Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 25 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné.

2"Hé wong apes, wedharna pangandika-Ku kanggo bangsa Amon.

3Padha rungokna pangandikané Pangéran Allah Kang Mahakwasa, ‘Kowé padha bungah ndeleng Pedaleman-Ku digawé najis, ndeleng tanah Israèl dadi suwung lan sepi, lan ndeleng wong Yéhuda padha dibuwang ing tanah manca.

4Sarèhné kowé padha bungah, Aku bakal nekakaké bangsa-bangsa saka ara-ara samun sisih Wétan sing bakal padha nelukaké kowé. Bangsa-bangsa mau bakal padha ngedegaké kémahé ana ing tanahmu sarta padha manggon saterusé ana ing kono. Wong-wong mau bakal padha mangan woh-wohanmu sarta ngombé susuning raja-kayamu.

5Kuthamu Raba bakal Dakdadèkaké pangonan unta, lan setanah Amon kabèh bakal Dakdadèkaké pangonan wedhus, supaya kowé ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"

6Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Kowé padha keplok-keplok lan jingkrak-jingkrak saka senengmu. Kowé padha bungah merga Israèl nandhang sangsara.

7Sarèhné mengkono tumindakmu, kowé bakal Dakulungaké marang bangsa-bangsa liya sing bakal ngrampog kowé entèk-entèkan. Kowé bakal Daksirnakaké nganti tapis, nganti wis ora dadi bangsa lan bakal ora duwé tanah dhéwé. Sarta kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran."

8Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Sarèhné Moab duwé pangucap yèn Yéhuda kuwi ora béda karo bangsa-bangsa liyané,

9mulané kutha-kutha ing sauruté tapel wates sing mbètèngi Moab bakal Dakulungaké supaya digempur déning mungsuh, senajan kutha-kutha sing éndah dhéwé kayata Bèt-Yésimot, Baal-Méon, lan Kiryataim.

10Aku bakal nekakaké bangsa-bangsa saka segara wedhi sisih Wétan supaya nelukaké Moab lan Amon, nganti Moab bakal mari enggoné dadi bangsa.

11Moab bakal Dakukum, supaya padha ngerti yèn Aku iki Pangéran."

12Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Wong Édom nindakaké pemales sing ambek siya banget marang Yéhuda, kuwi ateges gawé kaluputan gedhé.

13Mulané Édom bakal Dakukum, lan saben wong sarta kéwané bakal Dakpatèni. Édom bakal Dakdadèkaké jugrugan, wiwit saka kutha Téman nganti tekan Dédan, sarta saben wong bakal dipatèni ana ing peprangan.

14Umat-Ku Israèl bakal nindakaké pemales-Ku marang Édom, nganti Édom bakal ngrasakaké bentèring duka-Ku, Édom bakal ngrasakaké sepira aboté pemales-Ku. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."

15Pangéran Kang Mahakwasa ngandika, "Wong Filistin wis padha nindakaké pemales sing ambek siya banget marang satruné bebuyutan, nganti padha disirnakaké kabèh.

16Mulané wong Filistin bakal Dakgepuk lan Daksapu resik saka ing bumi. Kabèh wong sing manggon ana ing tanah ngaré Filistin bakal Daksirnakaké.

17Paukuman-Ku bakal nggegirisi lan pemales-Ku bakal timbang karo paukuman-Ku, nganti bakal padha ngerti yèn Aku iki Pangéran."



 <<  Yehezkiel 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel