu ora béda karo wong-wong mau. Saiki kowé dadi poyokané wong Édom, wong Filistin lan tangga-tanggamu liyané, sing padha sengit karo kowé.

58Saiki kowé kudu mikul kanisthan enggonmu nyundel lan penggawému njijiki liya-liyané sing wis koklakoni. Mengkono pangandikané Pangéran."

59Pangandikané Pangéran Allah mengkéné, "Aku bakal males kowé timbang karo sing koklakoni, merga kowé nganggep sepi prejanjianmu karo Aku, malah wis koklanggar.

60Nanging Aku bakal netepi prejanjian sing Dakgawé karo kowé, nalika kowé isih nom. Lan Aku bakal gawé prejanjian langgeng karo kowé.

61Kowé bakal kèlingan karo penggawému lan bakal isin yèn ketemu menèh karo mbakyumu lan adhimu wadon. Prejanjian mau bakal Dakdadèkaké kaya adhimu wadon, senajan iki ora klebu ana ing prejanjian-Ku karo kowé.

62Prejanjian-Ku karo kowé bakal Dakanyaraké, lan kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran Allah.

63Sakèhé dosamu bakal Dakapura, nanging kowé bakal tansah kèlingan lan krasa isin nganti ora wani kandha apa-apa. Mengkono pangandikané Pangéran."



 <<  Yehezkiel 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel