Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 17 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, wong Israèl padha critanana pasemon,

3supaya ngerti apa sing arep Dakngandikakaké marang wong-wong mau. Aku, Pangéran Allah ngandika mengkéné, ‘Ana manuk garudha gedhé banget. Wuluné éndah lan swiwiné yèn megar amba banget. Manuk garudha mau mabur menyang pegunungan Libanon, nyoklèk pucuké wit èrès,

4digawa mabur menyang sawijining negarané wong dagang, didokokaké ana ing kuthané.

5Garudha mau iya njupuk tanduran isih nom saka tanah Israèl, banjur ditandur ana ing palemahan sing subur, sing akèh banyuné, supaya bisa tuwuh.

6Tanduran mau tuwuh, banjur dadi wit anggur sing cendhèk lan ngrembuyung mrambat mrana-mréné. Pang-pangé mrambat munggah marani manuk garudha, lan oyodé tumancep jero ana ing lemah. Anggur mau kebak godhong lan pang.’

7Banjur ana manuk garudha liyané, iya gedhé banget, swiwiné amba banget lan wuluné éndah. Anggur mau uga banjur mrambat marani garudha, kanthi pengarep-arep supaya olèh banyu luwih akèh ketimbang karo sing ana ing palemahan sing dienggoni.

8Nanging anggur mau wis ditandur ana ing palemahan sing subur, sing akèh banyuné, mula anggur mau bakal bisa tuwuh lan metokaké anggur akèh sing becik-becik.

9Saiki Aku, Pangéran Allah, mundhut pirsa, ‘Apa anggur kuwi bakal tuwuh lan lestari urip? Apa garudha sing kapisan mau ora bakal mbedhol anggur mau saoyod-oyodé, nugeli pang-pangé nganti anggur mau banjur mati garing? Kanggoné bangsa sing gedhé pangwasané rak mung prekara sepélé yèn arep mbedhol wit anggur mau.

10Pancèn anggur mau ditandur, nanging apa bakal tuwuh lan lestari urip? Apa ora bakal alum samasa keterak angin saka Wétan? Apa bakal ora garing sanalika?’"

11Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

12"Takona karo para wong mbangkang kuwi, apa ngerti tegesé pasemon mau? Kandhanana yèn raja ing Babil bakal teka ing Yérusalèm lan nawan Sang Prabu sarta para pegawéné kagawa menyang tanah Babil.

13Raja Babil mau bakal milih wargané kraton salah siji, banjur gawé prejanjian karo Raja Babil mau, dikon sumpah setya marang Babil. Para penggedhé sing penting bakal dienggo jaminan,

14supaya bangsa mau ora brontak menèh, lan iya kanggo jaminan yèn prejanjian mau bakal ditetepi.

15Nanging raja Yéhuda nglawan lan kirim utusan menyang tanah Mesir supaya olèh jaran lan tentara akèh. Apa bakal olèh gawé? Apa kekarepané sing mengkono mau bisa kelakon? Yèn dhèwèké nerak prejanjiané apa ora bakal diukum?

16Demi Aku, Allah kang gesang, mengkono pangandikané Pangéran Allah, raja iki bakal mati ana ing tanah Babil merga wis nerak sumpahé lan prejanjian sing digawé karo raja Babil, sing ndadèkaké dhèwèké dadi raja.

17Dalah raja ing Mesir karo tentarané sing ampuh pisan bakal ora bisa mitulungi, samasa wong Babil teka gawé tanggul lan ndhudhuk kalèn-kalèn kanggo matèni wong akèh.

18Raja mau wis nglanggar sumpahé lan nerak prejanjiané. Sarèhné wis nglakoni sing mengkono mau, saiki bakal ora bisa oncat."

19Pangandikané Pangéran Allah mengkéné, "Demi Aku Allah kang gesang, raja mau bakal Dakukum merga wis nerak prejanjian sing dikuwataké nganggo sumpah ana ing ngarsa-Ku.

20Aku bakal masang kala jiret lan nyekel wong mau. Bakal Dakgawa menyang tanah Babil lan ana ing kana bakal Dakukum, merga wong kuwi ora setya marang Aku.

21Prejurité sing peng-pengan dhéwé bakal mati ana ing peprangan, lan kekarèné sing urip bakal Dakbuyaraké ing kéblat papat, nganti kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran Allah. Mengkono pangandikané Pangéran."

22Pangandikané Pangéran Allah mengkéné, "Aku bakal nyempal pucuké wit èrès lan nugel pang sing lagi trubus. Bakal Daktandur ana ing gunung sing dhuwur.

23Gunungé Israèl sing dhuwur dhéwé. Tanduran mau bakal metokaké pang lan wiji, lan dadi wit èrès sing gedhé paédahé. Manuk-manuk rupa-rupa bakal nusuh ana ing kono, sarta olèh pangéyuban ana ing sangisoring pang-pangé.

24Sakèhé wit sing ana ing tanah kono bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran. Aku sing negor wit-wit gedhé, lan ndadèkaké wit-wit sing cilik dadi gedhé. Wit sing ijo royo-royo Dakgawé alum, lan wit alum Dakdadèkaké ijo royo-royo. Aku Pangéran sing ngandika mengkono. Aku bakal nindakaké apa sing Dakdhawuhaké."



 <<  Yehezkiel 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel