Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 33 >> 

1Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

2"Hé wong apes, pangandika-Ku iki terusna marang bangsamu, yèn Aku ne kakaké peprangan ing sawijining negara, wong-wong ing negara mau rak milih wong jaga siji.

3Yèn wong mau weruh mungsuh teka, banjur ngunèkaké slomprèt kanggo ngabari saben wong yèn ana mungsuh teka.

4Yèn ana wong sing krungu swarané slomprèt, nanging emoh nggatèkaké, samasa mungsuh teka matèni wong mau, matiné kuwi merga saka salahé dhéwé.

5Patiné ditanggung dhéwé merga ora nggatèkaké pepéling. Yèn nggatèkaké, rak bisa oncat.

6Nanging yèn wong jaga mau weruh ana mungsuh teka, mangka ora ngunèkaké slomprèt, mungsuh mau satekané banjur bakal matèni wong-wong ing kono, wong jaga mau kudu nanggung patiné wong-wong sing padha dipatèni kuwi.

7Mulané, hé Yéhezkièl, kowé bakal Dakdadèkaké penjagané bangsa Israèl. Samasa kowé krungu pangandika-Ku, wong-wong nuli padha élingna.

8Samasa Aku ngandika marang wong duraka yèn bakal mati, mangka kowé ora ngélingaké supaya mratobat, lan tetep urip, wong mau bakal mati merga saka durakané, nanging Aku bakal mundhut tanggung jawab bab nyawané marang kowé.

9Nanging menawa kowé ngélingaké wong duraka mau supaya mratobat, mangka wongé emoh mratobat, wong kuwi bakal mati merga saka pialané, nanging nyawamu dhéwé bakal slamet."

10Pangéran ngandika marang aku, "Yéhezkièl, wong Israèl kandhanana mengkéné, ‘Kowé padha muni, aku padha nyangga sakèhé dosaku lan penggawéku sing ala, mula aku padha tiwas. Kepriyé bisaku padha lestari urip?’

11Wong-wong kuwi kandhanana, ‘Demi Aku iki Pangéran Kang Mahakwasa, Allah kang gesang, Aku ora ngersakaké patiné wong ala. Nanging ngersakaké mratobaté, supaya lestaria urip. Sing Dakkersakaké supaya padha marèni enggoné nglakoni duraka lan padha lestaria urip. Mulané hé Israèl, marènana enggonmu gawé dosa. Yagéné kowé padha seneng mati?’

12Hé Yéhezkièl, wong Israèl kandhanana, yèn ana wong mursid gawé dosa, wong mau bakal ora dislametaké déning penggawé becik sing wis dilakoni. Yèn wong jahat marèni pialané, wong mau bakal ora kaukum, lan wong mursid sing nglakoni dosa ora bakal diéman.

13Senajan Aku janji paring urip karo wong mursid, nanging samasa wong mau duwé rumangsa yèn kamursidané sing uwis-uwis kuwi wis cukup, banjur nglakoni dosa, Aku bakal ora ngélingi kamursidané sing wis kepungkur. Wong mau bakal mati merga saka dosané.

14Senajan Aku wis ngélingaké wong ala yèn bakal mati, mangka wong mau banjur marèni enggoné gawé dosa sarta nglakoni sing bener lan becik,

15kayata mbalèkaké barang sing kanggo tanggungan utang marang wong mau, utawa mbalèkaké barang sing dicolong, sarta wong mau banjur netepi dhawuh-dhawuh sing njalari urip, wong mau bakal ora mati.

16Dosa-dosa sing wis dilakoni bakal Dakapura, lan wong mau bakal lestari urip merga wis nglakoni sing bener lan becik.

17Wong Israèl iya padha muni, yèn apa sing Daktindakaké mau ora bener! Nanging ora mengkono. Sing ora bener wong kuwi.

18Yèn ana wong mursid ninggal kamursidané lan nglakoni piala, kuwi mesthi bakal mati merga saka pialané mau.

19Kosokbaliné yèn wong duraka ninggal durakané, banjur nglakoni sing bener lan becik, mesthi bakal urip merga saka tumindaké mau.

20Nanging Israèl kandha yèn apa sing Daktindakaké kuwi ora bener! Yèn mengkono kowé bakal Dakadili manut kelakuanmu dhéwé-dhéwé."

21Nalika enggonku padha kabuwang nyandhak taun ping rolas, ing sasi ping sepuluh, dina kalima, aku ketekan wong sing oncat saka Yérusalèm, kandha yèn Yérusalèm wis karebut déning mungsuh.

22Soré sadurungé tekané wong mau aku dikwaosi déning Rohé Pangéran. Bareng wong mau teka, aku bisa caturan menèh.

23Pangéran ngandika marang aku,

24"Yéhezkièl! Wong-wong sing padha manggon ana ing jejugrugané kutha-kuthané Israèl kuwi padha duwé pocapan mengkéné, ‘Abraham nalika isih piyambakan kaparingan tanah iki kabèh dadi pusakané. Saiki kita wis dadi akèh, mulané tanah iki kabèh dadi pusaka kita kabèh.’"

25Kandhaa karo wong-wong mau yèn Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang wong-wong mau mengkéné, "Kowé padha mangan daging sing isih ana getihé. Kowé padha nyembah brahala lan matèni wong. Ketemu pirang prekara kok kowé bisa kandha yèn tanah iki duwèkmu?

26Kowé padha ngendelaké pedhangmu. Tingkah-lakumu nistha, sebab angger wong ing antaramu padha nylèwèng. Apa sebabé déné kowé duwé penganggep yèn tanah iki duwèkmu?

27Kandhaa karo wong-wong mau, demi Aku iki Pangéran mahakwasa kang gesang, sakèhé wong sing padha manggon ana ing jejugrugané kutha-kutha ing Israèl kuwi bakal dipatèni kabèh. Sing padha manggon ana ing sanjabané kutha bakal padha mati dipangan kéwan galak. Sing padha manggon ing pegunungan lan ing guwa-guwa bakal padha mati déning pageblug.

28Tanah mau bakal dadi ara-ara samun, lan pangwasané sing diumukaké bangsa kuwi bakal tamat. Gunung-gunungé tanah Israèl bakal kebak bebaya, nganti ora ana wong sing wani liwat ing kono.

29Yèn wis ngrasakaké paukuman-Ku bab dosa-dosané, wong-wong mau lagi bakal padha ngerti yèn Aku iki Pangéran."

30Pangandikané Pangéran menèh mengkéné, "Yéhezkièl! Wong Israèl padha ngrasani kowé samasa lagi padha kumpulan lan ana ing omahé dhéwé-dhéwé. Tembungé, ‘Ayo padha nekani Yéhezkièl, ana pangandikané Pangéran apa marang kita.’

31Umat-Ku padha nglumpuk arep ngrungokaké apa sing bakal Dakkandhakaké, nanging apa sing kokkandhakaké mau padha ora dilakoni. Tembungmu mung dianggep kekidungan, mulané padha nerusaké lakuné sing ala.

32Kowé mung dianggep wong mbarang sing menyanyi karo nabuh clempung. Padha krungu tembungmu, nanging padha ora ngrèwès sethithik-thithika.

33Nanging mbésuk menawa tembungmu ketitik nyata !!— lan kuwi bakal kelakon !!— wong-wong mau bakal ngerti yèn ana nabi ing satengahé."



 <<  Yehezkiel 33 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel