Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 24 >> 

1Ing dina kaping sepuluh, sasi kaping pat, taun kaping sangané enggonku padha ana ing pembuwangan, Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, dina iki catheten, merga dina iki raja Babil wiwit ngepung kutha Yérusalèm.

3Umat-Ku sing mbangkang kuwi tuturana nganggo pasemon. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sing paring pasemon kanggo wong-wong mau. Kèncèngé isènana banyu, tumpangna ing geni.

4Banjur isènana kethok-kethokan daging sing becik dhéwé— daging pundhak lan pupu !!— karo balung pilihan.

5Dagingé daging wedhus gèmbèl pilihan; sugokna kayu sing akèh ing sangisoring kèncèng. Banyuné karebèn umob, balung lan dagingé godhogen bebarengan."

6Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Kuthané wong sing seneng mematèni bakal ketekan paukuman! Kutha mau kaya kèncèng tiyèngen sing ora tau diresiki. Kethok-kethokan daging dicidhuk siji-siji, nganti ora ana sing kèri.

7Ing kutha kéné akèh wong sing padha dipatèni, nanging ing lemah ora ana tilasé getih sing ketutupan ing awu, sebab getihé padha nyiprat ana ing watu karang.

8Daktogaké ana ing kana, supaya getih mau ora ketutupan lan nekakaké paukuman kanggo males sing gawé pepati."

9Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Kuthané wong sing seneng matèni kuwi bakal ketekan paukuman! Aku dhéwé sing bakal nyugokaké geniné.

10Tambahana kayuné! Geniné tépasana! Dagingé godhogen! Kaldhuné buwangen! Balungé obongen.

11Kèncèngé tembaga sing kothong mau tumpangna ana ing mawa sing mengangah. Srana mengkono kèncèng mau bakal dadi resik menèh, merga tiyèngé wis kobong kabèh.

12Éwasemono ora kabèh tiyèng bakal mèlu kobong.

13Hé Yérusalèm, penggawému sing kurang tata kuwi njalari kowé dadi najis. Senajan wis Dakcoba Dakgawé resik, nanging kowé tetep kotor. Kowé ora bakal dadi resik, yèn durung ngrasakaké mulading paukuman-Ku.

14Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sing ngandika. Wis tekan titi-mangsané Aku tumindak. Aku ora bakal lali karo dosa-dosamu lan ora bakal maringi kawelasan. Kowé bakal nampa paukuman kanggo sakèhé penggawému. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."

15Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

16"Hé wong apes, Aku bakal mundhut wong sing koktresnani banget kanthi dadakan. Nanging kowé aja ngresula, sambat-sambat utawa ngetokaké luh.

17Kowé aja ketara yèn mentas kepatèn. Sirahmu tetepa serbanan lan sikilmu sandhalan. Kowé aja nutupi raimu utawa mangan panganan sing lumrahé dipangan déning wong sing lagi kepatèn."

18Dina kuwi, nalika isih ésuk umun-umun, aku omong-omong karo wong sawetara. Soréné bojoku kapundhut. Dina candhaké aku nindakaké kaya sing didhawuhaké déning Pangéran marang aku.

19Wong-wong padha nakoni aku, "Kénging menapa panjenengan tumindak mekaten?"

20Wangsulanku mengkéné, "Pangéran wis ngandika karo aku yèn Panjenengané kersa paring dhawuh marang wong Israèl mengkéné,

21‘Kowé padha ngegung-egungaké Pedalemané Allah merga enggoné kukuh. Kowé seneng nyawang lan mlebu mrono, nanging Pangéran bakal najisaké pasucèn mau. Malah anak-anakmu sing isih cilik kekarèné brayatmu bakal padha dipatèni ana ing peprangan.

22Sawisé mengkono kowé bakal tiru aku, ora nutupi raimu lan ora mangan pangan sing lumrahé dipangan déning wong sing mentas kepatèn.

23Kowé yèn metu saka ngomah bakal tetep serbanan lan tetep mlaku nganggo sandhal, lan kowé bakal ora sesambat utawa nangis. Kowé bakal mati ngenes, lan sesambat karo kancamu.

24Kaya mengkono enggonku saiki dadi pretandha marang kowé; kowé bakal nindakaké apa sing daktindakaké. Pangéran ngandika, samasa kuwi mau kabèh wis kelakon, kowé bakal padha ngerti yèn Panjenengané mau Pangéran Kang Mahakwasa.’"

25Pangéran ngandika menèh mengkéné, "Hé wong kang apes, Pedalemané Allah sing kukuh lan déning wong Israèl diegung-egungaké sarta sing nyenengaké atiné, nganti padha seneng nyawang lan mlebu mrono, kuwi bakal Daksirnakaké. Semono uga anak-anaké wong Israèl lanang lan wadon bakal Dakpundhut.

26Ing dina kelakoné kuwi mau bakal ana wong sing bisa oncat, banjur ngabari kowé.

27Ing dina kuwi uga kowé bakal bali bisa guneman menèh, mari saka enggonmu bisu, kowé banjur bakal kandha karo wong sing nggawa kabar mau. Kaya mengkono enggonmu bakal dadi pretandha marang wong-wong Israèl, lan wong-wong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran."



 <<  Yehezkiel 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel