Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 36 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku, "Yéhezkièl, medhara wangsit marang gunung-gunungé Israèl, tuturana supaya padha ngrungokaké pangandika-Ku.

2Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang gunung-gunung mau, ‘Para mungsuhé Israèl padha seneng nyawang kasangsarané Israèl, sarta padha muni: Gunung-gunung kuwi duwèk kita!’

3Mulané mecaa lan wartakna pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, yèn samasa para bangsa ing sakiwa-tengené Israèl padha nelukaké Israèl lan njarah-rayah gunung-gunungé Israèl, wong-wong mau padha ngina Israèl.

4Mulané rungokna pangandika-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, ‘Hé gunung-gunung lan punthuk-punthuk, kali-kali lan lembah-lembah, sarta désa-désa sing dadi reruntuhan lan kutha-kutha sing suwung sawisé dijarah-rayah lan digawé pepoyokan déning bangsa-bangsa ing sakubengé.

5Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika karo duka marang para bangsa sakubengé Israèl, luwih-luwih karo Édom. Kalawan bungah lan angkuh enggoné nelukaké tanah kagungan-Ku sarta padha ngebèki pangonan-pangonan-Ku.

6Mulané mecaa marang Israèl, kandhaa karo gunung-gunungé, punthuk-punthuké, kali-kaliné lan lembah-lembahé, pangandika-Ku sing Dakwedharaké sajroning bentèring penggalih-Ku bab carané bangsa-bangsa mau mirangaké lan ngasoraké umat-Ku Israèl.

7Demi nama-Ku, Pangéran Kang Mahakwasa, bangsa-bangsa sakubengé Israèl bakal Dakasoraké.

8Nanging ana ing gunung-gunungé Israèl wit-witan bakal tuwuh menèh metokaké godhong lan woh kanggo umat-Ku Israèl. Ora suwé menèh kowé bakal bali menyang tanahmu dhéwé.

9Aku bakal ngayomi kowé lan palemahanmu bakal digarap sarta disebari wiji menèh.

10Cacahmu bakal Dakgawé saya tambah akèh, lan kowé bakal padha manggon ana ing kutha-kutha tilas jugrugan sing kabangun menèh.

11Wong lan kéwan bakal Dakgawé bebranahan, lan bakal wuwuh akèh. Cacahé bakal ngungkuli sing uwis-uwis, lan kowé bakal padha duwé anak akèh. Kowé bakal padha manggon ing pomahanmu kaya sing uwis-uwis sarta katentremanmu bakal ngungkuli jaman-jaman kepungkur. Mula kowé bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

12Kaya mengkono carané enggon-Ku bakal mbalèkaké umat-Ku Israèl menyang papan padunungané menèh. Tanah kuwi bakal dadi duwèkmu menèh lan anak-turunmu bakal ora ngalami mati kaliren selawas-lawasé.’

13Aku, Pangéran Kang Mahakwasa ngandika, ‘Pancèn bener kandhané wong menawa tanah iki diarani nyirnakaké bangsa sing manggon ana ing kono.

14Nanging saiki tanah kéné bakal ora njalari patiné anak-anaké bangsa iki. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sing ngandika mengkono.

15Wong-wong bakal ora ngrasani ala menèh karo bangsa iki, utawa nacad lan moyoki umat-Ku. Tanah iki bakal ora nyirnakaké umat-Ku lan anak-anaké. Mengkono pagandikané Pangéran Kang Mahakwasa.’"

16Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

17"Yéhezkièl! Nalika padha manggon ana ing tanahé, Israèl gawé najisé tanah mau merga solah-tingkahé. Kelakuané ana ing ngarsa-Ku kaya déné najisé wong wadon sing lagi nggarap sari.

18Mulané padha Dakdhawahi paukuman-Ku merga enggoné padha gawé pepati, sarta merga enggoné nyembah brahala, nganti padha gawé najisé tanah kono.

19Merga saka tingkah-lakuné sing mengkono mau Israèl Dakdhawahi paukuman sarta Daksebar menyang tanah manca.

20Menyanga ngendi waé parané, wong-wong kuwi mirang-mirangaké asma-Ku, merga saben wong banjur muni, ‘Wong-wong kuwi padha ditundhung saka tanah sing diparingaké déning Allahé.’

21Mulané Aku gerah ing penggalih, merga asma-Ku kang suci dinajisaké déning wong Israèl ana ing satengahé bangsa-bangsa sing padha ditekani.

22Mulané Aku Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang wong-wong kuwi lan pangandika iki kandhakna, ‘Ora merga saka kowé, Israèl, enggon-Ku tumindak kuwi, nanging merga saka asma-Ku kang suci, sing koknajisaké ana ing satengahé para bangsa sing padha koktekani.

23Aku bakal nucèkaké asma-Ku kang luhur sing wis koknajisaké ana ing satengahé para bangsa mau. Mulané para bangsa bakal padha ngerti, yèn Aku iki Pangéran. Aku Pangéran Kang Mahakwasa sing ngandika. Aku bakal ngetingalaké marang para bangsa yèn Aku iki Allah kang mahasuci.

24Kowé bakal Dakpundhut saka saben bangsa lan negara, Dakulihaké menyang tanahmu dhéwé.

25Sabanjuré kowé bakal Dakkepyuri banyu bening kanggo ngresiki sakèhing brahala lan penggawému sing gawé najismu.

26Kowé bakal Dakparingi ati anyar lan roh anyar ana ing sajroning batinmu. Atimu sing wangkot lan atos kaya watu bakal Daksingkiraké lan kowé bakal Dakparingi ati sing mbangun-turut.

27Roh-Ku bakal Dakparingaké supaya dumunung ana ing batinmu lan Aku bakal ndadèkaké kowé padha urip manut sakèhing dhawuh-Ku lan tansah netepi prenatan-prenatan-Ku.

28Sawisé mengkono kowé bakal manggon ana ing tanah sing Dakparingaké marang para leluhurmu. Kowé bakal padha dadi umat-Ku lan Aku dadi Allahmu.

29Kowé bakal Dakluwari saka sakèhé dosa lan najismu. Aku bakal ndhawuhaké supaya panènmu gandum metu nganti turah-turah, nganti kowé ora bakal ngalami paceklik menèh.

30Pametuné woh-wohanmu bakal Dakgawé akèh, semono uga pametuné palemahanmu, mula bakal ora ana paceklik menèh sing mirang-mirangaké kowé ana ing satengahé para bangsa.

31Kowé bakal tansah kèlingan karo tingkah-lakumu sing ala, lan sakèhé panerakmu, nganti kowé bakal padha éwa karo awakmu dhéwé merga saka dosa-dosa lan kanisthan sing wis koklakoni.

32Israèl, ngertia yèn pendamel-Ku kuwi mau kabèh ora merga kowé, nanging supaya kowé padha rumangsa isin lan wirang marang sakèhé piala lan kanisthan sing wis koklakoni. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sing ngandika.’"

33Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa, "Menawa kowé wis Dakresiki saka sakèhé dosa-dosamu, kowé bakal Dakparengaké ngenggoni kutha-kuthamu menèh lan mbangun reruntuhané.

34Saben wong sing tau liwat ing palemahanmu padha weruh enggoné bera lan kethukulan rerungkudan. Nanging kowé bakal Dakparengaké nggarap palemahanmu menèh.

35Saben wong ngrasani yèn lemah sing biyèn kaya alas kuwi saiki dadi kaya petamanan Éden. Mengkono uga kutha-kutha sing biyèn dijugrugaké, dirampog lan rupa jugrugan, saiki wis dienggoni lan ditémbok mubeng.

36Déné kekarèné bangsa-bangsa sing isih urip bakal padha ngerti yèn Aku, Pangéran kwasa mbangun kutha sing rupa reruntuhan lan nanduri menèh palemahan sing mauné bera. Aku, Pangéran, janji, yèn bakal nindakaké kuwi kabèh, lan ya mesthi kelakon mengkono."

37Pangandikané Pangéran marang aku, "Yéhezkièl, Aku ngersakaké supaya wong Israèl sepisan menèh nyuwun tulung marang Aku, mula Aku bakal nambahi cacahé, nganti dadi kaya pepanthané wedhus gèmbèl.

38Kutha-kutha sing mauné rupa jugrugan bakal bali kebak wong menèh, kaya dhèk biyèn kutha kuwi kebak wedhus gèmbèl sing dienggo kurban ing dina riaya. Ing kono bakal padha ngerti yèn Aku iki Pangéran."



 <<  Yehezkiel 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel