Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 34 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku,

2"Hé Yéhezkièl, wartakna marang para penggedhé ing Israèl. Medhara wangsit marang wong-wong kuwi, kandhanana apa sing dadi dhawuh-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, mengkéné, ‘Cilaka kowé, para pangoné Israèl! Kowé padha mikir awakmu dhéwé, padha ora ngrumati wedhusmu.

3Powané padha kokombé, wuluné kokenggo gawé sandhangan, nanging wedhus sing becik dhéwé kokpatèni lan dagingé kokpangan.

4Wedhus sing ringkih ora kokrumat, sing lara ora koktambani, sing tatu ora kokblebed, sing kesasar ora kokgawa bali, sing ilang ora kokgolèki. Malah sing kuwat koksiya-siya.

5Sarèhné ora duwé pangon, wedhus-wedhus mau padha buyar, mula padha dimangsa déning kéwan galak.

6Wedhus-Ku padha nglambrang ana ing pegunungan lan gunung-gunung sing dhuwur. Padha sumebar ana ing salumahé bumi, mangka ora ana sing ngopèni utawa nggolèki.

7Mulané hé para pangon, rungokna pangandika-Ku.

8Demi Aku iki Pangéran Kang Mahakwasa, kang sipat gesang, padha ngrungokna dhawuh-Ku. Para wedhus-Ku padha ditubruk déning kéwan galak, dipatèni lan dimangsa, merga padha ora duwé pangon sing ngawasi. Para pangon-Ku padha ora niyat nggolèki lan nemokaké wedhus-wedhus mau. Para pangon mung padha mikiraké awaké dhéwé, lan ora mikir wedhusé.

9Mulané saiki padha rungokna, hé para pangon.

10Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika, kowé bakal Dakmungsuh, wedhus-wedhus-Ku bakal Dakpundhut saka kowé, lan kowé bakal Daklèrèni enggonmu dadi pangon ing selawas-lawasé. Nanging kowé iya bakal ora bisa mikir awakmu dhéwé. Wedhus-wedhus-Ku bakal Dakuwalaké saka kowé, mula kowé bakal ora bisa mangan wedhus-wedhus mau.’"

11"Aku Pangéran Kang Mahakwasa bakal madosi wedhus-wedhus-Ku lan bakal Dakrumati,

12kaya carané pangon ngrumati wedhus-wedhusé sing sumebar lan diklumpukaké menèh. Bakal padha Dakklumpukaké saka ing pangonan-pangonan enggoné kabuyaraké, nalika ana pepeteng lan bebaya.

13Bakal Dakluwari saka satengahé bangsa-bangsa manca, banjur Dakklumpukaké dadi siji sarta Dakirid mulih menyang tanahé dhéwé. Bakal padha Daktuntun bali menyang gunung-gunung lan kali-kaliné Israèl sarta Dakengon ana ing pangonan sing nyegeraké.

14Mula bakal padha nyenggut karo ayem ana ing pasuketan ing gunung-gunung lan lembah-lembah sarta ing pangonan-pangonan sing ana ing Israèl.

15Aku dhéwé sing bakal dadi pangoné wedhus-wedhus-Ku, sarta sing bakal nyawisaké papan pengasoan. Mengkono pangandikané Pangéran.

16Wedhus sing ilang bakal Dakgolèki, sing kesasar bakal Dakulihaké, sing tatu bakal Dakblebed, sing lara bakal Daktambani. Nanging sing lemu lan sing rosa bakal Daksirnakaké, merga Aku iki Pangon sing nindakaké apa samesthiné.

17Hé para wedhus-Ku, Aku Pangéran Kang Mahakwasa bakal ngadili wedhus-wedhus-Ku siji-sijiné. Sing becik bakal Dakpisah saka sing ala, sing gèmbèl Dakpisah saka sing bérok.

18Ing antaramu ana sing ora marem nyenggut suket sing becik dhéwé, ora kokpangan malah kokidak-idak! Banyu bening sing kokombé, dudu sing buthek!

19Wedhus-Ku liya-liyané kudu mangan suket sing kokidak-idak lan ngombé banyu sing kokubek-ubek.

20Mulané, Aku Pangéran Kang Mahakwasa bakal nindakaké keadilan ing satengahé wedhus-wedhus sing rosa lan sing ringkih.

21Wedhus-wedhus sing laranen kokdhesek minggir lan kokgusah nganti metu saka pepanthan.

22Nanging wedhus-wedhus kuwi bakal Dakluwari lan ora bakal Daktégakaké kasiya-siya. Saben wedhus-Ku bakal Dakrengkuh kanthi adil, sing becik bakal Dakpisah saka sing ala.

23Aku bakal ngangkat pangon dadi ratuné, kaya Dawud abdi-Ku. Pangon sing bakal ngrumati wedhus-wedhus-Ku.

24Aku, Pangéran, bakal jumeneng dadi Allahé, lan bakal ana ratu kaya abdi-Ku Dawud sing bakal mrenata. Mengkono dhawuh-Ku.

25Aku bakal nganakaké prejanjian karo umat-Ku sing nanggung yèn umat-Ku bakal urip ayem tentrem. Sakèhé kéwan galak ing tanah kéné bakal Daksirnakaké, nganti wedhus-wedhus-Ku uripé ana ing pangonan krasa aman, lan padha bisa turu ana ing alas.

26Wedhus-wedhus-Ku mau bakal Dakberkahi lan Dakpapanaké ing sakubengé gunung-Ku sing suci. Ana ing kono bakal padha Dakberkahi, Dakparingi udan ing mangsané.

27Wit-witané bakal metokaké woh, palemahané bakal ngasilaké panèn, lan angger wong bakal urip kanthi tentrem lan ayem ana ing omahé dhéwé-dhéwé. Samasa blengguné wis Dakpedhot lan umat-Ku wis Dakluwari saka tangané wong-wong sing ndadèkaké baturtukon, ing kono umat-Ku bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

28Umat-Ku bakal ora dijarah-rayah menèh déning para wong kapir, sarta ora dipatèni lan dimangsa déning kéwan galak. Uripé bakal tentrem-rahayu lan ora ana wong sing bakal ngganggu menèh.

29Palemahané bakal Dakgawé subur, lan ing tanah kono bakal ora ana paceklik menèh. Bangsa-bangsa liya bakal padha lèrèn enggoné moyoki umat-Ku.

30Saben wong bakal ngerti yèn Aku piyambak sing dadi tetamèngé, lan wong-wong kuwi umat kagungan-Ku. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa.

31Hé para wedhus-Ku, pepanthan ngongonan-Ku. Kowé kuwi umat-Ku, lan Aku iki Allahmu. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa."



 <<  Yehezkiel 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel