Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 3 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé manungsa sing apes, gulungan kitab iki panganen, banjur budhala lan bangsa Israèl tuturana."

2Aku banjur mangap, lan Panjenengané ngulungaké kitab gulungan mau supaya dakpangan.

3Pangandikané, "Hé manungsa sing apes, kitab gulungan sing Dakparingaké iki panganen nganti wareg." Kitab gulungan mau banjur dakpangan, rasané legi kaya madu.

4Gusti Allah banjur ngandika, "Hé manungsa sing apes, bangsa Israèl paranana, banjur kandhanana sedhéngah prekara sing Dakdhawuhaké marang kowé.

5Kowé ora Dakutus marani bangsa sing basané angèl kokngertèni, nanging nemoni bangsa Israèl.

6Yèn kowé Dakutus marani bangsa gedhé sing basané ora kokngertèni, bangsa mau bakal nggugu karo kandhamu.

7Nanging ora ana wong Israèl sing bakal ngrungokaké kandhamu, malah Aku piyambak ora digugu. Wong kabèh mau padha wangkal atiné lan seneng nglawan.

8Saiki atimu bakal Dakgawé wangkal lan atos kaya wong-wong mau.

9Atimu bakal Dakgawé teguh kaya watu karang lan atos kaya inten. Aja wedi karo bangsa sing nglawan kuwi."

10Pangandikané Pangéran sabanjuré, "Hé manungsa sing apes, gatèkna lan nitènana sadhéngah prekara sing Dakdhawuhaké marang kowé.

11Banjur lungaa marani sedulur-sedulurmu tunggal bangsa sing ana ing pembuwangan, lan kandhanana apa sing Dakdhawuhaké marang wong-wong mau, ora preduli apa padha ngrungokaké apa ora. Mengkono dhawuhé Allah Kang Mahakwasa."

12Aku banjur diangkat déning Rohé Allah, sarta krungu ing mburiku ana swara gemuruh sora, pangucapé, "Pinujia kamulyané Pangéran ana ing swarga luhur!"

13Aku krungu swara swiwiné para makluk tempuk ing langit, sarta gemlèdhègé rodha-rodha sing banteré kaya lindhu.

14Aku banjur katedhakan Rohé Pangéran sing ngwasani aku. Aku dijunjung lan disingkiraké; aku banjur lunga karo ati mangkel lan jèngkèl.

15Aku bali menyang Tèl Abib, ing pinggiring Kali Kebar, panggonané wong buwangan lan ana ing kana aku dheleg-dheleg pitung dina lawasé merga gumun karo sakèhing prekara sing dakdeleng lan dakrungu.

16Let pitung dina ana pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

17"Hé manungsa sing apes, kowé Dakdadèkaké penjagané bangsa Israèl. Kowé kudu nerusaké pepéling-pepéling sing Dakparingaké marang kowé.

18Yèn Aku ngandika marang wong ala, yèn bakal mati, mangka wong mau ora kokélingaké supaya mratobat lan dislametaké, wong ala mau bakal mati saka dosané, nanging kowé iya bakal Dakukum merga kowé njalari patiné wong mau.

19Yèn wong ala mau wis kokélingaké, nanging ora marèni enggoné laku dosa, wong kuwi bakal mati merga saka dosané, nanging kowé dhéwé bakal slamet.

20Yèn ana wong mursid ninggal kamursidané lan nglakoni piala, Aku bakal nyèlèhaké watu sandhungan ana ing ngarepé, wong kuwi yèn ora kokélingaké mesthi bakal mati. Bakal mati merga saka dosané, lan Aku bakal ora ngélingi kabecikané, nanging kowé bakal Dakukum merga njalari patiné wong mau.

21Nanging yèn kowé ngélingaké wong mursid supaya aja nglakoni dosa, mangka nggugu marang pituturmu banjur marèni dosané, wong kuwi bakal lestari urip, lan kowé dhéwé iya bakal slamet."

22Aku banjur katedhakan Rohing Pangéran sarta krungu pangandikané marang aku mengkéné, "Ngadega, lungaa menyang lembah. Aku bakal ngandika marang kowé ana ing kono."

23Aku banjur budhal menyang lembah. Ana ing kono aku ndeleng kamulyané Pangéran, kaya sing dakdeleng ing sapinggiré Kali Kebar. Aku banjur mengkureb ing lemah,

24nanging Rohé Pangéran ngrasuk aku lan nangèkaké aku menèh. Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Kowé muliha, mlebua ing omah, nuli kancingen.

25Ana ing kono kowé bakal dibanda nganggo tali, nganti ora bisa lunga-lunga nemoni wong akèh.

26Ilatmu bakal Dakgawé lumpuh, nganti kowé bakal ora bisa ngélingaké wong-wong sing padha nglawan.

27Mbésuk yèn Aku ngandikan karo kowé menèh, kowé bakal Dakgawé bisa caturan menèh, mula kowé bakal bisa ngandhan-ngandhani wong-wong kuwi bab pangandika-Ku. Wong-wong mau sawetara bakal ana sing nggugu, nanging liyané bakal padha ngrèmèhaké kowé, merga sabangsa kabèh kuwi tukang nglawan." Mengkono pangandikané Pangéran.



 <<  Yehezkiel 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel