Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 18 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Yagéné wong-wong ing tanah Israèl gawéné ngucapaké pasemon sing mengkéné: ‘Para bapa padha mangan woh mentah, untuné anak-anaké padha dadi linu.’

3Demi gesang-Ku, pasemon kuwi bakal ora kocap menèh ana ing Israèl.

4Uripé saben wong kuwi kagungan-Ku, uripé bapa semono uga uripé anak. Déné wong sing nglakoni dosa kuwi sing kudu mati.

5Yèn ana wong mursid sing lakuné bener lan becik,

6mangka ora nyembah brahalané wong Israèl utawa mangan sesajèn ana ing candhi-candhi, ora ngrusuhi bojoné pepadhané lan ora turu karo wong wadon sing lagi nggarap sari,

7ora nindhes wong liya, mbalèkaké gadhèné wong, ora ngrampas apa-apa, awèh mangan wong luwé, awèh sandhangan marang wong kewudan,

8ora nganakaké dhuwit nganggo anakan akèh, ngedohi laku culika lan gawé putusan sing adil ana ing pirembugan,

9wong sing mengkono mau mbangun-turut marang dhawuh-Ku lan netepi préntah-Ku temenan, wong kuwi bakal urip.

10Nanging yèn wong mau duwé anak lanang sing ngrampog lan matèni wong utawa nglakoni salah sawijining penggawé sing kaya mengkono,

11(kang ora tau dilakoni déning bapakné) sarta mangan sajèn ana ing candhi-candhi, lan ngrusuhi bojoné pepadhané,

12seneng ngapusi wong mlarat, ngrampas, ora mbalèkaké gadhèné wong, ziarah menyang candhi-candhiné wong kapir, nyembah brahala nistha,

13nganakaké dhuwit nganggo anakan akèh, apa wong sing mengkono mau bakal urip? Mesthi ora! Wong mau wis nglakoni prekara-prekara sing nistha, mulané kudu mati. Patiné merga saka pialané dhéwé.

14Yèn wong mau duwé anak lanang liyané, lan weruh dosa-dosa sing dilakoni déning bapakné, nanging ora kèlu nglakoni dosa-dosa mau,

15ora mèlu nyembah brahalané wong Israèl utawa mangan sesajèné brahala ana ing candhi-candhi, ora ngrusuhi bojoné pepadhané,

16ora nindhes wong mlarat utawa ngrampas barangé wong, mbalèkaké gadhèné wong, awèh mangan marang wong sing keluwèn lan sandhangan marang wong sing kewudan,

17nampik nglakoni piala lan ora nganakaké dhuwit nganggo anakan akèh, sarta netepi dhawuh-Ku temenan, wong mau bakal ora mati merga déning dosané bapakné, wong mau mesthi bakal urip.

18Nanging bapakné sing gawéné nindhes, ngrampas, lan nglakoni bab-bab sing ora becik, kuwi bakal mati merga saka kaluputané.

19Saiki kowé takon, apa sebabé anak ora diukum merga saka dosané bapakné? Wangsulané, merga si anak nindakaké sing bener lan becik, netepi dhawuh-Ku temenan lan tliti, mulané mesthi bakal urip.

20Wong sing nglakoni dosa kuwi sing kudu mati. Anak ora mikul dosa-dosané bapakné lan bapak ora mikul dosa-dosané anaké. Wong becik bakal nampa ganjaran merga saka kabecikan sing dilakoni, lan wong ala bakal nampa paukuman asilé piala sing dilakoni.

21Yèn wong ala mari enggoné nindakaké piala, banjur netepi dhawuh-Ku, sarta nindakaké kabeneran lan kabecikan mesthi bakal ora mati, nanging bakal urip.

22Sakèhé dosané bakal diapura lan wong mau mesthi bakal urip.

23Apa Aku rena mirsani patiné wong ala? Ora! Nanging Dakarep-arep supaya mratobat!

24Nanging wong becik sing mari olèhé nindakaké kabecikan, malah banjur nindakaké piala, sakèhé kabecikan sing wis dilakoni bakal ora dianggep, wong kuwi kudu mati merga saka enggoné ora setya lan merga saka dosa-dosané.

25Ana wong sing muni, ‘Pendamelé Pangéran kuwi ora adil.’ Rungokna, hé wong Israèl. Sing ora bener kuwi Aku apa kowé?

26Yèn wong mursid ninggal kamursidané, banjur nglakoni piala sarta mati, kuwi mati merga saka dosa sing dilakoni.

27Yèn wong ala ninggal lakuné sing ala, sarta nglakoni sing bener lan becik, kuwi nylametaké uripé.

28Wong mau krasa yèn sing dilakoni mau ora bener, banjur marèni tindaké sing ala, wong kuwi mesthi bakal ora mati, bakal lestari urip.

29Éwadéné kowé wong Israèl padha muni, ‘Tumindaké Pangéran kuwi ora adil.’" Sing ora adil kuwi Aku apa kowé?

30"Aku Pangéran Allah ngandika yèn bakal ngadili kowé siji-siji manut penggawému dhéwé-dhéwé. Padha mratobata saka dosa-dosamu supaya kowé ora ditumpes merga saka dosamu.

31Buwangen piala sing koklakoni, lan anyarna ati lan pikiranmu.

32Gusti Allah ora ngersakaké wong Israèl padha mati? Mula padha mratobata, supaya kowé urip! Mengkono pangandikané Pangéran Allah."



 <<  Yehezkiel 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel