Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 42 >> 

1Aku banjur digawa wong lanang mau menyang plataran njaba, sisih loré Pedalemané Allah, menyang sawijining gedhong ora adoh saka Pedalemané Allah sing sisih Kulon.

2Gedhong mau dawané sèket mèter lan ambané selawé mèter.

3Ing sisihé gedhong mau ana plataran dawané sepuluh mèter lan ing sisih sijiné ngadhepaké plataran Pedalemané Allah sing njaba. Gedhong mau sungsun telu. Sing ndhuwur mundur sethithik ketimbang ngisoré.

4Gedhong mau ing sisih Lor ana lurung sing ambané limang mèter lan dawané sèket mèter, déné lawang-lawangé mlebu ana ing sisih Lor.

5Kamar-kamar sing ana ing ndhuwur luwih ciyut ketimbang karo sing ana ing tengah karo sing ana ing ngisoré, merga digawé rada mundur.

6Kamar-kamar sungsun telu mau presasat ana ing èmpèran lan ora kasangga déning cagak-cagak kaya gedhong-gedhong liyané ana ing plataran.

7(42:7-8) Témboké njaba kamar-kamar sing ana ing ngisor mau selawé mèter wutuh, nanging selawé mèter saterusé ana kamar-kamaré. Sungsun sing ndhuwur dhéwé kabèh ana kamar-kamaré, sadawané témbok gedhong.

8(42:7)

9(42:9-10) Sangisoré kamar-kamar ing tingkat loro sing ana ing ndhuwur mau, wiwit saka pojoké gedhong sisih Wétan, ana dalan kanggo mlebu-metu menyang plataran njaba. Ing sisih kidulé Pedalemané Allah iya ana gedhong sing padha kaya kuwi, ora adoh saka sisih kuloné Pedaleman.

10(42:9)

11Ing ngarepé kamar-kamar kono iya ana lurung padha kaya lurung sing ana ing gedhong sisih Lor. Ukurané kabèh padha, mengkono uga ngèngrèngan lan dalané kanggo mlebu-metu.

12Gedhong mau ing sisih Kidul, ing ngisoré lapisan kamar-kamar ana lawangé, kaprenah ing pojok Wétan watesé témbok.

13Wong mau kandha karo aku mengkéné, "Gedhong loro iki loro-loroné suci. Kuwi panggonané para imam sing tugas samasa padha mangan kurban sing suci dhéwé. Sarèhné kamar-kamar kuwi suci, mulané para imam padha nyèlèhaké kurban suci mau ana ing kono, kayata: kurban dhaharan, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha.

14Yèn imam-imam mau wis ngladosi ing Pedalemané Allah, mangka arep metu menyang plataran njaba, kudu nyopot sandhangan suci sing dienggo nalika ngladèni ana ing Pedalemané Allah, lan ninggal sandhangan mau ana ing kamar-kamar kono. Para imam mau kudu nguculi sandhangané sing suci sadurungé metu menyang plataran, panggonané umat padha nglumpuk."

15Bareng wis rampung enggoné ngukur gedhong-gedhong lan platarané Pedalemané Allah, wong lanang mau banjur ngajak aku metu liwat gapura Wétan, sarta ngukur palemahan wewengkoné Pedalemané Allah.

16Enggoné ngukur nganggo teken ukuran mau. Sing diukur dhisik sisih Wétan. Ketemu dawané 250 mèter.

17(42:17-19) Banjur ngukur sing sisih Lor, nuli sisih Kidul, lan sisih Kulon. Kabèh dawané padha yaiku 250 mèter.

18(42:17)

19(42:17)

20Mulané témbok, pager bumi sing ngubengi palemahan wewengkoné Pedalemané Allah kuwi, saben sisih dawané 250 mèter. Témbok mau kanggo misahaké papan sing suci karo sing ora suci.



 <<  Yehezkiel 42 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel