Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 23 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, ana wong wadon loro kakang-adhi.

3Nalika isih nom lan manggon ing tanah Mesir padha dadi sundel.

4Sing tuwa jenengé Ohola (ngibarataké Samaria), sing enom Oholiba (ngibarataké Yérusalèm). Wong loro mau Dakpundhut garwa lan metokaké anak akèh.

5Senajan wis Dakpundhut garwa, éwasemono Ohola tetep nerusaké enggoné nyundel, lan kepéncut karo wong Asyur.

6Wong Asyur mau serdhadhu-serdhadhu sing nganggo pakéan seragam wungu, priyayi lan perwira-perwira sing dhuwur pangkaté. Kabèh perwira-perwira tentara jaranan sing bagus-bagus.

7Ohola mau nyundel nglayani perwira-perwira Asyur kabèh mau, lan merga hawa-nepsuné wong mau kèlu nyembah para brahalané wong Asyur lan srana mengkono najisaké awaké dhéwé.

8Dadi Ohola nerusaké enggoné dadi sundel, sing diwiwiti nalika isih ana ing tanah Mesir. Wiwit nalika isih prawan wis gawéné turu karo wong lanang, sing padha nganggep wong kuwi pancèn sundel.

9Wong mau banjur Dakulungaké marang para dhemenané, yakuwi wong Asyur, sing banget dikaremi.

10Banjur diwudani, anaké lanang lan wadon padha ditawan, wekasané dipatèni nganggo pedhang. Wong wadon ing ngendi-endi padha nyatur kaanané Ohola mau.

11Senajan Oholiba weruh kaanané mbakyuné sing kaya mengkono mau, malah saya nemen enggoné nyundel, ngungkuli Ohola.

12Wong mau iya gandrung karo para priagung lan para perwira Asyur, serdhadhu-serdhadhu sing nganggo seragam rupa-rupa. Semono uga gandrung karo perwira-perwira tentara jaranan sing nom-nom lan bagus-bagus.

13Aku nyipati dhéwé yèn Oholiba kasusilané wis rusak banget, malah ngungkuli mbakyuné.

14(23:14-15) Saya suwé saya banget enggoné nglakoni nistha. Kasmaran weruh gambaré para punggawa Babil sing kaukir ana ing témbok-témbok nganggo rupa abang mbranang, bangkèkané nganggo sabuk, sirahé nganggo sorban lan koncèr.

15(23:14)

16Bareng weruh gambar mau sanalika Oholiba banjur gandrung, mula kongkonan marani wong-wong Babil mau.

17Wong Babil banjur padha teka ngumbar hawa-nepsuné, Oholiba tumindak sing njijiki karo wong-wong Babil mau.

18Angger wong dipamèri yèn dhèwèké sundel, nganti angger wong ngerti yèn wong kuwi sundel. Aku jijik karo wong mau, ora béda enggon-Ku jijik karo mbakyuné.

19Enggoné dadi sundel saya ndadi, tingkah lakuné kaya dhèk isih prawan dadi sundel ana ing tanah Mesir.

20Wong kuwi kepéncut karo wong lanang sing nepsuné kaya birainé jaran.

21(Oholiba, kowé kepéngin mbalèni uripmu dhèk prawan ana ing Mesir, nalika kasusilanmu bobrok babar-pisan, nalika payudaramu digawé dolanan lan kowé kélangan tandhané enggonmu isih prawan.)"

22"Mulané, hé Oholiba, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, ‘Kowé wis bosen karo para dhemenanmu, nanging wong-wong kuwi bakal Dakgawé muring karo kowé, lan Daktekakaké supaya ngepung kowé.

23Wong Babil, wong Kasdim, wong Pekod, wong Soa, wong Koa lan wong Asyur kabèh. Sakèhé para wong gedhé, para perwira, para pegawé sing dhuwur pangkaté lan para jéndral tentara jaranan, sakèhé wong nom sing bagus-bagus mau bakal Dakklumpukaké.

24Kabèh bakal padha nyerang kowé saka Lor, nggawa tentara akèh, kréta perang lan tandhon pangan. Kowé bakal dikepung déning wong-wong mau sing padha nganggo tamèng lan tropong sirah. Kowé bakal Dakulungaké ing tangané lan kuwi sing bakal padha ngadili kowé manut prenatané dhéwé.

25Sarèhné Aku duka karo kowé, mulané kowé bakal Dakpasrahaké marang nepsuné wong-wong mau. Irungmu lan kupingmu bakal dipagas, anak-anakmu dipatèni. Anakmu lanang lan wadon bakal direbut lan diobong urip-uripan.

26Sandhanganmu bakal disuwèk-suwèk, lan raja-branamu dijupuki.

27Kowé bakal Dakgawé mari enggonmu kepéncutan lan nyundel kaya sing wis koklakoni wiwit kowé isih ana ing tanah Mesir. Kowé bakal ora kepéngin nyembah brahala menèh lan ora bakal ngéling-éling kaanan ing Mesir menèh.’"

28Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Kowé bakal Dakulungaké marang wong-wong sing sengit marang kowé lan kokanggep jijik.

29Sarèhné padha sengit marang kowé, mulané bakal njupuki sakèhé barang asilé kangèlanmu, mula kowé kewudan kaya sundel. Kuwi kabèh merga saka enggonmu nyundel

30lan gedhéné nepsumu. Kowé kuwi sundelé para bangsa lan najisaké awakmu dhéwé srana nyembah brahala.

31Sarèhné kowé niru sedulurmu tuwa, mulané kowé bakal Dakombèni saka tuwung sing isi paukuman, padha karo sing Dakombèkaké marang mbakyumu."

32Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Kowé bakal ngombé saka tuwungé mbakyumu; tuwung sing jero lan amba cangkemé. Kowé bakal dipoyoki déning angger wong; tuwung kuwi wis kebak.

33Kowé bakal dadi mendem lan atimu judheg, kuwi tuwung sing marahi giris lan rusak, mengkono tuwungé mbakyumu Samaria.

34Tuwung mau bakal kokombé saampasé, karo ngremet-ngremet payudaramu. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."

35Mengkéné pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa menèh, "Sarèhné kowé lali karo Aku sarta nyingkur Aku, mulané kowé bakal ngrasakaké sangsara merga saka nepsumu lan enggonmu nyundel."

36Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Hé wong apes, apa kowé wis siyaga ngadili Ohola lan Oholiba? Wong loro kuwi dakwanen merga wis padha nglakoni penggawé-penggawé sing nistha.

37Wis padha laku jina lan mematèni, padha nyembah brahala lan matèni anak-anaké sing dilairaké kanggo Aku. Anak-anaké padha dienggo kurban marang para brahala.

38Isih ana tunggalé. Pasucèn-Ku padha dinajisaké, prenatan dina Sabbat sing Daktetepaké ora padha ditindakaké.

39Sabanjuré nalika padha nyembelèh anak-anaké kanggo brahalané, ing dina kuwi uga padha nekani Pedaleman-Ku, lan najisaké kasucèné!

40Bola-bali enggoné kongkonan nekakaké wong lanang saka adoh lan wong-wong mau padha teka temenan. Ohola lan Oholiba banjur padha adus, mulas alisé lan nganggo hiasané.

41Banjur padha lungguh ana ing peturoné, ngadhepaké méja kebak barang-barang èdi, semono uga dupa lan lenga wangi enggon-Ku maringi.

42Banjur ana swarané wong akèh sing padha seneng-seneng, para wong lanang saka ara-ara samun padha mlebu. Wong-wong mau padha masang gelang ana ing tangané wong wadon loro mau, sarta masang makutha ana ing sirahé.

43Aku mbatin wong kuwi padha nylèwèng karo sundel sing wis rusak awaké merga saka suwéné enggoné nyundel.

44Wong-wong lanang mau padha bola-bali marani sundel-sundel Ohola lan Oholiba, wong wadon sing wis bejat kasusilané.

45Wong mursid bakal ngadili wong-wong mau karo ndakwa laku jina lan gawé pati, merga padha laku bédhang lan tangané gluput getih."

46Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Nekakna grombolané kècu supaya nyiksa sundel-sundel kuwi lan ngrampogi barang-barangé.

47Karebèn dibenturi watu lan disembelèh nganggo pedhang, anak-anaké dipatèni lan omah-omahé diobong ludhes.

48Aku bakal nyegah supaya satanah kabèh wong padha ora nindakaké kanisthan menèh, minangka pepéling supaya wong wadon padha ora laku bédhang menèh kaya Ohola lan Oholiba.

49Déné kowé, wong wadon loro kakang-adhi bakal Dakukum merga enggonmu wis nindakaké pegawéan nistha lan dosamu nyembah brahala. Mula kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran Kang Mahakwasa."



 <<  Yehezkiel 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel