Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 30 >> 

1Pangandikané Pangéran menèh,

2"Hé wong apes, medhara wangsit lan wartakna pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa. Wartakna sing seru mengkéné, Bakal ana mangsa panyia-nyia!

3Dinané wis cedhak. Ing dina kuwi Pangéran bakal tumindak. Dina sing kebak mendhung lan pepeteng tumraping para bangsa.

4Ing tanah Mesir bakal ana peprangan, Sudan bakal gemeter. Ing Mesir wong akèh bakal padha dipatèni, tanah mau bakal dijarah-rayah lan dadi ludhesan.

5Ing peprangan mau akèh prejurit séwan sing bakal dipatèni, yakuwi prejurit séwan saka Sudan, Lidia, Libia, Arab, Kub, malah iya wong Israèl akèh."

6Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Saka Migdol ing sisih Lor tekan Aswan ing sisih Kidul akèh prejurit sing bakal mati ana ing peprangan. Tentara Mesir sing angkuh bakal katumpes. Pangéran Kang Mahakwasa sing ngandika.

7Tanah kuwi bakal dadi sepi dhéwé ing salumahing bumi, lan kutha-kuthané bakal dadi ludhesan kabèh.

8Yèn Mesir wis kaboyong lan para prejurité mati kabèh, Mesir bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

9Samasa tekan mangsané lan Mesir wis katumpes, Aku bakal ngutus tentara numpak kapal nyerbu tanah Sudan kanthi dadakan, mula wong-wong ing kana bakal padha gemeter. Dina kuwi bakal kelakon!"

10Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, "Nebukadnésar, raja ing Babil, bakal Dakagem nguras kasugihané tanah Mesir.

11Raja mau lan tentarané sing ambek siya bakal teka numpes tanah kono. Mesir bakal diserang nganggo pedhang, lan tanah mau bakal kebak mayité wong sing padha dipatèni.

12Bengawan Nil banyuné bakal Daksat lan Mesir bakal Dakulungaké lan dijajah déning wong ala. Mesir bakal ditumpes kabèh déning wong manca. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sing ngandika."

13Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, "Aku bakal numpes sakèhé reca lan brahala sing ana ing Mèmfis. Ing Mesir bakal ora ana penggedhé menèh lan kabèh wong bakal ketaman pagiris.

14Aku bakal numpes lan ngobong kutha-kuthané mengalor tekan Soan. Kutha Tèbès bakal Dakukum.

15Kutha Pelusium, bètèngé Mesir sing kukuh dhéwé, bakal ngrasakaké mulading duka-Ku. Kasugihané Tèbès bakal Daksirnakaké.

16Mesir bakal Dakobong lan Pelusium bakal ngalami sangsara. Bètèngé Tèbès bakal ambruk, lan kutha mau bakal kebanjiran.

17Para nonoman ing kutha-kutha Héliopolis lan Bubastis bakal padha mati ana ing peprangan, lan kekarèné bakal didadèkaké tawanan perang.

18Takhpanhès bakal nampani pepeteng samasa pangwasané Mesir sing diegung-egungaké Dakpepesaké. Mesir bakal ketutupan ing mendhung lan penduduké kutha-kuthané bakal kaboyong kabèh dadi tawanan perang.

19Yèn wis ngrasakaké paukuman-Ku sing kaya mengkono mau Mesir bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran."

20Nalika enggonku padha ana ing pembuwangan nyandhak taun ping sewelasé, sasi kapisan, ing dina kapitu, Pangéran ngandika marang aku,

21"Hé wong apes, lengené raja Mesir wis Dakputung. Ora ana wong sing merban utawa mrenahaké lengen mau ing cangklongan supaya bisa tuntum menèh lan kuwat nyekel pedhang.

22Mulané Aku, Pangéran Kang Mahakwasa dhawuh mengkéné, ‘Aku iki mungsuhé raja Mesir. Lengené loro-loroné bakal Dakputung, ya lengené sing isih wutuh, ya lengen sijiné sing wis putung, mula pedhangé bakal mrucut saka tangané.

23Wong Mesir bakal Dakbuyaraké ana ing salumahé bumi.

24Yèn wis mengkono lengené raja Babil bakal Dakgawé rosa lan pedhang-Ku bakal Dakcekelaké ana ing tangané. Nanging lengené raja Mesir karo-karoné bakal Dakputung, nganti bakal gereng-gereng sesambat lan mati ana ing ngarepé mungsuhé.

25Raja Mesir bakal Dakpepes pangwasané, nanging raja Babil Dakgawé sentosa. Yèn pedhang-Ku wis Dakcekelaké ana ing tangané, angger wong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

26Wong Mesir bakal Daksebar ana ing salumahing bumi, sarta padha ngerti yèn Aku iki Pangéran.’"



 <<  Yehezkiel 30 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel