Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 44 >> 

1Aku banjur digawa wong lanang mau menyang gapura njaba, sing papané ana ing pekarangané Pedalemané Allah sisih Wétan. Gapura mau mineb.

2Pangéran ngandika mengkéné marang aku, "Gapura kuwi bakal mineb terus lan ora bakal diengakaké ing selawasé. Wong ora kena liwat kéné, merga Aku, Pangéran Allahé Israèl wis mlebet miyos kéné. Mulané gapura iki kudu mineb terus.

3Mung raja sing isih jumeneng, kena liwat metu kéné prelu mangan panganan suci ana ing ngarsa-Ku. Kuwi sing kena mlebu lan metu gapura kéné, liwat kamar gedhé sing njero."

4Aku banjur digawa wong lanang mau menyang ngarepé Pedalemané Allah metu gapura Lor. Aku ndeleng Pedalemané Allah kapenuhan cahya sing mblerengi, sing nélakaké yèn Pangéran ana ing kono. Aku banjur mengkureb ing lemah,

5banjur krungu Pangéran ngandika mengkéné marang aku, "Yéhezkièl, waspadakna apa sing kokdeleng lan kokrungu. Kowé arep Dakngandikani bab prenatan lan tatanan sing kudu ditindakaké ana ing Pedalemané Allah. Titènana wong sing kena mlebu-metu ing Pedalemané Allah kuwi wong sing kepriyé, lan wong sing ora kena sing kepriyé.

6Wong-wong Israèl sing padha mbrontak ora bakal Dakumbar nindakaké penggawéné sing nistha, merga Aku iki Pangéran Kang Mahakwasa.

7Wong-wong mau wis padha najisaké Pedaleman-Ku, merga wis padha nglebokaké wong manca sing ora tetak, yakuwi wong sing padha ora mbangun-turut karo Aku. Wong-wong mau padha dililani mlebu ing wayahé kurban dhaharan, gajih lan getih kaunjukaké marang Aku. Mengkono mau enggoné umat-Ku padha mbubrah prejanjian-Ku, srana penggawé nistha, sing wis padha ditindakaké.

8Umat-Ku ora njaga kasucèné tata-cara ing Pedaleman-Ku, malah padha ngangkat wong kapir nindakaké kewajiban ana ing Pasucèn-Ku, sing mesthiné kudu ditindakaké umat-Ku dhéwé.

9Aku, Pangéran Kang Mahakwasa dhawuh, yèn wong manca sing ora tetak, lan wong sing mbaléla marang Aku, ora kena mlebu ing Pedaleman-Ku, senajan wong manca sing manggon ana ing satengahé bangsa Israèl."

10Pangéran ngandika marang aku mengkéné, "Wong Lèwi sing bebarengan karo wong Israèl liyané padha nyingkur Aku lan nyembah brahala bakal Dakukum.

11Wong-wong mau kena ngladosi Aku ana ing Pedalemané Allah, kayata jaga gapura, lan nglakoni pegawéan ana ing Pasucèn. Kena nyembelèh kéwan sing dikurbanaké déning umat minangka kurban obaran lan kurban sembelèhan, sarta kudu siaga ngladèni umat.

12Nanging sarèhné wis tau padha leladi nalika umat Israèl padha nyembah brahala, lan srana mengkono padha dadi jalarané akèh wong Israèl padha nyembah brahala, mulané Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sumpah yèn wong-wong mau kudu diukum.

13Wong-wong kuwi ora kena dadi imam sing ngladosi Aku, lan ora kena cedhak-cedhak karo barang-barang sing suci, lan uga ora kena mlebu ing Sasana Mahasuci. Kuwi minangka paukumané, merga saka kanisthan-kanisthan sing biyèn wis tau dilakoni.

14Mulané wong-wong kuwi bakal Daktetepaké nglakoni pegawèan-pegawèan kasar sing prelu ana ing Pasucèn kono."

15Pangéran Kang Mahakwasa ngandika mengkéné, "Para imam saka taler Lèwi turuné Zadhok, kuwi kanthi setya leladi marang Aku ana ing Pedalemané Allah, nalika umat Israèl liya-liyané padha nyingkur Aku. Mulané imam-imam kuwi saiki kena ngladosi Aku lan kena sowan marek ing ngarsa-Ku nyaosaké gajih lan getihé kurban.

16Mung wong-wong kuwi dhéwé sing kena mlebu ing Pedalemané Allah, ngladosi ing mesbèh lan nuntun pangibadah ing Pasucèn-Ku.

17Yèn para imam mau padha mlebu ing plataran njero metu gapura, kudu padha nganggo sandhangan léna. Yèn pinuju padha nindakaké pegawéan ana ing plataran njero, ing Pedalemané Allah, ora kena nganggo sandhangan sing kagawé saka wulu wedhus.

18Kudu nganggo serban léna lan clana léna sarta ora nganggo sabuk, supaya padha ora kringeten.

19Sadurungé metu ing plataran njaba, panggonané umat kumpul, para imam mau kudu padha nyopot sandhangan sing dienggo nalika leladi ana ing Pasucèn, sarta ninggal sandhangan mau ana ing kamar-kamar suci. Enggoné kudu padha ganti sandhangan mau supaya aja gawé cilakané umat.

20Imam ora kena nyukur rambuté, nanging iya ora kena ngingu rambuté nganti gondrong. Dawané kudu mung sapantesé.

21Para imam yèn arep mlebu ing plataran njero, sadurungé ora kena ngombé anggur apa waé.

22Imam ora kena kawin karo randhané wong liya. Mung kena kawin karo wong wadon Israèl, prawan utawa randhané imam liya.

23Para imam kudu mulang umat-Ku, bédané suci karo ora suci, bédané sing najis karo sing ora najis.

24Yèn ana wong padu, para imam kudu gawé keputusan sing cocog karo dhawuh-Ku. Para imam kudu padha netepi dina-dina riaya sing Dakdhawuhaké miturut prenatan lan tatanan sing wis Daktetepaké. Semono uga kudu padha nucèkaké dina Sabbat.

25Para imam ora kena najisaké badané merga nggepok jisim, kejaba yèn sing mati mau wong tuwané dhéwé utawa anaké dhéwé, seduluré dhéwé, utawa seduluré wadon sing durung omah-omah.

26Tekan mangsané, imam mau kudu ngentèni pitung dina.

27Sawisé mengkono banjur mlebu ing plataran njero Pedalemané Allah nyaosaké kurban pasucèn, supaya kena leladi menèh ing Pedalemané Allah. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa.

28Para imam kaparingan kalenggahané minangka pusaka, kaya déné pusaka sing kaparingaké marang umat Israèl, sing kudu diwarisaké turun-temurun. Imam ora kena duwé panduman lemah ana ing satengahé Israèl. Aku iki sing dadi pandumané.

29Sakèhé sesaosan, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha kuwi dadi pangané para imam, sarta wenang nampa saka wong Israèl samubarang sing kapilih kanggo Aku.

30Asilé panèn sing becik dhéwé kuwi dadi haké para imam, mengkono uga samubarang kabèh sing kasaosaké marang Aku. Saben-saben wong gawé roti, sing mateng dhisik dhéwé kudu disedhiyakaké kanggo imam minangka caosan (kurban), supaya brayaté wong mau Dakberkahi.

31Para imam ora kena mangan bangsané manuk utawa kéwan liyané sing mati merga wis tuwa utawa matiné merga dipatèni déning kéwan liya."



 <<  Yehezkiel 44 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Single Panel Single Panel