Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 27 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, nglagokna kidung pelayatan kanggo wong Tirus,

3kutha sing ana ing sapinggiring segara lan dedagangan karo bangsa-bangsa ing daérah pesisir. Kandhakna apa sing dingandikakaké Pangéran kanggo wong-wong mau mengkéné, ‘Tirus, kowé ngegung-egungaké kaéndahanmu sing sempurna.’

4Omahmu ana ing segara, kowé dibangun déning para ahli bangunan kaya prau sing becik banget.

5Kowé digawé nganggo kayu beros saka Gunung Hèrmon, lan cagaké layarmu digawé saka kayu èrès.

6Dhayungmu digawé saka kayu Basan; gladhagmu digawé saka kayu cemara Siprus, dikuwati nganggo gadhing.

7Layarmu digawé saka léna alus, léna sing disulam saka tanah Mesir, gampang dititèni saka kadohan. Téndha-téndhamu kagawé saka léna alus, léna wungu saka Siprus.

8Sing ndhayung wong-wong saka kutha Sidon lan Arwad. Kelasiné wong-wongmu dhéwé sing padha trampil-trampil.

9Para tukang-kayumu wong wasis-wasis weton saka Babil. Prau-praumu sing lelayaran para kelasiné padha blanja ana ing toko-tokomu.

10Wong Pèrsia, wong Lidia lan wong Libia padha dadi serdhadhu lan tentaramu. Tamèngé lan tropongé padha cemanthèl ana ing tangsi-tangsimu. Kuwi kabèh wong-wong sing gedhé jasané, nganti kowé dadi misuwur.

11Serdhadhu-serdhadhu Arwad padha njaga bètèngmu, lan wong Gamad padha njaga menara-menaramu. Tamèngé padha dicanthèlaké ana ing témbok-témbokmu. Kuwi kabèh wong sing padha nambahi beciké negaramu.

12Kowé padha dedagangan tekan Spanyol; slaka, wesi, timah, sing akèh banget cacahé, kokijoli nganggo barang-barangmu.

13Kowé padha dedagangan karo wong Yunani, wong Tubal lan wong Mèsèkh, barang-barangmu kokijolaké batur-tukon lan barang-barang saka swasa.

14Barang-barangmu kokijolaké jaran kanggo narik kréta lan jaran tunggangan sarta bihal saka Bèt-Togarma.

15Wong-wong saka Rodhos padha dedagangan karo kowé, semono uga wong-wong sing padha manggon ana ing sauruté pesisir padha ngijolaké gadhing lan kayu keling karo barang daganganmu.

16Wong Édom padha nukoni daganganmu lan pametuné tanahmu. Enggoné mbayar kowé nganggo permata zamrud, léna wungu, léna sulaman, léna alus, mutiara lan permata dlima.

17Wong Yéhuda lan wong Israèl padha mbayar kowé nganggo gandum, madu, lenga zaitun lan bumbu-bumbu.

18(27:18-19) Wong Damsyik padha nukoni daganganmu lan mbayar nganggo anggur saka Hèlbon lan wulu wedhus saka Sahar. Padha ngijolaké wesi gemblèngan lan bumbu-bumbu karo barang-barangmu.

19(27:18)

20Wong Dédan padha ngijolaké lapak lan pakéan jarané.

21Wong Arab lan para penggedhéné bangsa Kédar padha ngijolaké wedhus gèmbèl, wedhus jawa lan wedhus bérok karo barang-barang daganganmu.

22Semono uga para sudagar ing Syéba lan Raéma padha ngijolaké barang-barangé mas-inten lan bumbu-bumbu sing larang regané.

23Sudagar-sudagar saka kutha Haran, Kané, lan Èden, saka Syéba lan Asyur sarta Kilmad kabèh padha dedagangan karo kowé.

24Padha ngedol marang kowé sandhangan-sandhangan éndah, mori wungu lan mori sulaman, babut permadhani sing manéka rupa, dhadhung lan tali-tali sing kuwat banget.

25Para sudagarmu padha nunggang kapal dagang gedhé-gedhé. Kuthamu presasat kapal gedhé, kebak barang dagangan, kemambang ana ing segara.

26Bareng para pendhayungmu padha nggawa kapalmu metu ana ing segara, dumadakan ana angin saka Wétan ngeremaké kapalmu, adoh saka padununganmu.

27Kasugihan lan barang-barang daganganmu, semono uga matrus-matrus lan pendhayungmu, para tukang lan para sudagarmu, sakèhé prejurit sing ana ing kapal !!— kabèh padha kleleb ing segara, kèrem bareng karo kapalmu.

28Panjerité para matrus sing kleleb nganti keprungu saka dharatan.

29Wong kabèh nuli padha ninggal kapalé lan saben matrus nglangi menyang dharatan.

30Wong kabèh padha nangisi kaananmu, sirahé padha disawuri awu, banjur padha nglésod ana ing lebu.

31Sirahé padha dicukur, banjur padha nganggo sandhangan bagor. Atiné sedhih banget ndeleng kaananmu nganti nangis kelara-lara.

32Padha nglagokaké kidungé wong kepatèn, karo sesambat, ‘Sapa sing bisa madhani Tirus. Tirus sing saiki kakubur ana ing segara?

33Para sudagarmu sing padha lelayaran menyang negara manca padha nyukupi kebutuhané saben bangsa. Raja-raja padha dadi makmur, merga saka akèhé barang daganganmu.

34Saiki kowé kèrem ana ing segara, ambles ana ing dhasaré samodra. Barang daganganmu lan kabèh penumpangé sirna bareng karo kowé ana ing segara.’

35Saben wong sing manggon ana ing sauruté pesisir padha kagèt meruhi kaananmu. Para rajané padha ketaman ing giris, lan katon wedi banget.

36Saiki kowé ora ana, lan ora bakal bali menèh ing selawas-lawasé. Sakèhé sudagar ing bumi padha giris, merga bisa uga bakal ngalami musibah kaya sing kokalami."



 <<  Yehezkiel 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel