Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 32 >> 

1Nalika enggoné padha ana ing pembuwangan nyandhak taun ping rolas, ing sasi kaping rolas, tanggal kapisan ana dhawuhé Pangéran marang aku,

2"Hé wong apes, raja Mesir tuturana sing temenan. Pangandika-Ku iki kandhakna, ‘Pratingkahmu ing antarané para bangsa kuwi kaya singa, nanging sajané kowé kuwi ngèmperi baya sing ciblon ana ing kali. Banyuné kokgawé buthek nganggo sikilmu, mula kali-kali dadi reged.

3Yèn para bangsa padha nglumpuk, kowé bakal Dakjala lan kowé bakal digèrèd saka kali menyang dharatan.

4Kowé bakal Dakbanting ana ing lemah lan dagingmu Dakpakakaké manuk ing awang-awang lan kéwan-kéwan ing salumahing bumi karebèn padha wareg.

5Gunung-gunung lan lembah-lembah bakal Dakkebaki dagingmu sing bosok kuwi.

6Getihmu bakal Dakesokaké lan Dakciprataké ana ing gunung-gunung sarta Dakilèkaké ana ing kali-kali.

7Samasa kowé Daktumpes, langit bakal Daktutupi lan lintang-lintang padha Dakpetengi. Srengéngé bakal Daktutupi nganggo mendhung lan rembulan bakal ora nyorotaké padhangé.

8Kabèh sing sumunar ana ing langit bakal Dakdadèkaké peteng lan salumahing bumi bakal Dakkemuli pepeteng. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa kang ngandika.

9Akèh bangsa bakal padha susah samasa krungu sing Dakwartakaké marang sakèhé negara bab sangsara sing nekani kowé.

10Bangsa-bangsa bakal padha kagèt yèn krungu apa sing Daktindakaké marang kowé. Samasa Aku ngobat-abitaké pedhang-Ku, raja-raja bakal padha gemeter saka wediné. Ing dina sirnamu, sakèhé raja-raja bakal padha wèl-wèlan saka wediné merga nyumelangaké uripé dhéwé.’"

11Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang raja Mesir, "Kowé bakal ngadhepi pedhangé raja Babil.

12Aku bakal nekakaké serdhadhu-serdhadhu sing ambek siya saka bangsa ngendi-endi. Bakal padha ngunus pedhangé matèni para kawulamu kabèh. Wongmu kabèh, lan samubarang liyané sing kokegung-egungaké bakal disirnakaké.

13Raja-rajamu bakal Dakpatèni ing panggonané ngombé. Mula bakal ora ana manungsa utawa kéwan sing gawé butheké banyu menèh.

14Banyu-banyu bakal menep lan bali bening menèh, kali-kali bakal anteng iliné.

15Samasa Mesir wis Dakdadèkaké sepi mamring lan apa sing urip ing kana wis Daktumpes kabèh, ing kono wong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran Kang Mahakwasa.

16Pepéling sing tandhes iki dadia nyanyiané wong kepatèn. Para wong wadoné bangsa-bangsa bakal ngidungaké nyanyian kuwi kanggo nangisi Mesir lan penduduké sing padha mati. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."

17Nalika enggonku padha ana ing pembuwangan nyandhak taun ping rolas, ing sasi kapisan tanggal limalas, Pangéran ngandika marang aku,

18"Hé wong apes, wong Mesir pirang-pirang sing padha mati kuwi tangisana. Wong-wong sing padha mati lan para rajané bangsa-bangsa sing gedhé pangwasané kuwi cemplungna ing donyané wong mati.

19Kowé munia mengkéné, ‘Apa kokkira kowé kuwi luwih becik ketimbang karo wong-wong liyané? Kowé bakal kacemplungaké ana ing donyané wong mati, lan ana ing kono bebarengan karo wong sing ora kenal karo Allah.’

20Wong-wong Mesir bakal kalebokaké ing donyané wong mati, bebarengan karo wong-wong sing padha mati ana ing peprangan. Pedhangé wis kaunus, kanggo matèni wong mau kabèh.

21Para pahlawan sekti sing biyèn dadi balané Mesir, padha methukaké wong-wong Mesir sing mlebu ana ing donyané wong mati. Padha surak-surak mengkéné, ‘Wong-wong sing padha ora kenal karo Allah lan mati ing sajroning peprangan padha teka lan saiki padha amor ana ing kéné!’

22Asyur ana ing kono, dikubengi pekuburan-pekuburané para serdhadhuné.

23Kuwi kabèh padha mati ing sajroning peprangan, kuburané ana ing donyané wong mati sing jero dhéwé. Kabèh serdhadhuné sing mati ing peprangan ana ing kono, lan kuburané padha ngubengi Asyur. Nanging dhèk biyèn wong-wong mau tau gawé girisé wong urip.

24Élam iya ana ing kono, dikubengi kuburané serdhadhu-serdhadhuné. Wong mau kabèh matiné ana ing peprangan, lan mlebu ing donyané wong mati tanpa kenal karo Allah. Nalika uripé padha nggegirisi, nanging saiki padha gemléthak mati, diasoraké banget.

25Élam amor karo wong-wong sing padha mati ana ing peprangan, kinubengan déning kuburané serdhadhu-serdhadhuné kabèh. Kuwi kabèh wong sing padha ora tepung karo Gusti Allah, lan mati ana ing peprangan. Nalika uripé padha nggegirisi, nanging saiki gemléthak lan diasoraké banget. Nasibé padha karo wong-wong liyané sing padha mati ana ing peprangan.

26Mèsèkh lan Tubal iya ana ing kono, dikubengi kuburané para serdhadhuné. Kuwi kabèh wong sing padha ora wanuh karo Allah, lan matiné ana ing peprangan. Éwasemono dhèk biyèn padha dadi girisé wong urip.

27Wong-wong mau padha dikubur nganggo pakurmatan, kaya carané wong ngubur pahlawan dhèk jaman kuna. Para pahlawan mau mlebu ing donyané wong mati nganggo sandhangan perwira lan digawani gegamané kabèh. Pedhangé disèlèhaké ing sangisoré sirahé lan tangané ditumpangaké ana ing awaké. Para pahlawan mau dhèk biyèn gedhé pangwasané lan gawé girisé wong urip.

28Kaya mengkono kuwi para wong Mesir enggoné gemléthak ana ing antarané wong sing mati ing peprangan, sing padha ora kenal karo Allah.

29Édom iya ana ing kono karo para rajané lan para penggedhéné. Biyèn dadi perwira-perwira sing gedhé pangwasané, nanging saiki padha gemléthak ana ing donyané wong mati, awor karo wong-wong sing padha ora kenal karo Allah, lan padha mati ana ing peprangan.

30Para bangsawan negara-negara sisih Lor iya padha ana ing kono, lan wong-wong Sidon. Wong-wong kuwi dhèk biyèn padha nggegirisi, nanging saiki padha nandhang sangsara ana ing donyané wong mati, amor karo wong sing mati ana ing peprangan, wong-wong sing padha ora kenal karo Allah.

31Ndeleng wong sing mati ana ing peprangan kuwi bakal dadi panglipur kanggoné raja Mesir lan tentarané. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa.

32Raja Mesir pancèn Dakdadèkaké nggegirisi kanggo wong urip, nanging wong mau lan tentarané bakal dipatèni lan gemléthak amor karo wong-wong sing ora wanuh karo Allah, sing padha mati ana ing peprangan. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."



 <<  Yehezkiel 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel