Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 26 >> 

1Nalika aku ana ing pembuwangan, ing taun kaping sewelas, sasi kapisan tanggal kapisan Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, wong ing kutha Tirus padha ngécé Yérusalèm karo muni mengkéné, ‘Gapurané bangsa-bangsa wis ambruk! Wis mari enggoné dadi rajaning sudagar! Wis ora bakal dadi saingan kita menèh!’

3Mulané Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, ‘Ngertia wong Tirus, yèn Aku saiki dadi mungsuhmu! Aku bakal nekakaké bangsa pirang-pirang nyerbu kuthamu, lan tekané bakal kaya ombaking segara.

4Bètèngé kuthamu bakal digempur lan menara-menaramu bakal dirubuhaké. Lebuné bakal Daksapu resik, mula Tirus bakal dadi gunung karang sing gundhul.

5Panggonan kono bakal dadi papan kanggo mépé jala ana ing satengahé segara.’ Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, ‘Tirus bakal dijarah-rayah déning bangsa-bangsa;

6lan sing padha manggon ana ing kutha, ing dharatan, bakal padha dipatèni nganggo pedhang. Mula Tirus bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"

7Allah Kang Mahakwasa ngandika menèh mengkéné, "Aku bakal nekakaké Nebukadnésar saka Babil, ratuning para ratu, supaya nyerbu kutha Tirus. Tekané saka Lor, nggawa jaran, kréta perang, prejurit jaranan lan tentara akèh banget.

8Sing padha manggon ana ing kutha sing ana ing dharatan bakal padha dipatèni sajroning peprangan. Mungsuh bakal gawé kalèn-kalèn lan tanggul-tanggul, minangka tamèng sing kuwat.

9Témbok-témbokmu bakal dijugrugaké, lan menara-menaramu bakal karubuhaké nganggo andha wesi.

10Saka akèhé jaran, bledugé bakal nutupi kowé. Swarané grobag lan kréta sing digèrèd déning jaran bakal gawé kedheré témbok-témbokmu samasa padha ngliwati gapura-gapurané kutha sing wis dadi gempuran.

11Para prejurité jaranan bakal padha mlebu ing lurung-lurung sarta matèni wong-wongmu nganggo pedhang. Tugu-tugu sing kokandel-andelaké bakal padha dirubuhaké.

12Kasugihanmu bakal dirampas, lan barang-barang daganganmu bakal dijarah-rayah. Bètèngmu bakal padha dijugrugaké, lan omah-omahmu sing éndah bakal dibrukaké. Watu-watuné, kayu-kayuné, gapurané bakal kabuwang ing segara.

13Enggonmu ngidung, semono uga enggonmu ngunèkaké clempung bakal Dakendheg.

14Kuthamu bakal Dakdadèkaké gunung karang sing gundhul, dadi panggonané para wong golèk iwak mépé jalané. Kutha mau bakal ora dibangun menèh. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."

15Ana dhawuhé Pangéran Kang Mahakwasa nganggo kutha Tirus mengkéné, "Menawa kowé ditelukaké wong-wong sing padha manggon ana ing sauruting pesisir, bakal padha gemeter krungu panjerité wong-wong sing padha disembelèh.

16Para rajaning bangsa-bangsa sing lelayaran bakal padha kegèsèr saka dhamparé. Wong-wong mau bakal padha nyopot jubahé lan sandhangané réndan, banjur lungguh ing lemah karo gemeter. Saka girisé ndeleng kaananmu nganti ora lèrèn-lèrèn enggoné ndhredheg wèl-wèlan.

17Wong-wong mau bakal padha nglagokaké kidungé wong kepatèn, ‘Kutha sing misuwur kuwi wis ambruk! Prau-prauné wis disapu resik saka segara. Biyèn penduduk kutha kéné padha ngwasani segara, lan nekakaké pagiris marang wong sing padha manggon ana ing pesisir.

18Saiki, bareng kutha mau wis rubuh, wong-wong sing padha manggon ing pulo-pulo padha gemeter, merga padha kagèt ndeleng karusakan sing semono gedhéné.’"

19Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Kowé bakal Dakdadèkaké kutha jugrugan sing ora dienggoni wong menèh. Kowé bakal Dakslulupaké ing segara.

20Kowé bakal Daklebokaké ana ing jagadé wong mati, dadi siji karo wong-wong sing wis mati dhèk jaman kuna. Kowé bakal manggon ana ing jagadé wong mati kono selawas-lawasé, amor karo roh-rohé wong sing wis padha mati. Mulané kutha iki ora bakal dienggoni wong menèh, lan ora kepétung dadi panggonané wong urip.

21Kowé bakal dadi conto sing nggegirisi, lan kuwi wekasané uripmu. Wong padha nggolèki kowé, nanging ora bakal nemokaké kowé menèh ing selawas-lawasé. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."



 <<  Yehezkiel 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel